KANCA DADI TRESNA

Nama : Helena Reka Fatricia
Kelas : 12 IPA 4
No.abs: 13

Bocah berprestasi kui jenenge Cindya Kartika,Lahir ing semarang tanggal 20 mei 2001. Dino kelahirane diperingatne dino kebangkitan nasional. Dheweke sekolah ing Sman 1 semarang. Cindya tergolong bocah seng sugih. Bapake kerja dadi polisi ning polres semarang lan ibuke dadi dokter karo nduweni klinik. Masio tergolong bocah sing sugih cindya nduweni sifat apikan lan andhap asor. Dheweke gelem kancanan karo sopo ae tanpo nyawang kasta.
Cindya nduweni sahabat jenenge reza rahardian. Dheweke kenal reza kawet smp. Kawet cilik reza omah karo mbah e amergo wong tuane tukang pindah amergo urusan kerjo. Reza melbu golongan bocah seng paling bagus neng sekolahan. Selain kui bocahe dadi kapten basket, wajar ae lek fans e akeh. Reza sering menang wayah pertandingan basket. Akeh seng ngejak foto reza bar wayah pertandingan nanging reza ogah lan pileh bareng cindya.
Reno andhika, bocah pindahan saka Surabaya sing melbu Sman 1 Semarang. Dheweke langsung akeh seng ngefans, amergo sakliane anake wong sugih, dheweke nduwe perawakan gagah gedhi duwur, irung mancung, kulit putih lan alis kandel.
Calista nadya, konco sak bangkune cindya seng paling ngerti tingkah lakune cindya. Calista kui nduweni sifat ceriwis, kendel, andhap asor. Cindya kui nduweni perawakan dhuwur, irung mancung, alis kandel lan rambut lurus lan kulit putih. Wajar ae lek biasane calista tukang dadi model majalah.
Taun iki cindya kelas 12 ipa 1. Dheweke kudu sinau sing sregep supaya kelebu ning perguruan tinggi favorit. Saran lan dukungan wes diolehke cindya terutama saka wongtuane lan kanca kancane. Ing wayah isuk pitik jago wes mulai kluruk,suara manuk wis ngoceh ana ing wit-witan. Nandaake cindya wes tangi. Dheweke mulai nyepakne kebutuhan sekolah mulai ngecek buku seng wis di toto mambengi, dasi, kaos kaki, lan seragam seng wes dikekne ning nduwur turon. Sakwise sarapan cindya krungu enek montor seng ngebel ping pindho ning ngarep omahe.
‘’Tin-tin’’ suara montor lanang wes teko ning ngarep omahe cindya. Dheweke mesti apal sopo kui amerga sabendino reza marani cindya budal sekolah.
‘’Oh ayo re, budal’’. Wayah ning dalan reza guder karo cindya
‘’Cin, awakmu ngerti gak bedane srengenge kambek awakmu?’’
‘’Ndak re, emang po sih?’’
‘’Srengenge kui nyinari bumi, lek awakmu nyinari atiku” jaree reza karo ngguyu
‘’Gomballll’’ bar ngomong kui mau cindya kejedok helm e reza, akhire teko ndalan sampek sekolahan waktu dientekne bocah loro karo guyon.
Sampek njero kelas, pelajaran pertama wes arep dimulai. Bu dinda guru matematika melbu kelas lan njelasake bakal enek murid anyar sing pindahan saka Surabaya.
Bu dinda : Sugeng enjing bocah-bocah.
Bocah-bocah : Sugeng enjing bu
Bu dinda : bocah- bocah iki mau bakal enek murid anyar sing pindah saka Surabaya.
Bar bu dinda ngomong kui mau, enek bocah seng melbu kelas lan ngadek neng ngarep papan tulis karo mesem.
Reno : assalamualaikum , kenalno jenengku reno andhika. Biasane diceluk reno. Aku pindahan saka Surabaya. Enek sing arep ditakokne?
Akeh bocah sing nilai bagus, selain kui ketarane reno anake wong sugih. Kenek di delok saka penampilane misale merek jam tangane, jarang uwong sing iso tuku koyok ngono kui amergo regane larang. Wayah jam istirahat cindya karo reza neng kantin lan mangan bakso.
‘’Eh re, piye menurutmu bocah anyar kae mau?’’
‘’Biasa ae cin, nyapo emange?’’
‘’Kok biasa ae sih padahal bocahe mau bagus banget.’’
‘’Halah panggah sek bagus aku.’’
‘’Amit – amittt’’
‘’Emange opo enek seng kleru?’’ reza ngomong karo wajah sewot’’
‘’Ngono ae sewot’’
‘’Oh yowes aku balik neng kelas sek cin’’
‘’Loh, kok balik sih re kan aku durung entek’’
Re .. re.. cindya wes mbengoki reza supaya mbalik, nanging reza panggah ae terus. Neng atine cindya kroso aneh nyapo reza nesu padahal mek goro-goro masalah sepele.
Pas wayah arep balik neng kelas cindya tabrakan karo bocah .klambine cindya teles kabeh amergo kutahan es teh sing digowo bocah kuwi mau.
‘’Aaaaa klambiku’’ jerit cindya karo nyekeli klambine
‘’Eh sepurane aku ndak sengojo’’
‘’makane lek mlaku di sawang, ngeneki terus teles kan klambiku’’
‘’oh iyo, ngowo klambi maneh kok awakmu gaweo klambi kui ae’’
Cindya mikir-mikir , wayah bar isthirahat bu tiwi,guru biologi seng paleng kereng bakal ngulang.
Dheweke ra nduwe pilian liyo ketimbang di kon mbrangkang ngubengi lapangan basket lueh
Becik dheweke nyilih klambine reno,masio rodok isin.
‘’Loh, ditakoni kok malah nglamun.’’
‘’ohh,iyo aku tak nyileh klambimu ae.
Reno ngenteni cindya salin klambi ngasi bar. Amergo dheweke ngeroso salah. Cindya lan reno melbu kelas bareng. Akeh bocah ngomong serasi, amergo cindya ayu lan reno bagus. Reza nyawang cindya karo sewot, anyel. Cindya sing di sawang ngono mau wonge mek iso nyawang ngesor karo sabar. Sakwise lingguh neng kursi cindya langsung di tanggap karo calista.
‘’ eh, cin awakmu nduwe masalah ye karo reza?’’
‘’hahh , ora kok’’ cindya kaget calista nakoni ngono, soko ngendi wonge ngerti padahal dheweke durung crito.
‘’ halah, ndak usah ngapusi cin, aku ngerti kok’’
Ngrungkne calista ngomong ngono cindya langsung meneng, lan mulai cerita karo cindya
‘’ ngene ta, aku mau ning kantin karo reza, barkui aku nakoni reza tentang reno. Aku omong le keno kui bocahe bagus. Bar kui reza langsung sewot lan ninggalke aku dhewe neng kantin. Bukane wajar ya ta aku ngomong ngono kan mripatku yo sek normal ngerti wong bagus.
