KEKANCAN SELAWASE

Jeneng: Allya Salsabila Putri Mulyani
Tataran Kaping: XII IPA 4
Urut Kaping: 02
Pawiyatan: SMAN 1 DURENAN


Pitik jago padha kluruk nandakne dina wes esuk. Kaya biasane ing dina sekolah wayah esuk padha nyepakake eragam,tas,sepatu,lan sapitunggalane. Sakdurunge budhal sekolah pamit marang bapak lan ibu
“pak bu kula bade bidhal sekolah”
Ibu nyauri “ iya sekolah ing sregep ben kasil anggonmu golek ilmu”
Banjur aku numpak sepeda budal ning sekolahan.
Sekolah yaiku masa sing endah kanggo bocah sing jenenge Bunga Larasati biasa di celuk Laras. Laras lair ing kabupaten Trenggalek yaiku daerah paling kidul ing provinsi Jawa Timur. Ing sekolahan Laras terkenal bicah aktif ing bidang akademik lan organisasi.
Laras saben dina budal esuk, kelas-kelas uga isih sepi. Dilirik jam tangan cilik ireng ing tangan tengenku, hmmm…. kadingaren sepeda ing parkiran kok wis pada rame. Tak selehne tasku ing nduwur meja banjur metu kelas menyang taman sekolah. Devi,Mona,Fani jebul wes pada lungguh ing kursi taman. Ngerti aku teka Mona langsung nyeluk aku
“Laras kadingaren awakmu kok sik tas teka iki mau, biasane awakmu teka disik”
“Oiya na iki mau aku budal radi awan amerga tangiku radi awan hehehe” Laras njelasne marang Mona lan kancane
Jam wis nunjukne angka 07.00 esuk bel sekolah wis muni wayahe pelajaran dimulai. Mengkono bocah kelas 9 mulai disibukne garap soal-soal dinggo persiapan Ujian Nasional.
Wayah sore ing omahku padha kumpul, bapak lan ibuku wes ora nduwe tanggungan aku njajal ngomongne kepinginanku lanjut sekolah SMA
“Bu kula kok pengen lanjut sekolah asrama tapi panggenipun dateng Malang”
Ibuku iseh meneng banjur nyauri “Sekolah apa kui nduk? Nyapo awakmu golek sing adoh?
“Ngeten lo bu kula pun ngunduri dewasa kula pingin pendidikan sing luwih disiplin lan iso didik karakter bocah luwih apik”
Ibuku isih meneng “ ngene lo nduk sampeyan kuwi anak wedok sekolah adoh ibuk kok ora tego”
Bapakku ngerteni aku lek pengen sekolah kuwi “wista bu ora apa apa bocah pengen mandiri di dukung wae mumpung awakdewe iso nyukupi”
Ibuku mulai tata atine amerga tuturane bapakku banjur takon “Gik kapan iku mulai pendaftarane nduk? lan apa wae persyaratane kudu disiapne mulai saiki, sinaune kudu sregep amerga sainganmu akeh”
Ning atiku marem banget “ Minggu ngajeng bu , inngih bu pangestunipun kula marem banget kepinginan kula jenengan paringi restu”. Banjue aku mbukak website SMA Dirgantara dinggo nyatet apa persyaratan sing dibutuhne.
Dina senin persyaratan sing dibutuhnen wis siap, esuk-esuk aku moro ing omae Devi .” Assalamualaikum “
Ibune Devi buka lawang “Oh nduk Laras, enek opo ras? Devi iih adus”
Aku karo menehne surat “ niki bu kula nitip surat kalih Devi badhe mboten mlebet sekolah niki wau”
Ibune Devi takon “oalah iya nduk enek apa kadingaren ora mebu?”
“kula bahe sekolah dateng SMA panggenipun dateng Malang”
Ibune laras kaget “yoalah kok adoh men ras”
Aku karo mesem “inggi bu kalih pados pengalaman”
“iya nduk muga-muga kasil nggonmu golek ilmu”
Aku banjur pamitan “enggeh bu, sembahnuwun kula badhe pamit rumiyin”
“iya nduk ngati-ngati”
Aku mulih bapakm lan ibuku wes siap ning mobil, bapakku ngongkon aku supaya cepet njumuk persyaratan ing jero omah amerga wes awan. Kabeh persyaratanku wes tak gowo banjur melbu ning mobil. Ing perjalanan aku,ibu,lan bapakku jagongan ngenani masa depanku mbesok. Bapakku takon “ Ras saumpama awakmu ketampa ing sekolah kui awakmu lulus arep nerusne ning ngendi?”
“kula pingin dhateng polwan pak”
Ibuku banjur melu takon “nduk apa ra pengen nerusne ning sekolah kesehatan wae?”
“nggih pingin bu tapi kula pingin daftar polwan rumiyin”
Ibuku manggut-manggut “iya ngunu rapopo nduk saya gede saya pinterngatur wektu supaya masa depanmu kuwi ketata, ngene iki bapak lan ibumu saya tuwek isane do’ane sing paling apik kanggo awakmu”
Rasane atiku kaya di iris, nelangsa amerga aku isih nyusahne bapak lan ibuku.
Ora let suwi mobil sing tak tumpangi wes teka plataran parkir SMA Dirgantara. Aku,bapak,lan ibuku mudun aka mobil banjur mlebu ing sekolahan kasebut. Disambut pak satpam sing jaga ing pos, pak satpam mesem karo nakoni
“Sugeng enjing pak bu wonten ingkang saget kula bantu?”
Bapaku nyauri “Nggih pak niki kula bade ndaftarna anakku dateng sekolah mriki, pundi nggih tempat pendaftaranipun?”
Pak satpam karo ngarahne panggon sing dituju “Mriki nggih pak lurus mawon kan wonten koperasi siswa mangke belok ngiri wonten kantor pelayanan lan administrasi, njenengan tangklet dateng petugas mrika”
Ibuku paham “Nggih oak matursuwun kula rumiyin nggih pak, monggo”
“Inggih pak bu sami sami”
Aku bapak lan ibuku mlaku sing wis diarahne pak satpam kui mau ning kono wis ana 2 bocah sing antri, aku ditakoni petugas “Dek apa arep daftar?”
“Inggih pak, napa leres dateng mriki?”
“Iya dek ning kene tempate karo nunggu siapno berkas ning persyaratan ning kene karo lungguh yo ora apa apa” bapak petugas ngomongi aku.
“Inggih pak sembahnuwun pengarahanipun”
Sakwise diarahne bapak petugas mau aku oleh antrian nomer 3. Aku ngecekki berkas karo ngenteni giliranku dipangggil. Pas maari lekku ngecekkki berkas ora kacek suwi enek sing nyeluk jenengku,” Bunga Larasati”. Aku noleh ibuku ngomongi aku nduk kae jenengmu dipanggil.”Inggih bu”. Aku nyerahne berkas berkas banjur dicek karo petugase “Iki berkase uwis lengkap dik, iki nomor pesertane gawe tes akademik”. Tak jupuk nomore kui “ inggih sembahnuwun”.
Aku mbalikm saka ruang pendaftaran karo marani bapak lan ibuku ngajak mulih. Aku diceluk bapakku “Uwis po urung nduk”
“Sampun pak,niki gih sampun angsal nomor peserta”
“Oh gik iki wi kabeh kan, nek uwis gek langung mulih ae ya”
“Inggih pak”
Kawet esuk tekan sore waktu tak gawe pendaftaran kui awakku wis kesel aku mlebu ing njero mobil. Mobil mulai mlaku aku banjur turu , ing perjalanan sampe teko omah aku turu, mara mara mobil sing tak tumpangi mandek aku digugah ibuku “ Nduk wis teka omah i ayo tangi gik mudun”
Aku mulai kedip kedip”Loh buk sampun dugi ta?”
“Uwis nduk yo ik mudun”. Aku mudun karo gowo tasku langsung mlebu kamar, aku nyelehne tas bare njupuk handuk banjur adus. Amerga awakku kesel aku adus cekat cekert uga aku ya wis di celuki ibuku di kongkon maem. Saking kesel ku aku omong neng ibuku yen aku kesel pilih langsung turu wae.
Pitik jago pada kluruk,aku nglilir ndilok jam ning meja, loh jebul kok wes jam 4 esuk. Aku tangi banjur ning njeding nguripi kran kanggo wudhu. Sakwise wudhu aku solat subuh karo ndonga supya aku kelebu ing SMA Dirgantara.
Aku mbalik ning kamar nyepakne buku,seragam,lan sepatu. Bare aku nglirik jam kok wes setngah enem bare aku adus. Kabeh perlengkapan sekolah wi tak cepakne, aku nemui bapak lan ibuku salaim arep budal sekolah banjur nuntun sepedaku saka garasi.
Teko sekolahan aku di sambut Devi,Mona,lan Fani. Fani yaiku bocah paling pengen weruh nyang apa aku deingi ora mlebu “Ras awakmu deingi nyandi kok ora mlebu?”
“Oalah aku deingi daftar ning SMA Dirgantara Fan”
“La tak kiro nyandi kadingaren awakmu ora mlebu”. Ora uwi ngono jam 07.00 esuk bel sekolah wes muni, bocah bocah pada mlebu ning kelas. Ora suwe neh anggonku ngadepi Ujian Nasional yaiku 2 minggu engkas, kesibukane bocah mulai longgar amerga soal soal lan latihan liyane uwis padha tuntas.
Dina iki yaiku minggu dina sing paling tak tunggu tak gawe tes akademik SMA Dirgantara. Bapakku wes manasi mobil, ibuku melu aku ngewangi nglebokne barang barang sing tak gawa selama tes. Aku ngecek barang sing tak gawa wis lengkap banjur ngajak ibu mlebu mobil. “Ayo bu dateng mobil sampun sedaya niki”
Ibuku isih ning njero omah “Yakin wes kabeh lha kae charger hp mu isih mancep”
Aku kaget “Loh inngih bu,hehe kula supe pun sepaneng mawon”
“Lhaiya jan wes semangat tenan ya tapi sing titi, ayo lek wes kabeh gik ndang budal”
Aku numpak mobil, ning perjalanan aku nyambi buka buku gawe sinau materi sing arep di tesne. Aku radi deg degan amaerga ragu karo awakku yaiku aku rung iso materine matematika , ibuku muni “Wes ta nduk akehana lekmu do’a yen awakmu yakin wis siap tes”
“Inggih bu tapi kula taksih deg degan”
Ibuku nenangne aku amerga ngunu kuwi wajar amerga urung kulina. Sakwise iku bapak ngomong “Buk,Ras diluk kas teko lho gik siap siap”. Aku lan ibu goleki tas karo ngenteni teka aku nyawangi pemandangan ning kiwo tengen dalan. Mobil sing tak tumpangi wes teka parkiran SMA Dirgantara. Aku, bapak, lan ibuku mudun saka mobil ning kono wis rame bocah bocah lan wali sing melu ngetutne. Sampe lapangan ana pengarahan saka panitia seleksi kabeh bocah disiapne banjur baris di nggo apel. Apel sing isine pengarahan ning tes, lan sambutan saka kepala sekolah SMA Dirgantara. Sakwise apel diwenehi wektu 30 menit, wektu kui tak nggo nyiapne alat tulis lan maca ringkasan soal soal.
Bel tanda masuk ruangan wis muni kabeh peserta mlebu ning kelase dewe dewe,banjur pengawas tes yo melu mlebu. Sedurunge soal dibagekne pengawa ujian ngongkon salah siji bocah mimpin do’a. “Kanca kanca do’a dipun wiwiti do’a miturut kepercayaane dewe dewe”. Bocah bocah nunduk karo do’a.”Do’a dipun pungkasi”. Sakwise do’a pengawas macakne peraturan ning tes e kui banjur ngedumne soal, di nggo ngerjakne soal peserta diwenehi wektu 120 menit.
Pertama aku buka soal, soale kui penak. Aku ngerjakne disik soal sing penak yaiku bahasa inggris lan bahasa indonesia. Sak liyane kui tak garap keri, waktun iseh 15 menit pengawa wenehi saran di kongkon neliti meneh garapane dewe dewe. Waktu wes entek soal lan jawaban dikumpulne ning ngarep. Sakwise tes, bocah lan wong tuane dikongkon kumpul ing aula dinggo sosialisasi ngenani profil lan kegiatan selama ning SMA Dirgantara.
Ning kana bapak lan ibuku mulai ngerti seluk beluk sekolah kui lan malih dukung aku sekolah ning kono. Waktu sosialisasi 2 jam suwene, ing akhir sosialisasi diwenehi pengumuman yen lolos banjur tes kesehatan lan tes wawancara. Sosialisasi wis mari bapak lan ibuku ngajak mulih “Nduk iki acarane jare uwis mari,ayo mulih”
“Inggih pak”
Aku munggah ning mobil disik banjur disusul bapak lan ibuku. Mobil sing tak tumpangi banjur ninggalne parkiran SMA Dirgantara. Ing perjalanan bapakku takon”Ras pengumumane tes akademik kapan?”
“3 dinten malih pak criose bapak kepala sekolah wau”
“Oalah iya muga muga asile sing paling apimya nduk”
“Inggih pak pandonganipun”
Mari aku disibukne tes ing SMA Dirgantara, kegiatanku balik meneh fokus karo pelajaran sekolah. Aku sing arep ngadepi Ujian Nasional kudu tenanan anggonku sinau supaya ora ngecewakne bapak lan ibu. Sabendina aku lan kancaku Devi,Mona,Fani bebarengan les, kelompokan, lan garap tugas bareng bareng. Aku seneng masa SMPku amerga kancaku pada rukun,nyenengake,ndukung kekarepane bocah, liyane ngunu ora tau padu lan satru.
Tiba wayah pengumuman tes akademik, aku buka website SMA Dirgantara. Aku goleki jenengku saka nduwur tekan ngisor, akhire ora ana berarti aku ora lolos. Perasaanku ajur se ajur ajure harapan siji siji ne aku iso sekolah ning kono ora ketekan, ibuku sakjane uwis ngerti amerga ibuku wi buka disik pengumuman kuwi. Ibuku ora tega yen aku lara mergo kuwi. Ibuku nakoni”Nduk aja kuciwa yaa, oleh kuciwa nanging kabeh kui mesti ana pelajaran sing isa dijumuk, aja sampe awakmu stress mikir lan purus harapan sekolah apik liyane isih akeh”
Aku ngempet rasa laraku”Inggih bu, kula dateng kamar rumiyin”.
Aku ning kamar nangis lawangku tak tutup amrih bapak lan ibuku ora ngerti. Aku nangis kejer tak tutupi bantal saya suwi aku keturon, tangi tangi awakku kok mumet gik panas. Aku ngerti kui digugah ibuku dikongkon maem sore. Ibuku bingung nyeluk bapak, banjur digawa ning klinik.
Teko klinik aku diperiksa dokter, dokter muni aku mung kesel lan kakean pikiran. Banjur dokter menehi resep obat ning bapaku “Niki pak njenengan paringne dateng farmasi”
“Inggih bu suwun”. Sakwise obat dingehne aku lan bapaku mulih, teko pekarangan omahku kok rame sepeda motor. Aku kenal kuwi sepeda e sapa, yaiku Devi,Mona,lan Fani. Iki mesti ibu sing ngomongi yen aku lara, teko njero omah bocah bocah isih pada lungguh. Meruhi aku teka pada mlayu ngrangkul aku kabeh. Aku antarane seneng karo susah, seneng amerga ing wayah susahku kancakuy rasa solidaritas e duwur lan dukungan saka kuwi aku io luwih kuat meneh.
Devi: “Ras sing semangat yaa aja dipikir nemen nemen awakmu kuwi bocah pinter, ngene iki dadekno pengalaman wae kanggo sesok mene”
Mona:”Iya Ras aku kaget kok sampe awakmu lara jerene ibukmu awakmu panas banget”
Aku ngrangkul kanca kancaku “Suwun yo cah wes tak repoti sepurane awakmu kabeh malih tak susahi ngene iki”
Fani:”Sopo lo sing susah adewe bakal ngancani awakmu aku lan bocah bocah ora pingin pisah karo awakmu”.
Ibuku teka karo gawa teh lan camilan diseleh ning meja “Ras umpama sampeyan sekolah ning SMAN 1 karo Devi,Mona,lan Fani gelem?”. Aku wis manut saiki amerga pikiranku isih urung isa tak gawe mikir liyane
“Inggih bu pun kula sakniki manut panjenengan mawon”
Devi,Mona,lan Fani pada sawang sawangan. Devi ngomongi Laras
“Ras ayo esok tak terne daftar karo dene sok mben pendaftaran terakhir mene seminggu ngkas pengumuman lolos e”’
Ibuku mesem”Iya nduk Laras terno ibu mung pesen ati ati ning dalan wayah usum golek sekolah ratane rame”
“Inggih bu kula mangke ingkang mbonceng”. Devi nyauri
Sesuke Laras diparani bocah bocah, Laras wis kari budal karo gawa rapot lan sertifikat kejuaraane. Laras uga optimis lan yuakin bakal ketompo ning SMAN 1. Laras di bonceng karo Devi. Sampe teko kono sing ngurusi pendaftarane kui di urus kanva kancaku, kepindo aku marem banget dheweke tas kesusahan tapi kancane pada tresna kabeh marang Lara. Bubar saka SMAN 1 Laras lan kancane mampir ning taman kota . Niate kepingin nglipur larane Laras, Lara malah brebes
“Ras nyapo awakmu nangis ki?he ana apa?”
Aku isih nangis ngasek ngasek “Matursuwun banget cah ora ana awakmu kabeh aku isa apa, umpamane aku sekolah adoh aku ujrung karuan oleh kanca kaya awakmu kabeh, sepurane yo cah lek aku iki nyusahi”
Devi nenangne Laras”Omong apa ta awakmu ki Ras jenenge kanca iku ndukung lan mbantu apa sing isa pesti awake kabeh ngusahakne, genah awakmu sing marai aku lan bocah bocah bahasa inggris sampe iso”
Mona melu nuturi”Iya lho Ras ya iki sing isone adewe ana kanca susah yo di wenehi semangat ben awakmu ndak terus terusan mikir”
Telung dina sakwie iku, dina sing paling dienteni bocah bocah yaiku dina pengumuman. Aku, Mona, Fani, lan Devi teko ning SMAN 1 terus ndelok ning papan pengumuman. Aku lan bocah bocah jebule kelebu lan aku ora sengojo tetep sekelas karo Mona, Devi, lan Fani. Kekancan saka SMP dadi kancaku SMA meneh aku seneng banget merga pelajaran sing isa tak jupuk saka gagalku dekwingi aku bisa panggah bebarengan karo kanca kancaku sing durung mesti ana ning njobo kono.