‘’wehh we ki yo aneh cin, ngomongne ngono kok neng reza yo jelas wong cemburu lah’’
‘’ cemburu piye to ta, lhawong reza kui lo koncoku kawet smp yo ndak mungkin lah cae demen karo aku’’
‘’husst ojo muni ngono cin, persahabatan cah wedok karo cah lanang kui renek seng murni konconan. Mesti salah sijine enek sing demen mboh kui awakmu opo reza.
Cindya langsung meneng lan mikirne omongane calista sing trakhir. Muleh sekolah cindya ngenteni reza ning parkiran. Moro moro enek seng ngebel cindya numpak mobil.
Tin-tinn ….. koco mulai bukak cindya langsung ngerti sopo kui
‘’eh, ayo bareng aku cin’’
‘’ ndak usah re, suwun’’
‘’Lah emange nyapo cin kok gah, aku sek ngroso salah lo ngutahi es the awakmu mau
‘’ndak popo re,aku sek ngenteni reza’’
‘’iki wes yahmene lo cin, gek nyolot sui maghrib, emang awakmu ndak digoleki wong tuamu’’
Cindya langsung sadar dheweke ngenteni reza wes 1 jam punjul,Lek dek e panggah ngenteni reza iso iso sampek ngomah cindya cindya gak oleh lawang, amergo keluargane cindya terkenal disiplin.
‘’ iyo wes aku bareng awakmu ae re’’
Sakwise cindya melbu mobile reno, reza langsung ninju tembok sampek tangane metu getihe.
Reza anyel nyapo cindya ra gelem ngenteni dek e ngasi reza teko nek parkiran.
Neng mobil cindya lan reno podo menenge, cindya terus mikir reza wes muleh po durung. Reno mulai nyairne suarane.
‘’eh cin….’’
‘’opo re’’
‘’ aku nggak ngerti dalan mahmu’’
‘’oh, iyo re tak dudoi’’
Sakwise teko ngarep omahe cindya. Reno langsung mlayu medun mbukakne lawang mobil kanggo cindya.
‘’suwun yo re gawe tumpangane, sepurane ngrepoti’’
‘’ iyo cin, gak popo’’
‘’ ndak mampir dhisek re?’’
‘’kapan kapan ae cin, assalamualaikum’’
‘’waalaikumsalam’’
Wayah wengi cindya sinau biologi hp neng meja belajare moro-moro muni nandaake wa melbu, cindya ngirone reza sing ngechat tapi nyatane enek nomer asing seng moro moro ngechat dek e.
087755* P Cindya Iki sopo yo 087755*
Aku reno cin, save yaa
Cindya
Oke , kok oleh nomerku soko ngendi?
Reno
Hehe kepo yaa
Cindya ora mbalesi chat e reno, tapi malah dheweke mikirne reza. Biasane yahmene bocahe wes chat tapi nyatane sampek saiki durung oleh cht soko reza. cindya sakjane kepengen chat reza tapi dheweke gengsi. Cindya mikir mosok wedok chat disek kan yo ndak mungkin. Moro moro hp ne cindya muni neh, cindya marem, dheweke mikir lek reza bakal chat tapi takdir ngomong liane ternyata sing ngechat kui mau reno
Reno
Good night cin, mimpi yang indah yaa
Chat e reno mek di woco cindya. Amergo dheweke mikir lek chat e reno kui gak penting.
Ing wayah isuk cindya ngenteni reza marani wonge . tapi nyatane sampek jam 7 reza durung teko akhire cindya budal dhewe lan nyegat ojek. Sampek sekolahan gerbang wis di tutup. Amergo kasep cindya dikon ngubengi lapangan basket. Akeh bocah sing podo nyuraki cindya, reza sing krungu kui mau langsung metu ning njobo. Ngerti lek cindya di hukum dheweke langsung mlayu ning lapangan basket lan ngehi banyu menyang cindya. Ngerti kui mau cindya mandek lan lingguh ing pinggiran lapangan basket.
‘’ cin, sepurane yo’’
‘’ awakmu ndak salah kok za’’bar cindya ngomong kui reza langsung meneng lan ngomong
‘’ pancen iki salahku sing terlalu berharap karo awakmu’’
Reza ngomong kui sareh banget , nanging cindya krungu sithik lan wayah cindya arep takon maneh, moro moro pak sigit guru penegak disiplin sing ngukum cindya kui mau teko
‘’ hehhh, dikon ngubengi lapangan kok malah lingguh lingguh’’
‘’ ngapunten pak’’
Bar ngomong kui mau cindya ngubengi lapangan basket maneh lan reza balek menyang kelas. Sakwise teko kelas reza mulai moconi buku buku. Reza kepingin fokus tapi pikirane panggah kelingan cindya. Wayah reza mikirne cindya moro moro enek sing gebrak meja ne.
‘’BRAKKKK’’
‘’Haiyahhh nglamun opo wi’’ calista teko karo ngguyu cekakaan dheweke rumangsa marem amergo wis gae reza kaget.
‘’ opo sih ta, ra jelas wei’’
‘’ehh, re akhir akhir iki awakmu kok maleh ndak tau karo cindya maneh?’’
‘’iyo ta, aku lagi enek masalah’’ reza ngomong kui mau karo wajah melas, sakjane calista pengen ngguyu tapi nyawang wajahe reza sing melas dheweke maleh gak mentolo.
‘’ masalah opo sakjane re, awakmu yo iso kok cerito ning mahku’’
‘’ ngene ta, aku dikingi ngerti cindya muleh karo reno. Ora mek kui akhir akhir iki aku sering ngerti cindya karo reno lueh cedhek ketimbang sing sak durunge. Paling akui terlalu berharap karo cindya. Dheweke selain ngono yo mek nganggep aku konco.
‘’ ojo muni ngono re, makane di jajal dhisek’’
‘’ lha terus aku kudu piye ta?’’
‘’ makane ndang tembaken cindya, gek aku ben ndang oleh pajak jadian kan yo lumayan’’
‘’ lah we ki ta, senenganmu mencari kesempatan di dalam kesempitan’’
‘’ itung itung sedekah re’’ jaree cindya karo ngguyu kepingkel pingkel.
Sakwise calista ngomong kui, reza nduwe pikiran bakal ngejak apikan cindya. Pas wayah mulih sekolah reza kepingin mbarengi cindya muleh, nanging dheweke wes kedisikan karo reno. Akhire reza ngetut cindya lan reno. Pas wayah mangan reza ngrungokne opo sing diomongne bocah loro kui mau.
‘’cin’’
‘’nyapo re?’’
‘’sakjane aku nduwe perasaan karo awakmu’’
Bar krungu omongane reno kui mau cindya langsung keselak. Reno ngerti lek omongane kui mau terlalu cepet tapi reno kepengen cindya ngerti lek dheke mau demen karo cae.
‘’paling aku omong iki kecepeten cin, aku ngerti lek aku uduk bocah seng sempurna sin, mula kui gelemkah awakmu nglengkapi kekurangan ku iki cin?’’
‘’ sepurane re, ngeono aku waktu di gawe mikir kui, mergo aku ngerti lek njalin hubungan kui gak sepenak mbalikne telapak tangan.
‘’ oke cin, tak tunggu seminggu, mugo ae awakmu gelem nerima aku.
‘’ wes mulai surup re, aku balik dhisek’’
Bar pamitan karo reno, cindya langsung mlayu muleh. Reno wis mlayu ape nututi cindya tapi dheweke mau di cegat karo kasir amergo panganane durung dibayar. Untungno reza wis mlayu dhisek ning parkiran dadi dheweke iseh oleh kesempatan kanggo nyedeki cindya maneh.
‘’eh cin, ape balik yaa?’’
‘’iyo re, awakmu kok ning kene?’’
‘’ oh, anu…..’’reza bingung arep nyauri opo lek dheweke ngomong jujur iso-iso cindya ngerti kabeh.
‘’re, kok malah nglamun to, ayo cepet aku bareng awakmu ndang’’
‘’siap tuan putri’’ amergo krungu omongane kui mau pipine cindya langsung abang koyok tomat. Neng dalan reza kepikiran karo omongane cindya sing mau, brarti dheweke sik iso nduweni kesempatan nduweni cindya.
Seminggu sak banjure kui
Dino rabu, dino sing paling ditunggu karo reno amergo dheweke bakal nembak cindya maneh ning lapngan basket. Akeh sing wis di cepakke mulai kembang mawar sing wis di bentuk love, balon balon sing di toto ning tembok lapangan basket lan lia liane. Akeh bocah sing podo ngumpul ning sanding lapangan basket lan ning nduwur tingkat , terutama bocah bocah wedok sing podo njerit-njerit kepingin dikoyokne ngono. Salah sawijine bocah wedok enek sing nyeluk cindya ning kelase.
‘’ eh cin enek sing nyeluk awakmu ning lapangan basket’’
‘’ enek opo sih jane’’
‘’wes to cin iki penting banget’’ bar krungu omongane bocah kui mau cindya akhire melu ning lapangan basket. Sakwise teko kono cindya kaget amergo ning lapangan basket rame banget lan akeh hiasane. Bar nyawang kui mau cindya melbu ning lapangan lan dheweke numukne reno sing ning njero lapangan basket. Moro moro reno mlaku nyedeki cindya lan nyekel tangane cindya.
‘’cin,,,,, aku ngerti uduk bocah romantis sing iso gawe kata kata manis kanggo awakmu, pertemuane awake mungkin terlalu singkat. Isokah aku ngenal awakmu luwih cedek lan, gelemkah awakmu dadi pacarku?’’
Sakdurunge cindya njawab, moro moro reza teko lan ngeculke tangane cindya ning reza.
‘’ acara opo sih iki ra penting banget’’ reza ngomong kui karo ngrusaki mawar sing wis di toto ning tengah lapangan basket.
‘’ eh , nyapo karepmu kok rusak, we emang ndak nyawang aku saiki nyapo?’’reno sing wis mulai kepancing emosi goro goro hiasane di rusak, banjur dheweke jotos reza. Reza sing ndak trimo banjur dheweke njotos reno genti.
‘’ uwes, uwes kok maleh podo tukaran , rezaaa renooo mandek’’ cindya ngomong karo mbengok. Sakwise krungu omongane cindya banjur bocah loro kui mau meneng. Reza banjur ngomong neng reno.
‘’oke, awae bakal saingan sing sehat’’
‘’ siap, aku ndak wedi’’
‘’ cindya, awakmu bakal mileh aku opo reno?’’
Ngerti jenenge di celuk cindya langsung kaget. Dheweke bingung bakal mileh sapa. Reno bocahe pancen penakan. nangis pas mben wayah cedek karo reno dheweke ndak nduwe perasaan opo opo. Bedo maneh karo reza, dheweke pancen wis sui kenal reza. Nanging akhir-akhir iki mben cedek reza dheweke mesti ndredeg lan awake adem panas. Paling iki tanda lek dheweke yo nduweni perasaan karo reza.
‘’ oke bakal tak jawab, dhisik dhisikane aku njaluk sepura karo awakmu re, iki reno yo uduk reza hehe, suwun wis gelem ngungkapne perasaan mu marang aku, nanging saka kene awake kancanan ae yo, mergane kawet awal sampek akhir aku mek nganggep awakmu konco’’
Ngerti jawabane cindya sing koyok ngono banjur reno mek iso mesem banjur ngomong
‘’ Mungkin iki pancen wis takdir cin awakmu uduk jodohku, mugo-mugo awakmu iso bahagia karo reza. Lan kanggo awakmu re, cindya di jogo tenan ojo di larani, tapi lek di larani aku yo sik siap nampani loh cin …. hehehe guyon kok ojo di gawe tenanan ‘’
‘’ oke re, suwun wis ngrelakne cindya kanggo aku, mugo-mugo awakmu bakal oleh sing lueh apik saka cindya’’
‘’amin’’
Dino iki mau yaiku dino kelulusane reza. Dheweke wis keterima ing akademi kepolisian lima tahun kepungkur. Sakwise upacara kelulusane reza. Banjur cindya langsung nggoleki reza lan akhire ketemu.
‘’ ree, iki bener awakmu?’’ cindya nyawang reza bingung amergo reza bedo koyok ndisek. Iki mau dheweke gae seragam putih lan ketok bagus banget’’
‘’ hehe, iyolah cin piye wes ketok ganteng kan?’’
‘’ lahhh mesti kawet ndisek tekan saiki panggah kepedean’’ bar cindya ngomong kui mau . bapak lan ibuke reza teko. Dheweke bingung sapa kui amerga kawet smp cindya ndak tau ngerti wongtuane reza. Sak ngertine reza mek omah karo simbah e.
‘’ Alhamdulillah wes lulus re, suwun yo nak wes iso dadi kebanggaane keluarga. Loh iki sopo re kok nggak di kenalne awake?’’
‘’ oh iyo, kenalno cin iki wong tuaku. Lan pak buk niki cindya rencang kula kawet smp sampek sakniki’’
‘’ hmm konco opo konco re, bapak karo ibu bakal ngrestui kok re. Asalkan awakmu marem. Iyo ndak buk?’’ takon bapake reza menyang ibuke reza.
‘’ hehe iyo mesti to pak’’ sakwise reza ngerti lek dheweke oleh restu saka wongtuane banjur dheweke mulai ngungkapne perasaane sing wes di tutup rapet selama iki marang cindya.
‘’ Cin, saka kene aku kepengen jujur. Aku pancen uduk bocah romantis sing iso gawe kata kata manis kanggo awakmu. Kawet sma sakjane aku wis mulai nduwe rasa karo awakmu. Nanging waniku ngomong sek saiki. Cin…. Gelemkah awakmu dadi calon bhayangkari ku?
‘’Aku gelem re’’