SRIKANDI AL – KA

Jeneng : Sabita Minhatus Saniah
Tataran : XII IPA 4
Urut Kaping : 25
Pawiyatan : SMA Negeri 1 Durenan

SRIKANDI AL – KA


Dening : Sabita Minhatus Saniah
Anastasya Putri Farabila iku jeneng sing diwenehi wong tuane nalika lahir ing rumah sakit. Biasane diceluk Tasya. Tasya iku anak ragil in keluargane. Watake sing ramah lan penyayang mulane dheweke iso nduweni akeh kanca. Dheweke uga sregep lan tanggung jawab.
Nalika pas metu SD, karo ibune dheweke ditakoni, “Nduk, sampeyan arep nerusne nandi?” ngendikone ibune. Banjur Tasya mangsuli, “Buk, kula nerusne teng SMP negeri mawon,” Ibune dhawuh meneh,”lo ojo, mondok ae yo nduk ben pinter iso mandiri” Tasya mangsuli meneh “Buk, kula mboten purun mondok,mboten penak, kesel, adoh,” , “Westo nduk, manut Ibu wae. Tak wenehi wektu seminggu dipikir sik. Pokok dimantepno bare tak terne ning pondok pesantren.” Dhawuh ibune. Bar iku ibune ngalih. Tasya mikir dheweke ogah yen kudu mlebu pesantren.
Wis seminggu sakwise gunemane Tasya lan Ibu, dheweke akhire manut masio abot arep ninggalne omah lan kanca-kancane. Selasa sore jam 4, Tasya lan Bapak Ibune budl ing pondok pesantren kang ana ing daerah Durenan Trenggalek.
Sakwise teka in pondok, Tasya dikenalake karo Abah yai lan Ibuk nyai. Tasya sungkeman lan diterne ing kamare. Kanca anyare langsung ngrubung. Kebiasan ing pesantren iku lek ana murid anyar mesti dirumpul, disalami lan diajak kenalan. Tasya nangis nalika mlebu ing kamar banjur ditinggal bapak lan ibune mulih ing omah.
“Buk, kula pingin wangsul. Mboten remen kula teng mriki,” sambat Tasya marang ibune.
“Loh, wes teko kene ndak pareng ngono. Wes sing sabar, lek mondok sig tenanan. Lek wis 2 minggu ibuk mriki ngendangi sampean. Saiki ibuk karo bapak mulih ya, Nduk. Sampean sing ati-ati.” Ibuke dhawuh karo mbrebes. Banjur bapak e nimpali, “Wes, ndak usah nangis. Wes gedhe kok gembeng. Ndang mlebu, kenalan karo kancane kono.” Tasya mangsuli karo nangis, “Nggih, pun. Estu nggih, kalih minggu mriki malih” . “Iyo . . .” Bapak Ibune njawab bareng.
Dina menyang dina wis diliwati Tasya kanthi ikhlas. Bapak lan Ibune nyambangi Tasya. Crito-crito mangun-mangan iku sing dilakoni Tasya naliko disambang Bapak lan Ibune.
Nyelot suwi ing pondok, tasya diangkat dadi pengurus kompleks bagian keamanan lan tata tertib. Saben dino dheweke sregep melu kegiyatan, ngopraki bocah-bocah komplek e.
Biasne Tasya mesti muni ngene, “He yo kegiatan-kegiatan. Wis wayahe nyapo iki? Ayo gek ndang budhal, ojo mulek.”
Bocah bocah enek sing wedi, enek sing malah njarak Tasya. Tasya yo malah nesu lan mbengok-mbengok. Sawangan pedes Tasya iku sing diwedeni bocah-bocah. Sifat tanggung jawabe iku yo sing dadi kesenengane ketua. Ngono iku wis dadi kebiasaane Tasya.
Pas dina Rebo, Tasya ditimbali ketua pengurus pusat. Ternyata enek kabar lek dheweke kon nderek rapat.
“Tasya, ayo saiki neng kantor rapat pengurus.” Ajakane Laili.
“Sek to, sek. Sakjane enek opo kok moro-moro ana rapat pengurus gik bengi, biasane kan awan.” Saurane Tasya.
“Heh, Sya. Iki ki enek kasus lo. Peh, awakmu i kudet oo.” Saurane Tasya.
“Wes, ayo lakno. Selak kepo aku.” Omonge Tasya.
Sakwise teko kono, bocah loro iku lungguh. Banjur mbak ketua omong,
“Tasya, Laili, neng komplek sekolah enek sing nggowo hp. Iku perlu dienekne razia. Awakmu cah loro selaku kamtib kudu teges nglakoni tugasmu dadi kamtib. Bengi iki kabeh kudu nglumpuk. Ojo enek sing neng jero kamar. Razia iku kudu mbok laksanakne. Baginen sing ngubengi per kamar kui. Jak en kanca-kanca kamtibmu, tak rewangi ngondisikne bocah-bocah.”
Laili nyaut,”Loh, sinten to mbak? Enten sing mbeto HP to? Kulo kok mboten sumerep?”
“Kapan lo mbak konangane? Nopo sampun enten ingkang dicurigai?” takone Tasya menyang mbak ketua pengurus pusat.
“Ana sing laporan karo aku. Dadine awake kudu langsung bertindak, sakdurunge ndalem abah lan ibuk sumerep.” Jawabe ketua.
“Nggih, mbak.” Jawabe Tasya lan Laili bebarengan.
Bengi bar kegiatan ngaji jam 9:00, bocah-bocah diklumpkne ning aula. Tasya lan kanca-kanca kamtib e langsung mubeng ing kamar. Akhire, ditemokne HP Samsung ing cantolan klambi ning kamar Zaenab. Pas ditakoni, ternyata HP iku Rina sing nduwe.
Sekitar jam 11:00, Rina diceluk menyang kamar karo Tasya lan ketua pengurus pusat kanggo ditakoni apa alasane nggowo HP, padahal ora oleh nggowo HP ing pondok.
“Rina, nyapo sampeyan kok mbeto HP teng pondok? Sampeyan nopo lali lek teng pondok peraturane mboten pareng mbeto HP?” Takok Tasya menyang Rina.
“Namung pingin dolanan HP, mboten badhe napa-apa.”saurane Rina wedi.
Akhire mbak ketua ngekeki keputusan, “Amarga sampeyan wis nglanggar tata tertib, HP ne disita lan dibalekne pas liburan taun ngarep.”
Rina langsung nangis lan akhire dheweke langsung jawab,”Nggih, mbak.” Dheweke diutus mbalik ing kamar lan langsung turu.
Pas acara akhir tahun, Tasya melu acara penutupan kegiyatan. Ning kono ana acara “Pelaporan Pertanggungjawaban Pengurus”. Dheweke ditimbali mik karo mbak ketua, dheweke kaget.
“Loh, nyapo kok aku ditimbali. Ana abah lan ibuk o Li, aku isin.” Crito Tasya marang Laili.
“Wes, gek ndang munggah panggung lo Sya. Cepet.” Saurane Laili.
Akhire Tasya munggah panggung. Ning nduwur Tasya disambut karo abah lan ibuk. Dheweke kaget ana apa iku sakjane. Ibuk dhawuh, ”Nduk Tasya, ibuk seneng setahun saman dadi pengurus iso mlaku apik. Tanggung jawabe sampeyan abot, tapi sampeyan iso nglakoni tugasmu kanthi apik. Kawit awal tahun nganti akhir tahun, alhamdulillah lancar. Kasus demi kasus rampung kabeh. Matur suwun nduk, wis ngewangi ibuk, abah, lan mbak-bak gedhe liane. Muga-muga tahun ngarep lek sampeyan diparingi tanggung jawab malih, sampeyan iso amanah koyo tahun iki.”
Tasya mbrebes, dheweke marem akhire kepengurusane dheweke mlaku kanthi apik lan nyenengne abah lan ibuk nyaine.
“Nggih, sami-sami buk. Tasya namung berusaha ngelampahi sedanten kanthi sae. Insyaallah, pangestunipun abah lan ibuk.”saurane Tasya.
Sakwuse iku, Tasya poto karo abah lan ibuk amarga dheweke kelebu kategori pengurus terbaik. Keplok-keplok rame ing kiwo tengene Tasya. Diiringi karo macem-macem kreasi santri.
Tasya seneng akhire tugase kabeh mlaku kanthi apik lan dheweke panggah nduweni kanca akeh.
TAMAT

SARANGAN – JOGJA

JENENG : Annisa Nadya Agustina
URUT KAPING : 04
TATARAN : XII IPA 4
PAWIYATAN : SMAN 1 DURENAN
JUDUL : SARANGAN –JOGJA

SARANGAN-JOGJA
Wayah wengi kae Rini lan 3 kancane yaiku Tino, Dino lan Didi budal, dheweke arepe nyang Sarangan Magetan. Bocah-bocah kuwi mau budhale numpak sepeda motore dewe-dewe. Nanging pas arepe budal, sepedahe Dino lan Didi iseh enek kerusakan durung sakkabehane normal. Rini gandengan karo Tino.
Kurang luwih 4 jam perjalanan diliwati Rini lan kanca-kancaneteka daerah Magetan. Nanging wayah perjalanan tekan dalan Ponorogo pedahe Dino rantene pedot. Rini lan kanca-kancane kepekso mandek tengah perjalanan. Wayah iku ketepatan pas dalan alas-alas. Sedelo Rini iso leren mangan-mangan jajan nalika Dino,Tino lan Didikuwi ndandani sepedahe Dino. Bocah-bocah ora kawatir yen ana kerusakan ndadak ing dalan amarga wis ana sing nggawa perkakas digawe ndandani motor.
Ora suwe Rini nunggu, kanca-kancane pada rampung ndandani motore Dino. Perjalanan tak lanjutake. Sak suwene perjalanan Rini lan Tino, Dino lan Didi ngentekne cerito kang adem banget amarga ning kono terkenal daerah ade. Kira-kira ngarepne subuh ora krasa cethok tulisan daerah Sarangan, Magetan. Rini lan kancane bungah eram, nanging kuwi ora kaduga Tino njajal mandek takon uwong ning kono yen panggonan kanga rep dituju kuwi iseh adoh banget.
Karo ora sabaro Tino, nanging perjalanan panggah dilalui mlebu metu dalan sing salah Tino tetep seneng, dheweke kepengen cepet weruh panggone sing dituju. Sak suwene perjalanan kurang luwih ngentekne meh sejam Tino marem banget amarga dalan sing arepe dituju cethok, nanging dalane kuwi ora sepenak sing dibayangne. Dalane kuwi nanjak munggah gunung lan menggak-menggok nanging ora keduga pedahe Didi ban e bocor yaiki kerusakan sing ndak iso didandani dewe lan bengkel-bengkel cedak panggonan kono pada tutup nanging Didi ora nyerah sepedahe tetep wae dilakokne sampek tekan masjid mandhek sedhela tekan kono wis krasa rasa ademe Sarangan sing ngalah-ngalahne banyu es kabeh pada ndudohake wajah sumringah amarga dheweke panggonane kurang sedelo teka.
Suwine perjalanan mlaku Alhamdulillah Rini lan kanca-kancane wis teka dalane nyang telaga Sarangan. Kira-kira jam setengah 5 teka. Dalane nanjak, telaga ing ngisori wis ketoro smara samar ketok wapik banget , srengengene arepe muncul ngatoni kaendahan ing tealaga iki. Nanging pas ing dalan nanjak iki sing maune pedahe Tino ora ana kerusakan malah mandek gak iso dilakokne amarga rantene kendo ing perjalanan munggah. Kesempatane Rini iki mengabadikan srengengene sing arep muncul lan foto-foto nganti uwis padang sepedahe Tino durung kenek. Nanging pada ora nyerah lan akhire sepedahe Tino iso mlaku eneh.
Sak wise kuwi Rini lan kanca-kancane nerusne perjalanan lan akhire iso nyawang apike Telaga Sarangan kuwi karo pemandangane kang sae banget disawang kenek sorotan bagaskara sing nggawe Rini panggah moto-moto saben perjalanane.
Nanging pas wis ngleboni ning Tawang Mangu Rini lan kanca-kancane sampek klakep karo ademe kayak es sampek ngrasakne awak iso kaku. Yen diterusne saya adoh, ngomong waenganti metu kebule lan lucune maneh Rini njajal omong-omongan ora diganceng, amarga jarene Tino ora iso omong sampek kakune lan Tino ngejak mbalek dheweke ora kuat ngrasakne ademe.
Akhire pada mbalek, ing Telagane ademe wis ora nemen kaya ning Tawang Mangu mau. Ning pingger Telaga Sarangan Rini lan kanca-kancane golek sarapan. Bungah banget atine dheweke, sarapan ning pinggir telaga karo ngentekne sarapane kuwi pisan nyawang pemandangan kang endah. Bare Rini ngajak tuku anget-angetan lan ngubengi telaga karo golek ombenan wedang Ronde. Nanging ora krasa yen wis jam 9. Cepet-cepet Didi lan Tino golek bengkel sing bukak lan sepedah-pedahe sing rusak kuwi didandani.
Rini lan kanca-kancane akhire golek bengkel disek. Ning bengkel ancen suwi banget, saking suwine Rini ngisi wektune ben ora jenuh yaiku foto-foto. Bare sepedahe wis pada dadi kabeh, Dino eling dawuhe ibukke yen ning Sarangan dikon nggolek panggon penginapan sing jenenge Pak Totok amarga kuwi kancane ibukke Dino. Dheweke yen nginep sedhela ning kono digawe istirahat iso wae ora mbayar. Nanging Tino cepet-cepet pada nggoleki penginepane Pak Totok. Dino ngomong yen Dinomkuwi anakae kancane Pak Totok nanging Pak Totok salah trimo dikira anake kancane iku siDidi. Yaiku diolehi iso istirahat sedhelo ning penginapane. Alhamdulillah pener omongane ibukke Dino yen ora mbayar. Rini pas kuwi iso istirahat, iso turu awan nanging Didi Tino lan Dino muk istirahat sedhelo.
Ora krasa wis sore Rini dheweke iso sorenan ning Sarangan. Akhire pada cepet-cepet beres-beres lan arep nerusne malem minggunan ning Jogja. Dino miwiti pamitan ning Pak Totok bare golek warung lan karo ngeceki sepeda-sepedahe. Rini lan Tino isek ning warung karo ngenteni Dino lan Didi ngecek sepedahe ning bengkel. Rini kethok anyel amarga sui banget ngenteni Dino lan Didi ning bengkel.
Ora suwi Difi lan Dino teka, langsung wae nerusne perjalanan sing arepe ning Jogja pas malem minggu nerusne perjalanan akhire mbalek ning Tawang Mangu sing ademe ora kira0kira nanging pas kuwi ademe ora nemen kaya esuk mau. Akhire Didi ngejak mandhek amarga kepengen foto sing pemandangane apik banget lan pada mandhek foto-foto bare nerusne perjalanan sampek wengi. Ning ora keduga dalane adem banget arepe ning Jogja pas kuwi mik ngendelne google maps karo mik takon-takonan uwong. Sing dipikirake teka Jogja iso ning Malioboro kuwi muk angen-angen amarga teka kono Malioboro wis tutup. Ora kiro wis tekan Jogja kabeh pada nggrundel ora iso ning Malioboro nanging panggah tetep iso nyawang rejane malem Minggu ing Jogja.
Ning perjalanan nggoleki dalan Malioboro lan teka thok sepedahe Tino rusak lan digladak karo nggolek warung pisan nggolek bengkel. Kaya mik mamper liwat tekan Jogja amrga pedahe Tino rusak lan angel didandani mek ngurusi sepedahe pas teka Jogja. Sak wusine wektu nemu bengkel Alhamdulillah pedahe Tino iso didandani lan iso mlaku nanging wektune digawe muleh nyang Trenggalek.
Rini lan kanca-kancane mbalek nyang Trenggalek karo awak pada slamet. Ing cerita iki bisa dheweke dudot yen manungso urip ning nduyo mbutuhake bantuan wong liyo.
TAMAT

TRESNA DADI KANCA

Jeneng : Ellintika Rizki Z.
Tataran kaping : XII IPA 4
Urut kaping : 10
Pawiyatan : SMAN 1 DURENAN

Bengi iki peteng banget. Lintang sing kathon cemlorot saiki ditutupi awan sing dadi tanda udan bakal tumiba. Kahanan kui nggambarake kahanan atine gadis umur 18 tahun. Dewi Sekar kui jenenge. Wong tuane pisah rong tahun kepungkur lan dheweke mutusake kanggo tetep karo Ibune senajan uduk salah siji sing dipilih, nanging loro-lorone. Ibuke minangka wanita karir sing sibuk banget. Dadi dheweke diopeni mbok Inah, abdi dhalem Ibune. Dewi wis dianggep anake dewe marang mbok Inah. Bapake pindah menyang pusat kota. Nalika pilihan mbutuhake kanggo milih, aku pengen rumangsa yen aku njelajah wektu, nglewati rasa tanpa batas, banjur mlaku ninggalake roda wektu kanthi tanpa batas. Aku mung bisa sabar. Muga-muga kabeh enggal, ora terus. Aku pengen nenangake awakku sadhela saka pacobaning urip iki. Aku ngerti menawa ora ana sing peduli karo apa sing tak alami, wong tuaku utawa sapa wae. Pasulayan, lan pungkasane pisah. “Tok... tok... tok...,” swarane lawang kamarku dipetuk. “ Wayae maem ning, awet esuk sampean dereng maem. Mengko lara lho”, swarane mbok Inah saka ngarep lawang. Aku mbukak lawang ngajak mbok Inah mlebu karo nggawa maem sing arep tak maem. “ Selehno kono wae mbok!” njalukku. “Tapi dimaem ya ning, aja lali”, pituture. Minggu iki aku mutusake metu kanggo nggolek hawa seger. Dewi milih panggon sing iyub karo aliran ing kali sing nenangake, ya ing pinggir danau. Aku lingguh ing ngisor uwit sing kathon ngayomi, nikmati pemandangan isuk sing indah. Nanging dumadakan aku kelingan, kelingan perkara sing nyedihake rong tahun kepungkur ing ngendi kesalahpahaman mbuyarake kekancan sing wis suwi selaras. Dewi lan Ningrum kui wis kekancan awet iseh cilik. Dheweke cedek banget wis kaya sedulur dhewe, saling ngerteni lan saling nglengkapi. Ningrum kui wonge ramah, elegan, ayu lan pinter ing pelajaran kimia, dheweke mesti oleh nilai 9. Wis limang tahun Dewi lan Ningrum kekancan. Apa wae sing dialami Ningrum mesthi dicritakake marang aku. Kayata bocah lanang sing diidamake, yaiku Rizal. Rizal kui kanca sekelasku sing keren, kulite putih, pinter, imut, lan sabar. Wis suwi aku demen kro Rizal, tapi perasaane Ningrum luwih gede karo sing tak nduweni. Telung tahun dheweke kekancan. Dewi, Ningrum, lan Rizal kerep 1 kelompok. Kebiasaan sing ndak disengaja kui numbuhake perasaan saka awake Ningrum marang Rizal tanpa disadari Rizal. Sikap peduli lan pengertian saka Rizal kayata menehi harapan marang Ningrum. Atine mesthi seneng saben diajak ngomong Rizal. Saben Ningrum curhat ngenani perasaane marang aku, dheweke mesthi ngarep supaya Rizal bakal dadi pendamping uripe. Nanging takdir ngomong liyo. Wayah pesta ulang tahune Rizal, Rizal ngungkapake perasaane ing ngarep tamu-tamune yen dheweke demen marang aku. Kahanan kui nggawe Ningrum lara ati lan mikir yen aku ngehianati dheweke, nusuk dheweke saka mburi. Dewi kaget marang kahanane. Ora nyangka yen Rizal ndemeni aku. Dewi nyoba kanggo ngedoh saka Rizal. Masiyo dheweke panggah apik lan peduli marang aku. Saben Dewi ketemu karo Rizal, Dewi mesthi ngedoh, ndelik ing antarane keramaian. Nanging rasane apa sing tak lakoni sia-sia, kaya-kaya dheweke amung ditakdirake kanggo awak ku. Kedadeyan ing pesta ulang tahun kae nggawe Ningrum lara ati lan ngaleh. Dheweke ngaleh tanpa menehi kabar mergo Ningrum ngira yen aku ngrenggut kebahagiaane selama iki. Bola-bali aku nyoba njelasake sing sakbenere, nanging Ningrum ora gelem ngrungokake. Dewi mutusake kanggo ninggalake Rizal sing wis menehi perhatiane marang awakku lan kabeh kenangan kekancan sing wis dilalui bareng. Abot rasane milih ing antarane pilihan-pilihan sing angel. Nanging aku yakin yen iki sing terbaik. Aku ndonga yen dheweke oleh kanca sing luwih apik. Isuk iki mlebu ing dina pertama semester ke-4. Untunge jarak antara omah lan kampusku cedek, dadi cukup mlaku wae.