TAMAT

PEDHOTE KATRESNAN

Jeneng : SINTA HIDAYATUL SEPTIYANI
TATARAN KAPING : 12 IPA 4
URUTAN KAPING : 28

Ing wayah surup ning sawijine kafe Ing wilayah Trenggalek, ana cah wedok SMA sing saka bete bisa disawang yen dee kelas 2 SMA. Dee lunggh dewe ing pojokan kaf karo nyawang pasangan sing lungguh ing ngarepe lan mbayangne saumpama dee kayak pasangan kui. Sedilut-dilut dee ambekan dawa ngetarani yen dee nduwe masalah.
” Sepurane suwe, Ta.”
Cah wedok sing nduwe jeneng Arita iku nyawang lesu cah lanang sing sektas teka kui maeng. Dee mbalek ambekan dawa eneh kayak nduwe beban masalah sing abot.
” Awakmu nyapo? Diputusne?” Takon cah lanang kui maeng.
” Ngawur wae! ” Jawab Arita ra terima. Dee nyawang sahabate karo sawangan sing landep. Tapi tatapane mbalek sayu eneh pas kelingan pacare.
” Lha terus nyapo?” Takon cah lanang kui maeng eneh.
” Rian, berubah saiki. Dee maleh cuek, jarang ngabarin, jarang chat padahal ya online dee. Apa Rian wes waleh karo aku ta, Gam?” Jelas Arita.
” Paling dee wes nduwe gebetan eneh.” Ujar Agam ora mikir disek.
Ngrungokne apa sing diomongne Agam kui, Arita ngethokne suara kayak nangis sampek enek wong sing ning kafe noleh bingung. Agam melotot karo panik.
” Woi, aja ngisin-ngisini ta.” Agam ngomong karo bisik-bisik. Iso gawat yen enek sing salah paham lan ngira yen dee sing wis gawe Arita nangis.
” Aku yakin yen dee iseh cinta karo awakmu kok, Ta. Yakin! Apa meneh awakmu cah loro wis 5 taun pacaran. Saiki wis mandek nangis e! ” bujuk Agam karo wajah melas. Agam bersyukur akhire Arita mandek nangis.
” coba wae goleko suasana anyar, sapa ngerti dee lagi bosen.” saran Agam.
Arita ngedipne mripate karo wajah polose lan mikirne usulane sahabate. Tumben ae Agam iso gunakne otak sampek iso gawe ide ngono kuwi, padahal biasane kosong.
” carane piye?” takon Arita karo ragu-ragu. Dee wedi yen hubungane dee malah kandas amerga sarane Agam.
” Tenang wae, Ta. Aku lho lanang, aku ngerti apa siang disenengi cah lanang.” Jawab Agam nyakinne Arita.


Saka apa aing diomongne Agam dekwingi sore. Arita nglakoni perintahe Agam. Esuk iki Arita budal sekolah karo tampilan sing bedo karo biasane. Biasane Arita mung nguncir rambute karo gawe wedak tipis, saiki Arita ngurai rambute lan gawe liptint. Arita nyoba suasana anyar ning hubungane karo Rian. Supaya Rian ora cuek meneh.
Sakuwise teka sekolahan Arita langsung nemoni Rian ing kelase. Sing biasane Rian sing nemoni Arita disek ning kelase saiki genti Arita sing nemoni disek. Arita langsung lungguh ning bangku sandinge Rian sing lagi lungguh ning bangkune sing ana ing pojokan mburi.
” Selamat pagi, Rian.” sapa Arita.
” Pagi.” Jawab Rian.
” Wis sarapan?”
” Uwis.”
” Ndengaren kok mangkat esuk?”
” Pengen wae. Ndang baliko ning kelas engko selak masuk!” Kongkon Rian.
” Oh yauwes lekno.” Jawab Arita kecewa terus ngadek lan balik ing kelase.
Sakuwise teka ing kelase, Arita langsung nemoni Agam sing dadi konco sakkelase awit SD karo muring-muring.
” Gagal, Gam. ” Arita ngomong karo wajah lesu.
” Piye?”
” Lhawong Rian ora nyawang aku blas. Aku elek yo, Gam?” takon Arita karo lesu.
” Elek piye lho? Awakmu lho ayu, wong biasane wae ayu apa malah yen macak ngene tambah ayu lan kethok dewasa. ” Jelas Agam.
” Rian kok panggah cuek wae karo aku? Niat pacaran karo aku apa ora ta? “
” Ya yen kuwi aku ora ngerti, Ta.”
” Terus piye ta, Gam? ” Takon Arita karo ethok-ethok nangis.
” Yauwes ngene wae. Jajalen perhatian karo dee. Sapa ngerti atine tersentuh. ” Saran Agam.
” Hem. Apa ya ngono ya, Gam. “
” Iya paling. “
” Yauwes lek ngono tak jajale. Semangat Rita aja nyerah. ” Rita omong karo menehi semangat ning dee dewe.


Bel istirahat wis muni murid-murid akeh sing padha ning kantin termasuk Rita karo Agam. Ning lorong arep ning kantin Rita eroh Rian karo kanca-kancane arep ning kantin. Karo semangat Rita ninggal Agam terus nyethuki Rian.
” Rian.” celuk Arita
” Iyo, enek apa?”
” Endak. Arep ning kantin to?” Rita rodhok kecewa karo saurane Rian, biasane Rian ora dadak takon enek apa disek tapi wes ngerti.
” iya.”
” melu oleh?” Takon Rita.
” Aku karo kanca-kancaku. Mending awakmu karo Agam wae.” tolak aluse Rian.
” Tapi… Hemm yauwes lek ngono.” Jawab Rita lesu.
” Wis kono.” kongkon Rian.
” Rian, aja telat maem ya. Aja maem panganan sembarangan.” pas kecewa Rita iseh sempet-sempete ngelingne Rian.
” iya” Jawab Rian karo ninggalne Rita.

Rita nyawang gegere Rian sing soyo adoh karo wajah lesu. Lan ora sadar yen Agam wis ning mburine.
” Enek apa mandek ning kene?” Takon Agam sing nggarai Rita jantungen.
” ASTAGFIRULLAH. Kapan tekamu? Ngageti wae.” Rita takon karo ngelus-ngelus dadane.
” Hmm kapan ya? Maeng paling. Enek apa mandek ning kene? ” Jawab Agam ngasal.
” Alah emboh. Njo ning kantin wae. Aku wis luwe.” Rita malah cemberut seolah-olah takonane Agam kleru.
” Aneh bocah ki. ” karo nyawang Rita sing mlaku ning kantin disek banjur nututi Rita ning mburine.