“Bu, aku budal rumiyen nggeh ?”, “Iya ati-ati, tenan ndak pingin diterke Ibu ?”, “Enggeh. Mboten Bu, Dewi mlampah mawon ben tambah sehat”.
Ing perjalanan, pikiranku melayang embuh teko ngendi, “Braaakk..”, aku kaget lan sadar saka lamunanku. “Sepurane, aku sing salah, aku wau nglamun” karo ngewangi njupuki buku sing ceblok. “Oh iya, ndak apa-apa, karo dene aku ya salah, ora nyawang dalan”, karo njupuki buku. Aku nyawang dheweke uga semono dheweke. Awake meneng, tanpa ngomong malah tanpa obah. Pikiranku mbalek ing patang tahun kepungkur. “Dewi …?” omonge. Dewi langsung menehake buku-bukune terus ngaleh. “Entenono…” karo nyekel tanganku. “Culno, tokno aku ngaleh”, “Ora, ora bakal tak culno digae sing kedua kaline, patang tahun aku nunggu jawabanmu, nyapo awakmu ngalih ninggalne aku ? terus saiki awake wis ketemu awakmu malah arep ngaleh ngno wae. Apa iki mergo Ningrum ? apa mergo awakmu pengin njaga perasaane ?” takone. Dewi bingung kudu njawab piye. “Nyapo awakmu ndak isa nglalekne aku ? nyapo awakmu ndak tresna marang Ningrum, padahal dheweke wis jelas tresna karo awakmu ?”
“Aku ndak isa meksa atiku, aku amung tresna karo awakmu. Aku ngerti awakmu ya demen karo aku….”, “Wis cukup, saiki tokno aku ngaleh. Tolong aja ngganggu aku maneh. Aku pengin urip tenang”, “Nyapo Dew, nyapo ? nyapo awakmu ndak gelem nerima aku ? apa awakmu ra bisa njawab pertanyaanku sak durunge awakmu ngaleh digae sing kedua kaline ? apa awakmu ngerti larane nunggu uwong sing disayang tanpa kepastian ? amung jawabanmu sing bisa ngendekne penantian iki”. Perkataane Rizal garai aku pengin nangis. Umpama aku bisa, aku bakal ngrangkul awakmu. Nanging aku ora bisa, kanggo kancaku, aku ora iso seneng di atas penderiataane.
“Ntenono..”, Dewi krungu suara ora asing sing bisa nahan awake kanggo ngaleh, “Ningrum ?” ngomong ing njero ati. “Saiki aku wis ngerti kabeh. Sepurane merga aku ora ngrungokake penjelasanmu. Awakmu ora perlu mikirne awakku maneh. Dheweke luwih tresna karo awakmu. Aja kok sia-siakne. Aku bakal belajar ngrelakne. Matur suwun slama iki awakmu wis gelem njaga perasaanku”, omonge Ningrum sing marai Dewi kudu nangis. “Tapi Rum ….?”
“Wis to, aku ngerti lan awakmu wis mikirne iki kabeh, anggepen wae iki dadi wujud pangapura kanggo kesalahanku”. Dewi ngrangkul Ningrum karo ngempet nangis.
Lan saiki aku sadar, apa wae yen kui nduwekmu, ing ngendi lan kapan wae isih bakal tetep dadi nduwekmu.

APIK NJOBO NJERO

“APIK NJOBO NJERO

Nama: Rizqi Fauziyah Masruroh
Kls:XII IPA 4
NO:24


Wayah embun isuk sing nelesi godhong godhong ing salah sawijine bocah seng nduweni jeneng Dian. Dian iku bocah seng isek lungguh neng SMA . Dian iku salah sawijine bocah seng aktif neng organisasi SMA iku. Akeh bocah seng seneng kambi sifate mergo Dian iku sifat kalem,sabar,lan tanggung jawab. Ternyata dian iku bocah seng dipercoyo neng sekolahan kui lan nduweni konco akeh termasuk konco cedeke Rara.
Ing wektu kui Dian lan Rara arep rembukan utowo mbahas ngenani salah sawijine organisasi seng dieloni neng sekolahan kui. Rara lan Dian iku lek rembukan neng omahe Dian . Deweke mbahas kanthi suasana serius. Ing suasana serius kui moro moro enek wong wedok seng tak lio yaiku koncone cah loro kui mau yaiku jenenge sinta. Nanging Dian koyo koyo ora nggape kambi tekone Sinta kui.
“an kae neng ngarep enek koncomu seng arep goleki wakmu? Cepet ndang temonono dee,wes kawet mau nunggoni wakmu neng kono”omonge Rara. Dian panggah meneng wae deweke panggah serius ngadep laptop,moro moro dian neng mburi nimbali ibuk e. “buk njenengan cirosne teng sinta nggeh lek kulo mboten wonten griyo?”omonge sinta ning ibuke.”iya nduk tak omongane”.
“yan nyapo wakmu kok koyo ngono kambi sinta? Deweke wes jelas teko adoh adoh ,nyapo kok malah wakmu ngusir?ra penak lo mesakne dee ,deweke ya bocah seng apik yan”omong Rara nuturi Dian. Dian seng ratau taune nyentak wektuiku deweke nyentak Rara “ko njobo meman dee apik ,ramah tapi mosok iyo awakmu ngukur sifate uwong soko kui ae,dee kui legi neng njobo tapi njerone pahit” omong Dian.
“pahit piye yan ?” takon rara maneh.”dee kui sering ngomongne eleke wong lio ,padahal dee urung mesti wes apik kok malah ngomongne kancane dewe. Pokoke akeh seng raiso tak jelasne . deloken ae awakmu ,awakmu nyatu cuek,ceplas ceplos kambi aku .Tapi seora orane awakmu nduweni ati seng tulus kambi aku.uduk sahabat seng ko njobo apik tapi neng njerone elek. Neng koncoan kui aku ora butuhne tampilan njobone uwong ra “Dian njelasne ning Rara.
Banjur sinta panggah nunggoni neng njobo.”iyoyan awake nyatu kancanan wes sek durung sui neng SMAN1 DURENAN iki,tapi ya awakmu seora orane isa ngerteni apa sing dikarepake.
Banjur rara nemoni sinta sing sek panggah nunggoni Dian seng ora gelem nemoniSinta. Banjur Rara nakoni Sinta jane enek keperluan opo kok nunggoni Dian. Banjur Rara jagongan kambi Sinta nggenahne nyapo kok dewekke ning omahe Dian.
“ hey sin enek opo jane kok awakmu neng omahe Dian?” takone Rara ning Sinta.banjur sinta jawab takone rara. “loh awakmu kok yo ning omahe Dian ,awakmu enek perlu opo Ra?.” “oalah iyo sin aku iki mau rundingan ngenani organisasi sing tak eloni ning sekolahan,sin la awakmu arep nyapo kok ning omahe Dian ?”

Pas ditakoni Rara ngono kui mau banjur Sinta malah ngalihne pandangane Rara.pancen sinta kui ora seneng lek Rara kui cedek cedek kambi Dian. Sing padahal Dian kui kancanan kambi Sinta ora nduwe Rasa nyaman blas. Banjur sinta mueneng sui banget . Terus sinta jawab takone Rara . “aku rene iki arep takok tugas pisan kambi dolan “ jawabe Sinta ning Rara .Banjur Rara njawab “oalah arep takok tugasta sin ?” “iya”jawabe Sinta ning Rara sing singkat banget. Rara mbatin janei enek opo Sinta kok koyo ngono kambi kambi aku jane .” janei Dian nandi lo kok ra metu metu ki ?” saute sinta maneh padahal Rara sek durung sempet njawab pitakonan sing mau. Rara banjur bingung arep njawab piye amarga Dian mau wes matur neng ibuke lek dheweke metu. Nanging Dian iku mau ning njero omah cegeh weruh utawa cetukan kambi Sinta.
Banjur sakdurunge di jawab ning Rara moro moro ibuke Dian teko lan njawab pertanyaane sinta mau “ Dian ora enek ning omah nduk?” Banjur Sinta sek meneng sui . sinta njawab pertanyaane kui mau “ oalah ngotn,nggeh buk.”sakwise Sinta njawab kui ibuke Dian terus nggaleh . Banjur sakwise ibuke Dian ngaleh Sinta takon marang Rara maneh “eh Ra lek Dian ra ning omah nyapo kok awakmu ning omahe Dian ?” Rara bingung arep njawab piye maneh ning Sinta .
ora let sui maneh moro moro enek suworo lawang Dibukak lan nyatane sing bukak kui mau Dian . Dian langsung nemoni Sinta lan nakoni Sinta .”enek opo awakmu kok rene sin ?” takone Dian ning Sinta kambi Rapenak .” Aku arep takok tugas yan kambi pngen dolan ae ning mahmu.” “ opo enek tugas ?” “la jarene ibukmu mau awakmu ora ning omah ta yan,padahal aku mau wes arep balek ?”batine Dian sueneng lek Sinta ndang muleh.
“oalah awakmu arep takok tugas opo malah araep nurun garapanku sin ?” “langsungoomong ae lek nyatu awakmu arep nurun garapanku sin?,opo ora waleh awakmu koncoan kambi aku mek arep manfaatne aku ae?” banjur Sinta bingung arep njawab piye ning Dian padahal Sinta teko ning omahe Dian iku ya arep nurun garapane Diankui. Banjur dian njelasne ning Sinta “ aku ora butuh konco sing apik ning njobo tapi njerone bosok , akui ning koncoan mik butuh siji mek apik njobo lan njerone ,ojo koyok ngono critane kui ki Sin.iyo lek awakmu arep nurun tugasku monggo ,tapi ya aja ngelek ngelekning mburi koyok ngono.” Ing tengah perbincangane Dian lan Sinta kui mau banjur Rara melu melu omong “iyo wes cah masalah kui sing ndisek ya es benndisek ,ayo saiki podo njaluk ngapuro ,nyatu uwong kui ora enek sing sempurna cah “ Akhire Sinta njaluk ngapuro ning Dian ,deweke sadar lek pancen deweke kui salah .”sepurane ya yan lek saksuine iki aku nduweni akeh salah ning awakmu.aku pengen awake bareng bareng maneh koyok mbiyenyan.” Banjur Dian akhire ngapurone Sinta “ iyo sin podo podo ,sifatmu sing elek kui guaken ae “ . akhire sinta lan dian apikan lan koncoan wes biasane lan guyon

VILLA GUNUNG SLAMET

Villa Gunung Slamet


Ing desa Karanganom esuk – esuk wis ramu akeh wong kang padha menyang sawah. Ana sawijining keluarga kang nduweni anak jenenge Rangga Dwi Saputra, jelaslah Rangga iku anak keloro wes ketoro saka jenenge.
Rangga lahir saka keluarga sederhana, bapake kerjo neng Arab dadi TKI lan ibune dadi ibu rumah tangga. Neng omah perlakuane wong tuane rodok condong mase Rangga mergo luwih berprestasi katimbang Rangga, mergo kuwi Rangga nduwe pepinginan ngalahake mase.
Ing sekolahane Rangga yaiku SMAN 1 Boyolangu ngenekne lomba atletik yaiku lomba lari eruh pengumuman iku Rangga kang lagi enak jagongan karo Nijam lan Billy, Rangga langsung mbayangno menowo yen deweke njuarani lomba iku mau, banjur Rangga langsong omong neng Billy yen deweke pengin melu lomba iku mau. Billy kang njabat dadi osis ndaftarno Rangga ing lomba lari banjur ngomong neng Rangga yen Rangga wis didaftarne lomba iku , Rangga tansah seneng lang semangat eroh omongane Billy.
Rangga semangat ngenani lomba lari iku deweke latihan kanti tekun lan semangat. Daben dino deweke tangi isuk bar subuhan Rangga latihan fisik lan lari saben sore saksuwe sekolah. Pas hari h Rangga keroso ndredek lan kaget amargo pas lomba Rangga eroh mase kang lagi nonton lomba ing salah sijine stan ing pinggire lapangan lari , mase rangga iso mlebu sekolah lan nonton amargo deweke alumni soko sekolah kuwi lan kalebu lulusan terbaik. Weroh mase kang lagi nonton lomba kuei mau Rangga langsung grogi lan mlayu menyang jeding , eroh Rangga mlayu menyang jeding Nijam ngerti yen Rangga mesti gugup banjur Nijam menehi motivasi supaya Rangga ora gugup lan kudu njuarai lomba kesebut supaya deweke ora dipandang sebelah mata neng keluargane. Krungu unenane Nijam kono mau semangate Rangga langsung berkobar kobar lan dewkw banjur bali menyang lapangan. Pas lomba dimulai deweke eling karo unenane Nijam lang berhasil njuarai lomba lan nduduki juara 1.nanging pas sakbare ngangat tropi Rangga rodok kecewa amarga eruh mase ngaleh pas deweke njuarani lomba kasebut.
Rangga sakwise njuarani lomba lari langsung muleh kanti perasaan rodok kecewa , pas Rangga mbukak lawang deweke kaget yen deweke disambut karo mase lan ibune uga bapake kang wektu iku pas lagi bali ngerasakne rasa seneng lan wong tuo lorone rangga krasa bangga marang Rangga , banjur sakwuse kejadian iku rangga ora dipandang sebelah mata maneh. Rangga bungah banget atine lan deweke pengin mbagi kebahagiane marang Nijam lan Billy kang wus mbantu deweke ngraih pepingine iku.
Pas liburan sekolah Rangga ngajak Nijam karo Billy munggah gunung. Gunung kang dituju yaiku gunung Slamet kang kondang mistike , awale Billy ora setuju marang tujuane amarga yen eruh barang-barang kang berbau mistik deweke wei lan gampang percoyo. Akhire Billy setuku amarge deweke disenggaki marang Nijam yen Billy iku bocah jereh, lan akhire bocah telu mau sepakat yen tujuan pendakiane yaiku gunung Slamet. Cah telu mau ning kono mau nginep ing salah sijine villa kang kebetulan rego sewone murah.
Mergo pas teko penginapan wes meh magrib akhire cah telu mau nginep disek sakdurunge munggah gunung. Cah telu mau pada istirahat dewe- dewe sakwise sholat magrib , Rangga kang lagi leyeh leyeh ing njobo villa ing kranjang tidur kang digantungne neng tengah tengah wit loro kang rindang , Billy kang lagi kungkum lan adus , lan Nijam kang lagi mangan ing pawon villa , kabeh pada ngalami kejadian kang aneh, Rangga kang ujuk ujuk keipean yen deweke njegur jurang , Billy kang saksuse adus kocomyotone ceblok lan lampune banjur mati murup , sejemaneh karo Nijam kang lagi enak enak mangan ujuk ujuk mie seng diapngan kuwi malih dadi rambut lan langsung nguwak mie ne. Ujuk ujuk Rangga lan Nijam kerungu suprao kyok wong wedok kang lagi njerit ing jeding lan tibake pas dibuka deweke nemoni Billy kang semaput ing pinggir bak. Banjur sakwuse kejadian kuwi mau sak bare ngeterne Billy ning kamare Rangga lan Nijam bali menyang kamare dewe dewe .
Suara manuk kang pada sesrautan ngawali perjalanane Rangga lan kancane mestio ing awal perjalanan kabeh podo gupuh amarga kejadian mambengi akhire cah telu amu mbulatne tekate amargo wes adoh adoh menyang kono. Ing awal perjalanan deweke nemoni wong tuwo kang ketoro bingung lan ditakoni jereke deweke ngoleki putune .
Ning perjalanan Rangga kang mimpin Billy neng tengah banjur Nijam neng mburi. Ning awal perjalanan mau akeh kabut kang nutupi pandangan amarga perjalanane mau diwali ing wektu esuk amargo iku pas Nijam lagi lagi kebelet tampa sengojo deweke ninggalne Billy lan Rangga. Sakwetoro suwi Rangga kroso yen Nijam ora ono ing mburine Billy amarga biasane Nijam ora iso meneng yen lagi ing perjalanan , banjur Rangga lan Billy ngoleki Nijam. Nijam kang ora sadar deweke adoh sako kancane deweke eruh bocah wedok sak umurane kang rambute si urai kang sikile ono gelan kang kemerincing kang mirip koyok adike kang wis wafat saetaun kepungkur lang sung Nijam mburu bocah wedok kuwi mau. Rangga lan Billy terus ngoleki Nijam kang ilang ora keroso yen wes awan , kemerucuk suarane wetennge Rangga lan Billya lan banjur mbukak bekale dewe dewe pas lagi mangan ujuk ujuk ono ulo ceblok ing tangane Rangga, Rangga langsung nampik ulo lan langsung mlayu tampi mikerne opo seng digowo lan karo sopo amargo deweke phobia karo ulo.
Akhire bocah telu mau kesasar dewe dewe .Nijam kang mburu bocah wedok kuwi ujuk ujuk mandek lan madep mburi kang wajahe setengah bosok Nijam langsung kaget mlayu tunggang langgang lan pas lagi mayu kuwi mau deweke nabrak Billy kang mandek bingung ing ngarep wit rindang. Pas nabrak Billy Nijam nakokne Rangga marang Billy lan Billy njawab yen rangga pencar saka deweke kanti omongan wedi terus akhire Nijam lan Billy ngoleki Rangga. Pas wong lprp kuwi mau arep nyerah deweke eruh Rangga mlaku kanti tatapan kosong arep njegur jurang lamgsumg Billy lan Nijam mlayu banjur nyekel lan ngeret Rangga lan sakwuse kuwi Rangga sadar lan deweke magep magep nan nangis weruh deweke arep njegur jurang. Cah telu mau akhire ora sido nerusake perjalanan banjur bali menyang villa. Rangga lan kancane kaget eruh villa kang dienggoni mau katon bacek ra keurus lan meh arep ambruk.
Akhire Rangga , Billy lan , Nijam langsung mlayu lan nabrak bapak bapak kang kebetulan lagi liwat kono lan bapak bapak kuwi mau crito yen omah sing diomonggne Rangga lan kancane kuwi mau ora liyo yaiku omahe bocah kang ditinggal karo wong tuane kang urib sebtang kara karo mbahe lan bocah mau dicritake mati njegur jurang.
NAMA : MUHAMMAD SIROJUL FU’AD
KELAS: XII IPA4
NO : 18

SALAH TAMPA

Nama : Nayla Ahsana Rosida
No absen : 19
Kelas : XII IPA 4

SALAH TAMPA
(Dening : Nayla Ahsana Rosida)

Ing sawijing sekolahan, ana bocah jenenge Anindya Disti. Kanca-kancane biyasa nyeluk dheweke Nindi. Nindi duweni watak menengan lan kalem. Wayah durung kenal, akeh kancane seng sungkan karo dheweke. Nanging, yen wis kenal, kanca-kancane padha ngerti yen Nindi kuwi wonge ora se-ala seng dipikir. Nindi duwe kanca sing cedhek banget, jenenge Karina Sarasvati. Nindi nyeluk dheweke Ina. Bedo karo Nindi, Ina duweni watak ceriwis kendhel. Ina kuwi bocahe seneng cerita, apa wae kenek dingo bahan ceritane Ina. Kanggo nyalurne bakat ceritane, dheweke kerep nulis artikel gawe majalah sekolah. Nindi lan Ina wis kekancan kawit kelas siji SMP. Saking cedheke, bocah loro kui mau wis nganggep siji lan sijine dulur.
Dina iki, Nindi budhal menyang sekolahan kaya biyasane. Sawise markir sepedhah motore ing panggon parker, dheweke langsung mlaku menyang kelase. Sawise mlebu kelas, dheweke meruhi Ina wis lungguh ing kursine, banjur dheweke marani Ina.
“lho, Na. kok wis teka? Biyasane arep bel mlebu lagek teka sekolahan.” Omonge Nindi karo ndeleh tase ing kursi sandhinge Ina.
“iya, Ndi. Aku pengen ngrasakne hawa esuk, sumpek ning omah.” Saurane Ina lesu.
“emange ana apa ta, Na? ana masalah ta?” takone Nindi.
“ora ana apa-apa kok, Ndi.”
“yawis yen ngono, aku ndak meksa awakmu cerita ya, Na. Tapi ten awakmu pengen cerita ya bakal tak rungokne.”
“iya, Ndi.” Sawise kuwi, kanca-kanca sak kelase Ina lan Nindi akeh seng padha teka lan mlebu ing kelas.
Wis limang dina iki sikape Ina malih beda. Ora ana maneh Ina sing ceriwis lan tukang cerita. Apa maneh saiki dheweke kerep nesu-nesu ndak nggenah ing kelas. Sampek akhire, kanca sekelase Nindi lan Ina sing uga ngrasa aneh, nakokne perihal malihe sikape Ina menyang Nindi.
“nyang apa ta.Ndi, Ina saiki kok kerep nesu-nesu kaya ngono?” takone salah siji kancane Nindi lan Ina.
“iya lho, Ndi. Aku yo ngrasa aneh karo sikape dheweke saiki.” Saute kancane sing liyane. Krungu keluhane kanca-kancane kaya ngono kui mau, marahi Nindi melu mikir, nyang apa ya Ina kok malih aneh ngono?
“yawis, lek ngono mengko aku tak ngomong karo Ina.” Omonge Nindi.
Pas wayah mulih sekolah, Nindi ngajak Ina omong-omongan perkara bedane sikape Ina saiki. Nindi ngajak Ina lungguh ing bangku ngarep kelase. “ ana apa ta iki, Ndi?” takone Ina.
“ngene lho, Na. sakurunge iki, aku njaluk sepuro yen omonganku iki engko marai awakmu tersinggung. Aku karo kanca-kanca liyane ngrasa yen sikapmu seminggu iki malih aneh, awakmu saiki yo kerep nesu-nesuing kelas, awakedewe malih rodok keganggu.” Krungu omongaane Nindi kui mau, Ina mung meneng wae karo ndingkluk.
“sakjane aku yo pengin cerita nyang awakmu, tapi aku sungkan, Ndi. Iki lho masalahku kok awakmu sing melu mikir.”
“aja kaya karo sopo ae awakmu, Na. awakedewe lho wis kekancan limang taun, ndak usah sungkan karo aku.” Omonge Nindi alon-alon. Sateruse kuwi, Ina meneng rodok suwi, teko ekspresine, dheweke ketara kaya nimbang-nimbang omongane.
“aku bingung, ndi. Aku pengin banget kuliah. Tapi aku ora diolehi karo wong tuwaku. Aku diseneni terus ning omah, iyo lek wong tuwaku nyeneni mung omongan, lha iki moro tangan, Ndi. Aku ndak iso sambat, Ndi, kebeh tak pendhem dhewe akhire emosiku tak tokne ing kelas.” Omonge Nindi karo nangis. Weruh Ina kaya ngono, Nindi langsung ngusap lengene Ina.
“Na, yen wong tuwamu ndak ngolehi awakmu kuliah kuwi mergo ekonomi, saiki kan ana beasiswa. Akeh kok Na, wong sing sukses tapi dheweke ndak kuliah.” Genahe Nindi.
“ ora mung kuwi,Ndi. Aku diluk engkas yo arep medhot sekolah.” Nindi kaget krungu omongane Ina.
“tenanan ta awakmu, Na? Na, masio awakmu ndak kuliah awakmu ojo sampek pedhot sekolah, Na.”
“ ndak iso, Ndi. Aku kudu maut omongane wong tuwaku.”
“lha, terus awakmu arep nyapo ning omah?
“aku arep pindhah ning Kalimantan. Dina iki aku pisan arep pamitan karo awkmu. Sing rukun ya, Na karo kanca-kanca liyane.”
“Na, awakmu ngapusi aku ta? Aku lho ndak tau weruh awakmu ngurus pindhahanmu.” Nindi ngrasa kuciwa karo Ina. Dheweke ngrasa anggone kekancan karo Ina kaya ora ana gunane.
“yak an uduk aku sing ngurus, Ndi.”
“awakmu ngapusi aku, Na. Ina kancaku ora kaya ngene. Wis lah, aku arep mulih.” Nindi ngadek, dheweke pengin cepet-cepet mulih. Dheweke ngrasa kuciwa, pegel, lan isin dadi siji.
Iki mau dina minggu, biyasane Ina karo Nindi ora tau satru-satrunan. Tapi, saiki wis keitung rong dina bocah loro kui mau meneng-menengan. TINGG… pas Nindi tangi turu, mara-mara ana notif whatsapp mlebu. Banjur dheweke mbukak pesan kui mau sing tibake teka Ina.
“ndi, dongakno ya. Aku saiki arep budhal.”
“iya, Na ati-ati ya. Aku njaluk sepura ya karo sikapku deingi.”
“iya, padha-padha, Ndi.”