Sakuwise teka kantin Rita nyawang Rian karo kanca-kancane karo tatapan pegel. Banjur Rita golek bangku sing kosong. Untunge dee oleh bangku sing kosong merga iki mau akeh bocah sing padha ning kantin. Rita lungguh ning bangku sing dipilih terus ditututi Agam.
” Arep pesen apa? Ben aku sing mesene.” takon Agam.
” Aku bakso karo es jeruk wae.”
” Yauwes, entenono kene.” kongkon Agam terus ngalih mesen bakso.
Rita nunggu Agam karo panggah nyawang Rian sing lagi guyon-guyon karo kancane.
” Lek karo kancane wae iso guyon-guyon. Nyapo lek karo aku mek meneng wae. Cuek pisan. Dasar Rian!” uring-uringe Rita.
” Nyo baksone, dimaem sek! Aja panggah muring-muring ora jelase.” Saut Agam sing kehoke akhir-akhir iki hobine ujug-ujug teka.
Sakuwise Rita nampa baksone, dee langsung mangan cepet-cepet gawe nglampisne rasa pegele.
” Lek maem sareh wae, Ta. Engko keselak lho.” Tegur Agam. Lan aung dibales Rita karo deheman. Terus mbalik fokus ning baksone. Bekerja
Rian wis apal piye kelakuanne Rita lek wayah enek masalah. Rita mungkin ora sadar lek Agam sing mesti ene gawe Rita, sing perhatian banget karo dee. LanRita ora sadar yen ning hubungan sahabatane dee karo Agam ana rasa cinta sing wis suwi dipendem.
Sakuwise kegiatan mangane, Rita ngejak Agam langsung mbalik ning Kelas. Ning tengah perjalanan arep mbalik ning kelas Rita cethuk Rian sing ngadek ning ngarep kelas. Rita pamitan ning Agam arep nyethuki Rian. Akhire Agam mbalik ning kelas dewe.
” Rian.” celuk Rita.
” Dalem.”
” Emm, engko muleh sekolah bareng ya?” Ajak Rita.
” Iya kenek. Engko karo golek maem pisan ya.”
” Tenan?” takon Rita karo wajah sumringah.
” Iya, Rita.”
” Siap. Engko tak tunggu ning ngarep gerbang ya.”
” Iyo.”
” Yauwes lek ngono, aku tak mbali ning kelas sik ya.” Pamit Rita. Rita mlaku mbalik ning kelas karo panggah mesam mesem, wis kayak wong edan. Saiki Rian sukses gawe Rita seneng banget, semoga ora mung omong thok wae. Amergo Rita wis berharap banget.

Agam nyawang Rita sing sektas mlebu ning kelas karo tatapan bingung. Amergo Rita sing ning kantin kato dee cemberut muring-muring ora nggenah saiki malah ngguya-ngguyuora nggenah.
” Haduh. Koyok ngono ya wong lek lagi kasmaran. Maeng nesu-nesu saiki malah kayak wong edan. Hadehh.” Agam ngomong dewe karo ngegame.
” Agam.” Rita nyelok Agam karo mbengok banter.
” Hemm. Apa? Rausah mbengok-mbengok aku ora budeg.” Jawab Agam karo dolanan game.
” Yaelah santai wae. Aku seneng ilo.”
” Seneng nyapo?” Takon Agam.
” Rian engko ngejak maem bareng muleh sekolah. Akhire ya Rian gelem ngejak aku maem bareng meneh.”
” Ya alhamdulillah lek ngono.” Jawab Agam cuek
” Gam, kok awakmu kethoke ora seneng lek aku seneng ngenei?”
” Ora seneng piye lho?” Takon Agam karo ngglethake hpne terus fokus karo Rita.
” Ya ngono kuwi. Raut wajahmu ngetarani lek awamunora seneng.”
” Hemm, Rita. Apa tau aku ra demen karo apa seng nggae awakmu demen? Kawit ndisek akubya mesti ndukung apa sing kok lakoni. Aku ya ra tau nglarang-nglarang awakmu. Aku lo mesti menehi awakmu saran, mosok aku ra seneng yen awakmu berhasil.” Jelas Agam.
” Hemm iya. Sepurane lek ngono.” Rita njalok sepura karu wajah melas.
” Heeh iya. Ora apa-apa. Sesok-sesok aja ngono eneh.”
” iya.”
Bel masuk muni kabeh murid-murid padha mlebu kelas. Ora letsuwi guru matematika mlebuni kelase Rita.


Bel mulih sekolah wis muni 5 menit kepungkur. Murid-murid padha metu saka kelase dewe dewe. Lan Rita lagi nglebokne buku-bukune rampung nyatet sing diterangne gurune mau. Banjur Rita metu kelase karo perasaan gugup arwo ketemu Rian, padahal biasane ora tau kayak ngene. Rita ngatur ambekane amprih ora kethok lek dee lagi gugup. Rita ngenteni Rian ning ngarep gerbang.
” Kok Rian suwi banget ya. Apa iseh durung metu?” Rita ngenteni Rian karo dolanan hpne. Sampek ora krasa wis sakjam dee nunggu. Akhire Rita mutusne ndelok ning kelase Rian. Saben lorong wis padha sepi, mung arang kading bocah lingguh-lingguh ning kursi ngarep kelas, paling bocah sing sek cegeh mulih. Tekan kelase Rian, keadaane wis sepi ora enek sapa-sapa
” nengendi ya Rian ki?” Mosok wis muleh disek? Mosok iya Rian lali. Apa tak whatsapp wae ya.” Rita omong dewe. Lan akhire Rita mutusne ngechat Rian.
Rian.
Sampeyan nengendi
Rita mlaku mbalik ning ngarep gerbang. Paling wae Rian maeng iseh ning parkiran. Akhire Rita mbalik nunggu meneh, sampek 1 pesan whatsapp mlebu.
Rian Afif
Sepurane ya.
Aku maeng enek urusan mendadak.

Sakuwise maca pesan kuwi, Rita langsung ngerasa kecewa. Mungkin iki ya salahe dee sing terlalu berharap.
Oalah iya. Ora apa-apa, Rian.
Akhire Rita mutusne nyegat bis gawe dee mulih.


Sakuwise chate Rian sing omong enek urusan maeng sampej saiki dee urug menehi kabarkanggo Rita padahal iki wis wengi.
Wis kebiasaane Rita yen areo turu meati dolanan hp. Saiki Rita lagi turon ning kasure karo telponan karo Agam nyeritakake apa sing dialami Rita maeng.
” Aku kecewa banget, Gam.” Rita ngomong karo nangis.
” Uwis ta,Ta. Wis ping piro lekmu omong ngono maeng. Wis ta paling dee enek urusan sing penting banget sing ra kenek ditinggal.” Jelas Agam.
” Tapi sampek saiki lo dee ra enek kabar.”
“Dee paling sek sibuk. Wis saiki turuo wae! Sesuk ning sekolahan cethukono dee.
” Hemm. Yauwes lek ngono. Aku turu disek.” Pamit Rita.
” Heeh iya. Selamat malam.”
” Selamat malam.” Jawab Rita terus mutusne sambungan telponne.
Tanpa disadari Rita, enek uwong sing nesu amerga uwong sing disayang dikecewakne.

Esuk iki Rita wis siap mangkat sekolah. Padha karo lek telpon-telponan mambengi, esuk iki Rita mangkat bareng Agam. Agam wis siap ning ngarep omahe Rita. Sakuwise teka sekolahan, Rita ngrasa enek sing aneh. Rita eroh motore Rian wis ning parkiran. Padahal iki iseh esuk lan Rian ora biasa mangkat seesuk iki.
” Gam, aku nyethuki Rian sek ya.” Pamit Rita.
” apa wis teka dee?” Takok Agam.
” Uwis. Kuwi motore wis enek.”
” Oalah iya kono.”
” iya.”Teka ngarep kelase Rian. Enek sesuatu sing gawe langkahe Ruta mandek lan atine ngrasa lara. Rita eroh Rian lingguh bareng karo cah wedok liya, tapi cah wedok kui dikabarne cedhek karo Rian. Jenenge Indah kanca sakkelase SMP Rita. Sing paling gawe lara atine Rita yaiku Rian iso ngguyu bahagia karo Indah. Rita mundur alon-alon supaya ora enek sing eroh lek enek Rita ning kono. Sakuwise rodok adoh, Rita mlayu nggoleki Agam ning kelas.

Weruh Rita mlayu karo nangis, Agam langsung khawatir. Agan ngrasa lara ati wonv sing disayanv kayak ngene.
” Awakmu nyapo, Ta?” Takon Agam karo nada khawatir.
” Gam, Rian nduwe pacar liya.” Rita ngokong karo sesegukan.
” Nduwe pacar liya?” Takon Rian ora percaya.
” Aku weruh Fian karo Indah lingguh bareng. Mesra banget, Gam.” Jelas Rita.
” Nengendi saiki bocahe?” Agam wis emosi
” ning kelase Rian.”
” Tak paranane cahe. Aku ndak trimo lek awakmu dikenekne.”
” Aja, Gam. Ora usah. Wis bene.”
” Aku ora trima, Ta. Ning kene aku berjuang mati-matian njaga awakmu ben ora lara ati, ben awakmu bahagia kok malah dee sakpenake gawe awakmu ngene.”
” Gam..” celuk Rita karo kudu nangis.
Agam langsung mlaku arep nemoni Rian. Ditututi Rita ning mburine sing terus terusan ngrayu Agam supaya ora nemoni Rian. Amerga Rita wedi yen Agam kenek masalah. Rian dikagetne karo tekane Agam karo Rita. Rian bingung nyapo Agam teka karo nesu gek Rita nangis.
” Maksudmu piye?” Takok Agam
” Apa?” Rian bingung karo apa sing ditakokne Agam.
” Awakmu goblok wis nyiak-nyiakne sing tenanan demi sing ora jelas. Aja sampek awakmu nyesel akhire.” Sakuwise omong nhonk Agam langsung ngejak Rita ngalih lan ninggalne Rian sing kebingungan.
Saiki Agam karo Rita ning taman mburi sekolah. Agam ngeneng-ngeneng Rita sing terus-terusan nangis.
” Piye saiki?” Takok Agam.
” Aku tak ngalih wae, Gam. Rian bahagiane ora karo aku.”
Yen kui keputusanmu tak dukung. Kardene sek akeh ning njaba kono sing sayang awakmu. Enek yoan sing lahlgi ngenteni awakmu peka karo kehadiranne dee.” Jelas Agam.
” Sapa?” Takok Rita.
” Ya eneklah pokoke.
” Aku engko muleh sekolah arep nemoni Rian gawe nguwisi iki kabeh.”
” Iya. Awakmu kudu kuat. Yauwis njo balik ning kelas.” Ajak Agam.


Bel mulih sekolah wis mun, Agam karo Rita saiki nemoni Rian. Untunge Rian iseh ning kelae. Banjur Rita nemoni Rian, lan Agam ngenteni ning njobo.
” Rian. ” Celuk Rita.
” Iyo? “
” Aku pengin nguwisi hubungan iki. Jaganen wong sing kok sayang ya. Aja sampek dee lara ati. Aja sampek dee kecewa.” Jelas Rita.
Agam mung meneng ra isa omong apa-apa. Agam mikir kok Rita iseh isa perhatian ning dee padahal dee wis gawe salah akeh banget ning Rita. Merga wis ra enek sing perlu diomongne, akhiee Rita metu kelse lan muleh karo Agam. Sakjujure Rita abot ngeculne Rian, merga Rita wis sayang tenan karo Rian. Tapi arep piye maneh cinta ora isa yen salah sijine sing berjuang, cinta ra isa dipeksane.


Saiki Rian karo Rita wis sibuk dewe-dewe Rita sing terus-terus galau lan Agam sing terus enek ning sandinge Rita, ngehibur Rita sapaya ora sedih terus. Rian sing lagi mesra-mesrane karo Indah. Nanging ning walik Rian sing lagi seneng-seneng karna pacare enek Rita sing mulai mbukak lembaran anyar.

Kabeh wis berlalu suwi Rita wis bahagia karo Agam sing mulai nunjukne rasane. Nanging Rita krungu kabar saja kanca-kancane sakkelas yen Rian lagi enek masalah karo Indah. Krungu kabar kuwi maeng Rita malih ngerasa mesakne lan ora ppercaya
Bel istirahat muni, Rita karo kanca-kancane arep ning kantin. Tekan ngarep kelas Rita dikagetne karo Rian sing ngadek ning ngarep kelas. Rita ngekon kanca-kancane disek ning kantin. Sakuwise kanca-kancane Rita ngalih, Rian lagek omong.
” Rita.” celuk Rian.
” Iya. Enek apa?” takok Rita.
” aku nyesel, Ta. Aku nyesel wis nyiak-nyiakne awakmu sing padahal tulus tenanan.”
” terus awakmu dekingi-dekingi e nnnnengen?”
” Sepurane, Ta. Aku wis ketutup ayune Indah. Aku nyesel saiki. Tibae Indah mung golek duetku thok, dee ora sayang aku tenanan karo aku. ” jelas Rian.
” Aku wis maafne awakmu, Rian. Sakurunge awakmu njalok sepura, aku wis maafne disek. “
” Suwon, Ta. Awakmu pancen apikan banget. “
” Iya padha-padha.”
” Ta, aku sek sayang awakmu. Gelem ora mbalek karo aku? “
” Sepurane. Aku wis ora iso. Aku wis bahagia karo wong sing sayang aku tenanan. Sepurane. “
Krungu jawabane Rita, Rian ambea dawa. Rian sadar panen kelakuane Rian ning Rita wis jahat banget. Rian sadar dee pantes dikenekne, lan Rian sadar yen iki karma saka perbuatane.
” Yauwis, lek wis ora enek sing perlu diomongne aku arep balik disek. ” Rita ngerasa wis ora enek sing kudu dijelasne eneh akhie dee pamitan.