Nindi ora bisa mbendung tangise, dheweke kelingan kenangane karo Ina selawase kekancan limang taun iki. Sawise katek anggone nangis, dheweke ngalihne perhatiane dheweke karo resik-resik omah. Wayah kui, Nindi ketara ora seneng blas, dheweke panggah murung. Ibuke Nindi krasa yen Nindi ana masalah.
“Ndi, renea dhisik. Lungguh kene.” Ajake ibuke Nindi. “ ana apa, Ndi, isuk-isuk kok nangis?”
“Ina pindhah dhateng Kalimantan, buk.” Saurane Nindi.
“lha? Kok mara-mara pindhah?”
“ina pedhot sekolah buk, kula nggih kaget diceritani Ina.”
“wis wis, ndak usah nangis. Ina mesti nduwe alesan dhewe nyapo kok pindhah ngenani pindhahane.”
“nggih, buk.”
Sawise resik-resik, sekitar jam 11 awan, Nindi pengin ngabarne Ina lewat chat.
“na, wis teka endi?”
“aku wis teka griyane pakdheku, Ndi.”
“lho? Kok cepet men?”
“iyalahh, aku lho numpak pesawat.”
“iyo ye? Cepet banget ya tibake.”
“iyalah.”
“tak video call ya.”
“aja, Ndi, ning kene sinyale angel. Ora kaya ning Jawa.”
“oalah yawis, Na. lereno dhisik lek ngono.”
Nindi ngrasa ana sing kleru, tapi dheweke berusaha mikir positif. Sampek wengi, dheweke terus chattan karo Ina. Bocah loro kui mau kaya urung isa ngadhepi lek dheweke bedho pulau. Kaya ana wae sing dibahas.
Sesuke, pas Nindi mlaku arep ning kelase, dheweke kaya weruh wong ing njero UKS. Tapi, sawise kui dheweke terus wae mlaku menyang kelase.
“he, awakmu mau weruh ana wong ning UKS apa ora?” takone Nindi nyang salah siji kanca sekelase.
“ora, Ndi. Awakmu halu ya?
Pikire Nindi apa bener wong sing ning njero UKS kui mau mirip karo Ina? Apa dheweke nyatu halu? Nindi terus mikirne tentang kui sampek wayah upacara meh diwiwiti. Mara-mara dheweke krasa yen mripate ditutupi nganggo tangan.
“sopo iki?” bengoke Nindi banjur nyepot tangan kui mau teka mripate. Nindi kaget merga wong sing nutupi mripate kui mau Ina.
“lho? Ina? Jereke pindhah?”
“hehehehehe sepurane ya, Ndi. Awakmu tak apusi. Sakjane aku ndak pindhah tenanan, kui ngono aku mung latian kanggo lomba teater minggu iki. Tapi yen sing ora diolehi kuliah kuwi tenan kok.” Genahe Ina.
“healah, Na. ora ana gunane aku nagisi awkmu Na.” omonge Nindi banjur ngguyu cekakaan karo Ina.
Biyasane, saya suwi anggone kekancan, saya akeh salah tampa, bedha pendhapat, lan liyane. Nanging, Nindi lan Ina bisa ngatasi kui kabeh. Masiya ana perkara apa wae sing teka, bocah loro kui mau iso marikne bareng-bareng lan apikan maneh. Kebeh isa saling ndukung lan nyemangati. Kui mau ceritane Nindi lan Ina, piye ceritamu?

DALAN URIP

Dening. : Yudina Ulya
Tataran kaping : 33
Kelas : XII Ipa 4

( Dening : Yudina Ulya ) Hawa adem e wengi ora dadi penghalang kanggo Rina nglakoni kegiatane. Rina kui sakjane kelas 3 SMA tapi dheweke ora nerusne amargo wong tuan e ora ndue ragat kanggo nyekolahne Rina. Rina bocah sing sabar, sopan tur nerima. Saben esuk Rina ngewangi ibu e resik- resik omah lan masak. Ibu e Rina kui kerjane amung dadi tukang nyuci lan bapak e buruh tani. Ing jero ati sakjane Rina pinggin nerusake sekolah kaya kanca- kancan e, tapi dheweke sadar kepriye kondisi ekonomi keluargan e. " Rin, ibu arep budhal kerja disik ya! ". Dhawuhe ibu. "ngih bu". Saure Rina. Banjur ibu ne budhal kerja. Yen bocah liyane isa ngrasakne sekolah, dolan lan gegujegan karo kanca- kancane, beda karo Rina dheweke mek bisa nyawang kanca- kancane. Ananging kepriye maneh dheweke ogah ngabotne beban seng dipikul wong tuane. Saben ibu lan bapak e budhal kerja, sing nglakoni pekerjaan omah yo Rina. Kabeh kui Rina lakoni kanthi tlaten. Rina uga mbantu perekonomian keluarga kanthi mbantu ibune tukang nyuci. Rina ora cilik ati yen dheweke ora bisa kaya kanca- kancan e sing isih nikmati masa remaja e. Meski Rina urip sarwa kekurangan tapi dheweke ora tahu ngeluh melik urip kaya kanca sapantaran e marang wong tua e amarga dhewek e ora tego nyawang wong tuane sing sarwa kesusahan kui. Masio keluargane Rina sarwa kesusahan tapi tansah urip ayem lan rukun, bandha kang digoleki dinggo urip ben dina e halal. " Rin, coba klambi sing wis di setrika kae terna". Ngendikane ibu e Rina. " ngih bu ". Jawab e Rina. " mangko lek wis diterne banjur ning sawah o rin, terana bapak segae iki". Perintah ibu e Rina. " ngih buk mangke kula terne ". Jawab e Rina. Banjur Rina ngeterne klambi maeng neng omahe sing ndue, sakwise kui banjur dheweke langsung menyang sawah ngeterne sega bapake. " pak niki sekule panjenengan saking ibu". Omonge Rina. "oalah iya nduk". Jawa bapake Rina. Banjur Rina ndelelehne sega mau menyang pinggir e sawah. " pak kula wangsul riyen badhe mbantu ibu malih". Omonge Rina marang bapake. " iya nduk ati- ati". Jawab bapake Rina. Sampek omah Rina banjur mbantu pekerjaan ibune maneh. Kegiatan saben dina ne Rina yo kui mbantu ibune golek penghasilan kanggo nyukupi kebutuhan saben dinae. Ing omah cilik iki Rina bisa belajar nrima lan sabar marang kahanan. Sakjane ing jero ati wong tuane Rina tansah nelangsa amarga ora bisa marai bungah ati ne anak siji- sijine kaya sing dikarepaake. Bathine tansah nangis nyawang anak e sing mbendinane mbantu dheweke kerjo golek penghasilan. Wong tuane Rina tansah bangga marang dheweke sebab dheweke ora tau nyusahne wong tuane. Tansah nglakoni kekarepane dewe tanpo ngebotne tenaga lan pikirane wong tuane. Rina tansah eling kepriye nasihat bapak lan ibune marang dheweke " Rin, aja melek urip apik lan kecukupan kaya kanca kancamu, amarga bapak lan ibumu ora bisa wujudne. Durung tentu kanca- kancamu sing uripe tansah kacukupan bisa urip ayem lan tentrem. Bandha kui biso digoleki rin, nanging kebungahan keluarga kui ora bisa digoleki. Maremo rin bapak lan ibu isik enek dinge sampean ". Nasihat bapake Rina. Saben Rina melek kaya apa sing diduweni kancane dheweke tansah eling nasihat sing diwenehi bapak lan ibu e kanggo dheweke. Dheweke tansah eling eluh lan keringet bapak ibune kang tansah ora nduweni rasa kesel kanggo golek rejeki kanggo dheweke. Urip kui tansah akeh coba lan dalane, kadang kita bisa urip ing ngisor uga kita bisa urip ing nduwur, rodane urip kui mesti ana. Sejatine urip kui amung mampir ngombe. Sampek ing salah suwijine dina ana uwong mara mae Rina. Uwong kui tansah wenehi kabar kang gawe atine Rina lan keluargane bungah, dheweke dijak kerja ing konfeksi kang panggone ing pusat kutha. Rina diwenehi wektu seminggu kanggo nyiapake keperluane sing arep digowo dheweke ing kutha. Nanging ing jero ati Rina tansah ora tego ninggal bapak lan ibuke, dheweke tansah panggah pinggin ning omah karo bapak lan ibuke. " buk, sakjane kula mboten tega ninggal panjenengan kalih bapak wonten griya piyambak". Omonge Rina. " wis to nduk bapak lan ibumu iki bisa njaga awak". Balese ibu. " punapa kula mboten dados bidal wonten kutha ngih buk? ". Takoke Rina. " nduk rin, kesempatan kui ora bakal teko pindo, pumpung ana kesempatan aja sampek awakmu nyepeleake kesempatan kui". Jawab ibu. Akhire Rina sida kerja ing konfeksi kui. Dina iki dina kang tansah abot kanggo Rina amarga ing dina iki dheweke budhal menyang kuntha kanggo kerja. Udan tangis ibu lan Rina tansah gawe susah atine Rina, ing jero ati Rina sakjane ogah budhal menyang kutha. Abot kui sing dirasake rina saiki, nangis kui sing dialami Rina saiki. " buk, pak Rina budhal rumiyen. Ibu kalih bapak jaga kesehatane ngih". Pesene Rina." iya nduk, rin jaga kesehatanmu yo ning kono. Bapak lan ibu tansah bisa ngirim dungo kanggo sampean muga muga sukses". Dungane bapak. " kula budhal rumiyen ngih pak buk, assalamualaikum". Pamite Rina. " waalaikusalam". Jawab bapak lan ibu sesarengan. Banjur Rina budhal menyang kutha, perjalanae kui mbutuh ake wektu loro sampek telung jam. Sampek kono banjur mbak Indah ndudohi kamar Rina. Mbak Indah kui wong sing ngejak Rina kerja ing konfeksi." Rin iki kamarmu. Engko lek butuh apa apa nyeluka mbak ya kamare mbak sanding kamarmu". Omonge mbak Indah." ngih mbak". Jawab e Rina. Banjur mbak Indah mbalik menyang kamare dewe. Sak balike mbak Indah banjur Rina resik - resik kamare. Mara - mara kelingan wong tuane ning ndesa. Arep telfon dheweke ora ngowo hp, amarga hp ne amung siji yo kui sing dinge ibune. Sakbare kuwi Rina banjur nyilih hpne mbak Indah. Tok...... Tok........tok........." assalamualaikum.... Mbak Indahh". Celuke Rina. " waalaikumsalam ana apa to rin?". Takok e mbak Indah. " mbak kula badhe nyambut hpne panjenengan damel ngabari ibu". Jawab Rina. " oalah iya rin iki hpne". Bales e mbak Indah karo menehne hpne marang Rina. Sabanjure kui Rina mlebu kamar lan nggoleki nomer ibune ing buku. Tutttt.......... Tuttt............ Tuttt.... " halo, assalamualaikum niki sinten ngih? ". Takok ibu. " waalikumsalam buk, niki kula Rina. Niki kula ndamel hpne mbak Indah". Hoalah Rina to, piye nduk wis kerja apa durung ?". Takok e ibu. " derwng buk tasik mbenjing". Jawab e Rina." oalah iya nduk, pokok kudu tlaten lan sabar ora oleh ngeluh yo nduk rin!". Pesen e ibu. Suwi lek omong - omongan akhire Rina pungkasi telfone maeng. Ing dina iki Rina mulai kerja , ora sungakan dheweke takon marang mbak - mbake sing kerja ing kono, sifat kui sing marai Rina oleh kanca cepet. Saben dina Rina kerja kanthi tlaten lan ulet. Sampek dheweke bisa tuku hp ngawe duite dewe, kui sing marai Rina marem amarga dheweke ora usah nyilih hp mbak Indah kanggo nelfon keluargane saumpama dheweke kanggen keluargane. Meh saben dina Rina telfon keluargane ngabari kahanan ing panggon kerjane. Ora krasa wis oleh setaun Rina kerja ing pabrik iki, buktine Rina wis ora kerja maneh ing konfeksi kui amarga ana ing konfeksi kui maeng ana pergantian karyawan saben setaun sepisan. Minggu esuk Rina banjur ning stasiun. Urung ana setengah jam Rina ngenteni, sepure wis teka dhisik. Banjur Rina numpak sepur kuwi maeng, sawatara jam 16.30 dheweke teka ning stasiun desa ne, banjur dheweke marani bapake lek mapak lan saliman. Sakwise kuwi Rina mulih ning omah, ing omah ibu ne tansah ngenteni kanthi ati bungah. Teka omah dheweke langsung ngoleki ibune amarga dheweke kanggen wis ana setaun ora ketemu. " assalamualaikum buk". Salame Rina." waalaikusalam ". Jawab e ibu langgung ngrangkul Rina. " yoalah rin akhire awake dhewe bisa kumpul maneh". Tutur ibu. " ngih buk". Jawabe Rina kanthi ati sumringah. Ora krasa wis ana seminggu Rina nganggur ning omah. Dheweke mikir kepriye lek saumpama dheweke mbukak konfeksi cilik - cilikan kanggo ngurangi wong sing nganggur ing desane. Kanthi restu wong tuane lan modal kang ora akeh akhire dheweke mbukak konfeksi kui maeng. Sairinge wektu usaha konfeksine Rina nyelot sukses sing awale karyawane limo wong malih patangpuluh wong, alat kanggo njaite uga wes lengkap. Rina marem akhire dheweke bisa ngurangi pengangguran ing desane. Saiki uripe Rina sarwa kacukupan, dheweke bisa nukokne omah kanggo wong tuane, amarga omahe sing mbien wis pra pantes dingone. Nanging mesti dheweke sukses Rina tetep dadi wong kang rendah ati marang wong liya. Dheweke eling jaman dheweke susah iku kepriye makane dheweke ora sombong marang apa sing diduweni. Iki akhir ceritane Rina lan keluargane, sejatine urip kui amung tentang dungo lan usaha. Bandha kui ora usah disombongne, amarga kui amung titipan sing diwenehne marang awake dhewe.