BANGKU KOSONG


Bolorejo,kutha kang endah, langit katon biru resik, lan hawane adem sing ngilangne roso kesel, srengenge isuk ngeneki gedhung-gedhung ndadeake ayang-ayang gedhung nutupi omah-omah ning ngisore.Ning kutha iki urip bocah sing jenenge Budi Santoso utowo sing biasa diceluk Budi bocahe gedhi dhuwur, kulite putih resik, lan ganteng, demenane hal-hal sing mistis. Budi urip karo Mbakke sing jenenge Anis, Budi karo Anis ditinggal wong tuwane amarga kecelakaan pesawat.
Saben dina Budi karo Anis mbagi tugas ngurusi kontrakan kayata pas dina Senin sampek Jum’at Anis sing umbah-umbah lan masak, Sabtu karo Minggu Budi sing ganti umbah-umbah lan masak, amarga Budi isek sekolah. Budi sekolah ning SMPN 1 Bolorejo kelas IX, yen Anis wis kerjo dadi kasir ning toko.
Ning Sekolahan Budi nduwe konco sing jenenge Geri bocahe cilik, kulite sawo mateng sing, demen hal-hal mistis koyo Budi, Budi lan Geri pas wayah ngaso mesti ning Perpustakaan gawe golek buku sing ceritane mistis.
“Bud, awakmu opo wis eruh kabar ning Deso Raungkidong?” takon Geri neng Budi.
“Deso Raungkidong ki ngendi?”
“Ing Kecamatan Kaligereng.”
“Emange enek opo to Ger?”
“Krungu-krungu enek sekolahan sing angker.”
“Mosok lo Ger emage koyo op kedadehane?”
“Jarene ana murid wedok sing ilang ning kono.”
Bocah loro kuwi panggah ngomongne hal kuwi nganti ora kroso yen ngasone wis entek.
Pas teko omah moro-moro Anis mlayu marani Budi
“Bud, sesok awake pindah yo?” takon Anis neng Budi.
“Lho, nyapo to Mbak kok pindah?”
“Sewa kontrakan ning kene larang duwite Mbak ndak cukup gawe mbayar.”
“Yo wis Mbak, emange arep pindah neng ngendi?”
“Ning Deso Raungidong Bud.”
Budi langsung kaget karo omongane Anis.
“Tenan Mbak arep pindah mrono?” takon Budi ning Anis
“Yo Bud, neng kono aku arep golek kontrakan sing murah, dadine awakmu pindah sekolah neng kono.”
“Jarene kancaku sekolahane angker Mbak.”
“Ojo percoyo karo hal-hal koyo mengkono Bud, awake ki wedi mung marang Gsuti Allah.”
Akhire Budi gelem pindah ning Deso Raungkidong.
Sesuke Budi karo Anis pindah kontrakan anyar ning Deso Raungkidong, sak bare ngresiki kontrakan Budi mlebu neng njero kamar telpunan karo Geri.
“Halo Ger, sepurane aku ora omong yen dina iki aku pindah neng Raungkidong.” Jare Budi
“Lho genah wis tak omongi yen neng kono kuwi angker.”
“Aku kepekso Ger amarga Mbakku r nduwe duit gawe mbayar kontrakan.”
“Yo wis Bud, awakmu sing ati-ati yo neng kono.”
Sakbare telpunan karo Geri, Budi langsung turu amarga sesok wis wayahe sekolah.
Jam 6 isuk Budi budhal neng sekolahan anyare yaiku SMPN 1 Kaligereng. Neng kono Budi nduwe konco anyar yaiku Dedi, Santi, karo Mia. Dedi ki bocahe gedhi dhuwur, kulite ireng, lek Santi ki bocahe dhuwur, kulite sawo mateng, yen Mia bocahe kulite putih resik lan kalem. Ning sekolhan anyar Budi nglakoni kegiatan koyo biasane, ora enek kedadehan opo-opo nganti Budi nyadari ana bangku kosong sing wis rusak. Budi langsung marani Dedi
“Ded, awakmu eroh bangku kosong rusak kae?” takon Budi neng Dedi.
“Emange nyapo Bud, kok takon masalah bangku kae?”
“Maksudku kok isek enek bangku kosong neng kene?”
“Ora enek opo-opo Bud, aku yo ora eroh.”
Budi sing ora percoyo karo omongane Dedi langsung nggoleki opo sebabe ana kedadehan bangku kosong sing wes rudak kuwi.
Pas wayah mulih neng tempat sampah Budi nemu buku daftar hadir sing wis lawas. Budi langsung kaget yen sakdurunge Budi mlebu sekolahan iki ana jeneng asing yaiku Maria, saknalika eroh kuwi Budi langsung lemes mergo Budi kroso yen enek sing ora beres neng sekolahane. Sak bare kuwi Budi kerep eroh bocah wedok pucet neng genteng sekolahan, suwi-suwi saking penasarane Bbudi langsung marani bocah wedok pucet kuwi
“Hoe!! Awakmu sopo nyapo neng kene dewe?” takon Budi neng bocah pucet
“Jenengku Maria, ning kene aku ndilok wahana sekolahan.”
Pas eroh lek jenenge Maria, Budi langsung lemes dheweke ora nduwe tenogo nggawe ngadek
“A……a……..awakmu Ma….Ma….Maria?” Ujar Budi sing wis wedi banget
“Iyo, Jenengmu sopo?”
“Ohh Budi awakmu siswa baru neng kene? ndak usah wedi karo aku.”
Sakbare Maria muni ngono roso wedhine Budi titik-titik maleh ilang.
“Iyo aku sek tas pindah neng kene.” Jare Budi.
“Ohh pantes aku ora kroso howo niatan elek neng awakmu.”
“Niatan elek?”
“Tak omongi Bud, awakmu pindaho soko sekolahan kene.”
“Emange nyapo aku kok kongkon pindah soko sekolahan iki.”
“Sekolahan iki arep tak ngeki kutukan.”
Krungu kuwi Budi langsung kaget karo omongane Maria dheweke langsung medun soko genteng sekolahan.
Pas wayah ngaso Budi marani Pak Guru
“Pak panjenengean perso murid sing namina Maria” takon Budi marang Pak Guru
“Ora enek sing jenenge Maria neng sekolahan iki.”
“Tapi Pak kulo…….”
Urung cukup Budi lek omong Pak Guru lansung ngaleh soko kelas. Budi tansaya curiga opo hubungane Maria karo bangku kosong kae, pas muleh Budi eroh Maria. Budi penasaran nyandi parane Maria, akhire Budi melu sakparane Maria karo ndelik-ndelik, ora suwi ning daerah sepi Maria mandek neng toko boneka sing wis lawas banget, pas pacak Budi mlebu dheweke kaget isine boneka sing medeni banget Budi yakin iki omahe Maria, Budi kaget yen ono Maria ning mburine
“Bud enek opo awakmu ning kene wis tak omongi yen pindah soko kene.” jare Maria
“Maria, nyapo kabeh uwong ning sekolahan ndak eroh awakmu.”
“Bud, aku ngerti yen awakmu kuwi wong apik, ojo nganti awakmu melu-melu warga-warga ning sekolahan.”
“Emange opo sing dilakoni warga-warga sekolahan ning awakmu?”
“Sesok awakmu bakal eroh kutukan sing tak maksud.”
Sakbare ngrungokne Maria Budi langsung Muleh saking wedhine.