BANGKIT SAKA PUTUS ASA

Jeneng :Izza Lailatul Maghfiroh
Tataran : XII IPA 4
Urut Kaping : 15
Pawiyatan : SMA Negeri 1 Durenan


Dening: Izza Lailatul Maghfiroh

Teng . . . . Teng . . . Teng . . .
Suara kentheng ing pondok mbuyarake sepine bengi dina iku. Angina adhem mlebu ing jero kalbu. Udan gerimis ora ngilangi semangat para santri kanggo bibinahu agama kanggo sangu urip ing donya lan akhirat.
Assyifatu Haifa, salah siji santri ing pondok pesantren Nurul Ihsan. Irung mancung, awak dhuwur, lan kulit putih nambahi kesan ayu marang bocah kang biasa diceluk Ifa iku. Santri saka Banjarnegara, Jawa Tengah iku saiki wus ngancik kelas 3 Tsanawiyah. Dina-dina iki, dheweke lagi nyrempeng apalan nadzam Imrithy amarga arep khataman akhir taun iki.
Ifa dikenal seneng mbantu marang sopo wae. Dheweke uga terkenal pinter, grapyak, lan konconan karo sopo wae. Ing kelas, Ifa ora mbedakke antarane mbak saka dusun utawa saka pondok.
Ifa nduweni kanca raket. Sindi kang nduweni watak galak tapi manis, lan Mia kang nduweni wajah ayu nanging cuek. Nanging nalika bocah telu bareng, bakal metu sifat asline, yaiku ceriwis. Arep ning endi lan saka endi wae bocah telu iku tansah barengan. Senajan ora sak kamar, bocah telu kang dadi kanca sak kelas iku ora tau pisah nalika ing njaba pondok.
Sore iku, nalika bocah telu arep budhal sekolah, ana salah siji pengurus pondok kang marani Ifa.
“Mbak Ifa, ana telpun saka abahe sampeyan. Sanjange mengko arep telpun meneh, amarga tak omongi lak sampiyan isih sekolah.” Omonge pengurus marang Ifa.
“Ana apa ta Fa, awakmu kok ditelpun Abahmu?” pitakone Mia.
“Awakmu arep dijodohne karo kang ning kono iku Fa.” Omonge Sindi.
“Hus . . . Opo sih. Ra mungkin lah. Aku iki isik cilik, kok arep dijodohne.” Jawabe Ifa.
“Cilik? Jenthikanmu kui sing cilik.” Omone Sindi lan Mia bebarengan.
“Heh, iki kok malah ngerumpi. Ayo padhabudhal ngaji. Mengkodidukani loh. “ pengurus nyelani guyonane wong telu.
“Nggih mbak, matur suwun nggih infone.” Jawabe Ifa. Mbak pengurus banjur bali ing pondok.
Sakwuse mbak pengurus bali, wong telu iku omong-omongan yen arep mampir ing took kitab rampung sekolah. Nanging, ing batine Ifa dheweke isih mikir opo ana masalah ning omahe.
Ing kelas, Ifa ora bisa konsentrasi ing pelajaran. Kitab e kosong ora diisi. Dheweke tansah kepikiran marang telpun saka abahe. Ora biyasane dheweke ditelpun ndadak kaya ngene.
Nalika wis mulih sekolah, Ifa banjur mlayu marang kantor pondok. Dheweke ora eling yen dienteni Sindi lan Mia ing took kitab. Dheweke banjur nelpun abah e kanthi ora sabar. Ifa wedi yen ana masalah kang tenanan lan bisa nyusahke abah ibukke ing omah.
Telpun diangkat. Jantunge Ifa wus ndredhek kanthi banget.
“Assalamualaikum” Swarane wong wadon ing seberang telepon.
“Waalaikum sakam, buk. Niki Ifa ingkang telpun ndamel HP pondok. Wonten nnopo buk abah kok telpun ndadak?” Jawabe Ifa, nyauri Ibune kang ngangkat telpun sore iku.
“Oalah Ifa. Iyo, sampeyan maeng tak telpun isih sekolah. Sik, tak paringne Abahmu ning kamar. “ Omonge Ibu.
“Nggih Buk. “ Jawabe Ifa kanthi perasaan campur aduk.
“Assalamualaikum nduk,” Swara wong lanang ing telpun kanthi swara serak, nuduhake umure kang wus ora enom meneh. Wong lanang iku Abah e Ifa. Cinta pertamane Ifa. Kang nyekolahke Ifa kawit cilik nganti tekan saiki. Wong lanang kang nginspirasi Ifa supaya sregep sekolah nganti dadi wong bener. Diregani wong krana ilmune.
Abahe Ifa iku wong kang dihormati ing desane. Asmane Hamdan Yuwafi, utawa Pak Hamdan. Ing desa, pak Hamdan dadi pengasuh pondok Miftahul Ilmi, pondok kang dibangun mbah buyute Ifa mbiyen. Pak Hambdan seneng nyekolahne anak yatim, apik marang tangga lan ora seneng pamer.
“Waalaikum salam, bah. Abah sehat?” Jawabe Ifa kanthi seseking dada.
“Alhamdulillah, Abah isih diparingi urip kaliyan Gusti Allah nganti saiki. Isih iso krungu swarane anakku sing ayu dhewe iki.” Dhawuhe Abahe kanthi swara lirih. Ifa mesem karo ngempet nangis, supaya Abahe ora weruh.
“Alhamdulillah lak ngoten. Pripun kabare adik-adik dating griya, bah?” Pitakone Ifa.
“Kabeh sehat, adik-adikmu tambah gedhe tambah bisa ngewangi Ibumu ing koprasi. Sampeyan dhewe lakyo sehat ta, Nduk?” Teruse Abahe.
“Alhamdulillah, Bah. Pandonganipun mawon supados kula tansah diparingi sehat dating mriki.” Ujare Ifa.
“Yo kui ki mesthi lo. Kabeh anakku tak dongakke supaya slamet ing donya lan akhirat.” Jawabe Abah e.
“Amiin. Wonten napa abah kok telpun kula. Padahal niki dereng dinten Jumat.” Pitakone Ifa.
Abahe Ifa iku pancen mbiyasaake marang anak-anak e ing pondok, menawa ditelpun saka omah mung dina Jumat. Senajan ora saben dina Jumat ditelpun, nanging liyane dina Jumat abah e ora tau telpun. Kareben ora ganggu nalika sekolah.
“Ora nyapo-nyapo, Nduk. Abah mek pingin ngomongi sampeyan. Sinaune sing sregep. Sekoalhe sing bener. Kekancan sing apik. Qiyamullail e ojo ditinggal. Poso sunah e ugo ojo lali.” Tuture Abah marang Ifa.
“Nggih, Insya Allah. Kula nggih nggih taksih belajar supados dadi tiyang ingkang sae.” Jawabe Ifa.
“Manungsa iku tugase belajar, Nduk. Ojo waleh-waleh nggolek ilmu. Ilmu iku ora mung teko sekolahmu, iso ugo saka kancamu, lingkunganmu, lan liyane.” Sambunge Abah.
“Abah mondokne anak-anak e abah kawit cilik iku uga kanggo keapikane uripe anak-anak e Abah nalika wis gedhe. Menawa Abah lan Ibuk wus kapudhut Gusti, sampeyan lan adik-adik bisa ndongakne Abah lan Ibuk iku ilmune uga saka pondok. Sampeyan ojo meri karo kancane sampeyan sing sekolah formal tapi ora mondok utawa sekolah diniyah. Bener, saiki dheweke iso seneng-seneng. Nanging, lak wis tuwa dheweke bakal nyesel nyapo mbiyen kok ora mondok.” Tuturane Abah marang Ifa.
“Nggih, Bah. Insya Allah.” Jawabe Ifa. Lak wis dituturi karo Abah e Ifa wus ora iso ngomong opo-opo. Dheweke mesthi ngrungokne kanthi temenan.
“Yowis, ngono wae. Abah arep ngulang meneh ing pondhok. Kesehatane dijaga. Assalamualaikum.” Tutupe Abah ing seberang.
“Waalaikum salam Warahmatullah.” Jawabe Ifa. Saiki atine wus dhangang amarga ora ana apa-apa ing omahe. Abah lan Ibuk segat. Adik-adik e uga sehat. Ora ana sing perlu dikhawatirne. Dheweke iso sinau ing pondok kanthi perasaan sg tenang.
Seminggu sakwuse Abah telpun, Ifa oleh telpun meneh saka omah. Sing telpun dudu Abah, Ibuk, utawa adik-adik e Ifa. Nanging pakdhene Ifa. Dina iku ing pondok lagi ulangan semester akhir. Artine, dina iku dina sing nentukke kelulusane Ifa saka pondok. Nalika ditelpun, Ifa isih ana ing uang ujian. Akhire, nalika ifa metu saka ruang ujian, Sindi lan Mia mlayu marani.
“Ifa, sampeyan oleh telpun saka omah. Dudu Abahmu, tapi Pakdhemu.” Omonge Sindi.
“Iyo, Fa. Saiki awakmu diutus Ustadzah Farid menyang ruangane,” Tuture Mia.
“Ana apa, ta. Perasaanku kok gak enak.” Omonge Ifa.
“Wisto, saiki awakmu rono. Apa wae kabar sing kok tampa, eling wae awakmu isih ndue kanca Aku lan Sindi.” Jawabe Mia.
Perasaane Ifa tambah ora enak amarga omongane mia. Sakjane dhewek e bingung kena apa Mia muni ngono. Saben dino dhewek e yo weruh menawa Mia lan Sindi tansah ngancani dheweke. Dheweke banjur nyepetake mlakune menyang ruangane Ustadzah farid.
Nalika wus teko ing ngarep ruangan, dheweke ora mandek-mandek moco bismillah kanthi bukak lawing. Ing jero ruangan mung ana Ustadzah Farid kang lagi lungguh, ngenteni tekane Ifa.
“Ifa, nalika sampeyan isih ujian, Ustadzah oleh telpun saka pakdhemu. Dhawuhe sampeyan diutus wangsul. Amarga Abahmu seda.” Dhawuhe Ustadzah Farid. Ifa langsung bingung, ora iso ngempet tangis. Seminggu kepungkur, dheweke lan Abah eisih telpunan biasa. Saiki oleh kabar menawa abahe wis dipundhut Gusti Allah.
“Saiki sampeyan balik ing kamar, nggowo klambi sakperlune wae. Mengko sampeyan diparani Pakdhe. Nangis oleh, tapi ojo nganti putus asa. Sampeyan kudu eling perjuangane Abah nyekolahne sampeyan nganti saiki. Saiki sampeyan mung iso ndungakne Abah supaya ibadah e ditampi Gusti Allah.” Lanjute Ustadzah Farid.
“Nggih, Ustadzah. Kula badhe siap-siap. Matursuwun. Assalamualaikum.” Omonge Ifa kanthi nangis sesenggukan.
“Waalaikumsalam. Ati-ati ya, Nduk.” Jawabe Ustadzah Farid.
Ing dalan mulih menyang omah, Ifa nangis terus, ora mandek olehe maca shalawat. Atine campur aduk. Semangate mondok wus ilang. Dhewek e ora mikir ujian semester e. rasane Ifa pingin metu saka pondok lan mbaturi Ibuk ing omah.
Dina iki, Ifa rumangsa dunyane wis ambruk. Salah siji wong sing disayang ing dunya iki wus ora ana. Naliko abahe arep dikubur, Ifa mung bisa ndunga muga-muga ibadah e Abah e ditampa Gusti Allah.
Nganti sepuluh dina sedane Abah e, Ifa panggah nangis ing jero kamar. Dheweke isih ora gelem budal ing pondok senajan izine wus rampung kawit telung dina kepungkur. Dina kaping sewelas, Sindi lan Mia takziyah ing omahe. Wong telu rangkulan, nangis bareng. Seolah-olah ngrasakne padha larane.
Wayah bengi, wong telu iku turu bareng ing kamare Ifa. Sindi lan Mia terus mbujuk Ifa supaya gelem bali ing pondok, neruske sekolahe. Wong loro iku ora mandek olehe nangis kanggo mbujuk Ifa.sindi lan Mia omong, menawa Abah e bakal susah menawa Ifa ora mondok meneh gara-gara sedane.
Amarga bujukane Sindi lan Mia, akhire Ifa gelem neruske mondok nganti lulus. Dhewek e kudu iso gawe bahagia keluargane. Senajan Abah e wus seda, nanging isih ana Ibuk lan adik-adik e sing seneng menawa Ifa iso lulus saka pondok.
Akhire, Ifa iso nutukne ponodkke kanthi melu ujian susulan nalika bali ing pondok. Dibaturi Sindi lan Mia, dhewek e iso bangkit saka putus asa amarga sedane Abah e.
Setahun metu saka pondok, Ifa wus diangkat dadi kepala madrasah lan pengurus ing pondok e Abah e. Ifa uga dadi wong sing dikarepake Abah e, yaiku wong sing bener. Wong sing diregani wong liya krana ilmune.

BANDHA DUDU SEGALANE

Jam wes nuduhkake jam nem, cahyane srengenge katon padhang nyinari paras ayu gadis kutha seng jektas tangi ko turune mambengi. Gadis kui nduweni jeneng Kiara Putri. Dheweke pinter, rajin, disiplin lan grapyak. Dheweke lahir soko keluarga seng sederhana, nanging dheweke sekolah neng SMA Negeri favorit neng daerah Jakarta. Neng sekolahan dheweke kelebu salah siji murid seng berprestasi lan murid kesayangan para guru lan kanca-kancane. Wong tuwane seng muk nduwe usaha toko oleh-oleh cilik-cilikan ngerasa bangga karo prestasi anak e neng sekolahan. Dheweke uga ora tau isin karo kahanan keluargane saiki. Kanggo dheweke, ibune lan bapake kui bandha seng ora ana lorone.

Kaya biasane, nalika jam nuduhkake jam nem esuk Kiara tangi lan mberesi kamar e. Sakwise kui dheweke langsung ngewangi ibune, adus lan siyap-siyap budhal sekolah. Jarak soko omah e neng sekolahan ora pati adoh, muk sekitar 500 meter. Amarga jarak e seng cedhak, dheweke ora perlu numpak angkutan umum lan cukup mlaku.

Nanging wektu usaha toko oleh-oleh wong tuwane sukses lan nduweni cabang akeh. Kiara maleh berubah, ora ana seng ngira lek gadis seng mbiyen grapyak, pinter, lan aktif saiki maleh berubah 180° dadi gadis seng males, egois, lan demen ngguak-ngguak duit. Kiara seng mbiyen mesthi mlaku bareng karo kanca-kancane, saiki dheweke mlaku dewe tanpo ana kancane neng sandhinge. Akeh kancane seng ora demen karo dheweke mergo sifate, nanging luweh akeh kancane seng ngarep supaya dheweke biso mbalek meneh koyo mbiyen lan ora sombong koyo saiki. Wong tuwane Kiara uga bingung kenapa anak e maleh berubah lan wes ora eruh meneh kepriye carane ngerubah sifat elek anak e kui, saumpamane dheweke ora koyo saiki Kiara ora bakal dadi bocah seng males lan nggagep bandha kui segalane.

Wayah kiara muleh sekolah, Kiara eruh omah e ditekani wong loro koyo polisi seng masang tulisan “Rumah ini disita”. Banjur dheweke mlebu lan marani wong tuwane.
“Niki wonten napa pak, bu?”, pitakonane Kiara.
“Omah e disita nduk”, saurane bapak e seng tansah melas.
“Loh! Wonten napa pak, kita salah napa?”, omonge Kiara kang gupuh.
Bapake mung bisa nggeleng tanpa nyauri pitakonane Kiara, dheweke koyo ora tega nyawang anake seng sedih.
“Nduk awakmu kudu sabar, bapakmu saiki bangkrut kabeh bandhane bapakmu disita bank, awake saiki wes ra nduwe opo-opo meneh”, kandhane ibuk e karo ngerangkul Kiara.
Kiara langsung nangis lan nesu karo bapake, dheweke ora sanggup balek urip miskin koyo mbiyen. Banjur bapake kelingan lek iseh nduwe omah neng desa. Dheweke terus ngejak keluargane pindah neng desa. Awale Kiara wegah nanging dheweke akhire gelem, ketimbang dheweke urip neng kutho ora nduwe omah, pikire.

*Ing desa
Sakwise teko desa, Kiara nyawang omah cilik lan tuwo.
“Niki daleme sinten pak?” takok Kiara.
“Iki mbiyen omahe mbahmu sakdurunge awakmu lahir, nduk”, saurane bapak.
“Terus kita bakal nginep teng mriki pak? Aku wegah, aku ndak kuat pak opo meneh omah e elek koyo ngene. Ih ndak banget deh pak”, omonge Kiara.
“Kiara! Jogo omonganmu. Awake kudu bersyukur senajan elek tapi awake isek nduwe omah, ketimbang awake neng kutho ora nduwe omah”, ujare bapake nggetak Kiara.
Kiara langsung melbu neng kamar ambi nangis lan ngunci lawang kamare. Sesok e Kiara panggah ora gelem metu soko kamare, dheweke tetep raiso nerimo kahanan keluargane saiki.
“Nduk bukaken lawang e nduk. Iki ibuk nggowo panganan nggo awakmu, kawet dekingi awakmu durung maem”, kandhane ibuke lirih.
“Ndak buk, Kiara ndak luwe”, jare Kiara.
“Ki, bukaken lawange, ibuk pengen ngomong sedhela”, banjur kiara mbukakne lawang lan langsung ngerangkul ibuke.
“Bu, kenapa iki kabeh kedadeyan karo keluarga kita buk, opo seng salah soko awake?” takok Kiara sedih.
“Iki cobaan kanggo awake nduk, supaya kita biso luweh bersyukur karo opo seng diwenehi gusti Allah”, saurane ibuke seng menehi pitutur marang Kiara.
“Nanging, iki ndak adil buk”
“Kabeh iku adil Ki!”
“Ndak buk, iki kabeh mergo bapak yen bapak ndak bangkrut kita ra bakal koyo ngene saiki”, saurane Kiara.
“Awakmu ra oleh muni ngunu Ki, kabeh iki dudu salahe bapak. Saiki awakmu mangan, ibuk wes tuku sego bungkus nggo awakmu”, ujare ibuke karo ngelungne sego bungkus.
“Aku moh mangan buk, pangananne ndak enak”, saurane Kiara karo ngguwak sego bungkus seng dilungne ibuke.
“Kiara, opo maksudmu!”, getak ibuk e
“Ana opo iki?”, sambung bapake sakwise mulih soko kerjo narik angkot.
“Iki pak, Kiara ora gelem mangan. Dheweke malah ngguwak sego bungkus”, saurane ibuke lirih.
“Awakmu kenapa Ki?” takok bapake.
“Iki kabeh mergi bapak! Aku benci bapak, aku arep lunga ben bapak karo ibuk seneng. Aku ndak kuat pak urip miskin neng desa opo meneh nginep neng omah elek koyo ngene wes sumuk akeh nyamuke. Pokoke aku arep lunga lan aku ra bakal muleh sakdurunge awake balek koyo mbiyen meneh!” saurane Kiara karo metu menyang njobo. Nalika Kiara teko ngarep lawang, ujug-ujug bapake semaput. Dheweke banjur marani bapake karo nangis lan ibuke nyeluk dokter ben moro neng ngomahe. Ora let suwi dokter teko lan langsung mriksa bapake.
“Kepriye keadaane bapak, dok?” takok Kiara gupuh.
“Bapakmu kena stroke nduk, darah tinggine kambuh”.
Kiara kaget, banjur Kiara mlayu metu karo nangis. Dheweke getun karo omongane mau, mergo dheweke bapake loro.

2 jam Kiara lingguh dewe neng gubuk tengah sawah karo ngelamun, ujug-ujug ana bocah wedok seng lungguh neng sandinge.
“Awakmu ngapa neng kene?” takok bocah seng lungguh neng sandinge.
“Ndak ngopo-ngopo kok, awakmu sopo?” takok Kiara karo ngusapi eluh e.
“Aku Tasya, awakmu Kiara to?” omonge Tasya.
“Loh, kok awakmu eruh jenengku?” takok Kiara bingung.
“Yoo, aku tau eruh awakmu”, saurane Tasya.
“Nengendi?” tanpa nyauri pitakonane Kiara, dheweke banjur ngejak Kiara neng sawijining panggonan.
“Loh, iki nengendi?” takok Kiara
“Iki omahku”, saurane Tasya karo nunjuk omah kang kumuh.
“Dadi awakmu tinggal neng kene?”
“Iyo, kui adek-adekku”, saurane Tasya karo nunjuk bocah-bocah gelandangan seng lagi dolanan.
“Bapak karo ibukmu nengendi?” takok Kiara.
“Dheweke wes ora enek, aku muk tinggal karo adek-adekku”.
“Dadi awakmu seng njogo adek-adekmu?”
“Iyo, aku seng njogo lan nggolek duet kanggo biaya urip saben dinane”, saurane Tasya sedih.
“Aku melu prihatin Tas”, omonge Kiara melu sedih.
“Iya Ki, aku kudu sabar mungkin iki wes takdirku”. Krungu omongane Tasya, Kiara langsung kelingan pitutur ibuke lan ora ngerti kenapa dheweke ngerasa lek wes kenal Tasya sakdurunge. Banjur sakwise kui dheweke pamitan muleh karo Tasya.

Nalika Kiara teko ngomah, dheweke weruh bapake mbujur lemes neng kamar. Ujug-ujug dheweke ngerasa atine loro, dheweke ora sanggup nyawang bapake seng mbiyen isek enom lan kuat saiki mung biso turu neng kamar, sampe dheweke ra sadar lek dheweke nangis.
“Awakmu ngopo nduk?” takok ibuke seng ngagetne Kiara.
“Buk sepurane. Iki kabeh salahku, gara-gara aku bapak maleh koyo ngene”, omongane Kiara karo ngerangkul ibuke.
“Iki uduk salahmu nduk, iki kabeh cobaan nggo awake. Awakmu ojo nyalahne awakmu dewe!” kandhane ibuke.

Sakwise kedadean kui, Kiara nyoyo suwi nyoyo berubah. Dheweke dadi sering ngewangi ibuke ngeresiki omah lan ngopeni bapake kanthi kasih sayang. Sampe sawijining dina ibuke weruh Kiara dodolan kue karo Tasya.

Pas dina iki tanggal 1 Juli, Kiara ulang tahun seng ke-17. Dheweke wes ngira lek ulang tahune ora bakal dirayakne koyo mbiyen, mergo dheweke eruh lek wong tuwane saiki wes ora nduwe opo-opo meneh, kanggo mangan saben dina wae angel. Nanging nalika Kiara tangi soko turune, dheweke kaget sakwise weruh lek dheweke ana neng kamare mbiyen sakdurunge dheweke miskin. Banjur dheweke metu soko kamar lan bingung kenapa kabeh peteng lan sepi. Dheweke kaget, ujug-ujug lampune murup lan akeh uwong neng ngomahe salah sijine Tasya lan dheweke luweh kaget pas weruh bapake wes sehat koyo mbiyen meneh. Ibuke banjur marani Kiara karo nggowo kue ulang tahun neng ngarepe. Nanging Kiara sek bingung kepriye iki kabeh iso kedadean, banjur bapak e nerangne lek sejatine dheweke ora bangkrut, dheweke uga ora stroke kabeh kui mung etok-etok. Semono uga Tasya, dheweke dudu bocah gelandangan, nanging dheweke anake dokter seng mriksa bapake dekingi. Kabeh iki dilakoni supaya Kiara biso dadi bocah seng apik lan biso banggakne wong tuwane mbesok. Kiara banjur ngucapne matur suwun marang kabeh mergo soko kedadean kui Kiara biso berubah dadi luweh apik. TAMAT

Jeneng : Putri Suryandari
Tataran kaping : XII MIPA-4
Urut kaping : 21

Rancang situs seperti ini dengan WordPress.com
Mulai