Isuk-isuk Budi areke sekolah moro-moro udan deres, Budi langsung nyandak payung gawe budhal ning sekolahan. Pacak teko sekolahan ono pengumuman lek dina iki diadakne ulangan ndadak, jare gurune sing uwis cukup langsung oleh mulih, pacak eroh kuwi Budi langsung sinau mergo wektu wis mepet. Pas wayah ulangan kabeh nggarap ora ono sing rame blass amarga sing uwis iso mueh, tibake sing uwis disek yaiku Santi dheweke marem banget mergo oleh mulih disek, ora basa basi dheweke nyandak payung lan langsung budhal mulih pacak medon ko tangga dheweke kesandung gek tibo teros payung sing dicekel kuwi mau pucuke kenekan gulune Santi, getihe nyebar soko ngendi-ngendi murid sing eroh kedadehan kuwi langsung mbengok banter banget, kabeh guru langsung njunjung Santi ning UKS gawe pertolangan pertama, tapi nyowone wis ora kenek dislametne.
Bar kedadehan sekolah diliburne sedino gawe ngilangi traumane bocah-bocah, Budi syok karo matine Santi pas teko omah Budi langsung turu gawe ngademne utekke, Pas wayah turu dheweke ngipi yen ana bocah wedok sing tisiksa keji banget, bocah wedok kuwi bendino dibully koyoto bukune ditulisi aneh-aneh, ndase di slulupne ning WC, lan lia-liane, Guru-Gurune ora peduli ambi bocah wedok kuwi, dheweke lapor malah di entahi, saking ora betahe bocah wedok kuwi bunuh diri ceblok soko genteng sekolahan, Budi langsung tangi karo menggeh-menggeh dheweke kroso yen ngipine kuwi ana hubungane karo Maria.
Sesuke ning kelase Budi ana kegiatan wisata menyang Pantai Damas, kabeh nduwe kegiatan dewe-dewe ana sing renang, dolanan pasir, lan liya-liyane.
“Bud, ayo tuku panganan.” ujar Mia ning Budi
“Ayo, emange arek tuku opo awakmu?”
“Mangan bakso e adem-adem ngene ki penake mangan sing anget-anget.”
“Ayo lek no.”
Bocah loro kuwi akhire tuku bakso ning salah sijine warung, moro moro pas mangan Mia nangis
“Mia, awakmu ora opo-opo?” takon Budi
“Bud, awakmu kroso opo ora yen ono sing aneh karo Santi sakdurunge mati dek e mati?”
“Emange ono opo karo Santi?”
“Dheweke lekas omong ora jelas.”
“Omong ora jelas piye?”
“Santi mesti omong, yen dheweke ngipi gulune metu getihe.”
“Berarti, Santi kroso yen dheweke arep mati koyo mengkono.”
“Bud, aku ngroso yen kedadehan iki awakke dhewe bakal kena.”
“Husttt!!!, ojo muni sing aneh-aneh.”
Ora suwi Dedi teko
“Woyyyyy!!!, Budi!!, Mia!! Ayo numpak kapal bocah-bocah podo ngenteni.”
“iyo!!” ujar Budi karo Mia
Pas numpak kapal Budi nggumun, yen endah banget pemandangan ning Pantai Damas iki, ono pulau sing bentuke koyo kuro-kuro, wit mangrove sing asri, lan rumah apung. Bedo banget karo Kutha Bolorejo sing isine omah-omah, Budi eroh Dedi pencilakan ning kapal karo tangane diseleh ning banyu segoro.
“Ded, ojo pencilakan ning kene awakmu ngko ceblok lo.” ujar Budi
“Halah ora opo-opo, reneo Bud njajalo penak banget tenanan.”
Ora suwi ono ombak segoro sing gedhi ngeneki kapale Budi lan kanca-kancane, mergo kapale maleh oleng, Dedi sing pencilakan maeng nyeblok, dheweke ngeneki turbin kapal sing nggarai awakke Dedi pedot kabeh tangan, sikil, awak ,lan endas nyebar. Eroh kedadehan kuwi kabeh uwong ning kapal podo njerit, kabeh panik guru-guru ndak iso opo-opo akhire langsung nyelok warga Pantai Damas, gawe ngurus mayite Dedi.
Bar kedadehan kuwi kabeh bocah wedi arek sekolah, neng kelase Budi sing mlebu Budi karo Mia tok, liyane ora mlebu goro-goro ono koncone mati tragis, Mergo sing mlebu mok titik kabeh kelas didadekne siji dadi sak kelas, pelajaran koyo biasane guru-guru podo ngulang, tapi ono salah siji guru sing menurute Budi aneh sing mblebu kelas.
“Bocah-bocah garapen matematika hal 25” ujar Pak Guru
“Nggeh Pak”
Ora suwi moro-moro Pak Guru njumuk silet ning sakune
“Sepurane aku ora iso mbelani awakmu, sepurane! sepurane! sepurane!” ujar Pak Guru
Pas omong ngono Pak Guru langsung njojoh gulune dewe karo silet, getihe muncrat ngeneki murid-murid sing ono ning kono, kabeh podo mlayu muleh saking wedine, Budi maleh ngerti yen iki ulahe Maria sing dijenengi kutukan yaiku matine uwong-uwong sing tau mbully Maria mbiyen Budi langsung mikir, Budi bingung opo sing iso dheweke lakoni kanggo ngilangi kutukane Maria, akhire diparani toko boneka sing lawas kanggo nyetuki Maria
“Maria..!!!” celuk Budi ning Maria
Ora suwi Maria teko ning mburine Budi
“Ono opo Bud, awakmu?”
“Awakmu to sing nggarai Santi, Dedi karo Pak Guru mati”
“Wis tak omongi Bud, pindaho soko kene kae kabeh uwong elek”
“Maria, opo kudu ngene awakmu yen balas dendam”
“Awakmu ngerti to opo sing dilakoni bocah kabeh neng aku! karo Guru-Guru sing ndak peduli ambi aku!”
“Maria, aku ngerti opo sing dilakoni wong-wong ning sekolahan ning awakmu tapi ojo koyok ngene.”
“Aku ndak terimo Bud, gen kabeh ngrasakne opo sing tak rasakne!”
“Maria, omongo piye carane ngilangi kutukanmu iki wis kelewatan.”
“Kabeh kudu mati ndak enek sing iso ngilangi kutukan iki.”
Ora suwi Mia teko
“Mia?” ujar Budi
“Sepurane Bud, aku maeng meneng-meneng malu awakmu.”
“Nyapo awakmu rene” ujar Maria
“Maria, aku ngerti piye perasaanmu, tapi sepurane pas awakmu dibully bocah-bocah aku ndak iso nulungi awakmu mergo aku isih wedinan mbiyen”
“Lha teros awakmu arek nyapo”
Moro-moro Mia ngrangkul Maria karo nangis
“Wis Maria sepurane sing okeh aku ndak iso nulungi awakmu, Maria tulung maafno wong-wong sing enek ning sekolahan.” Ujar Mia
“Iyo Maria awakmu ojo balas dendam koyo ngene.” ujar Budi
Krungu omongane Mia karo Budi Maria malih cilik atine dheweke kroso yen perbuatane salah
“Wis tak maafne, kowe kabeh wis ndak usah kuwatir kutukane wis tak ilangi, aku nyesel wis nglakoni iki, matur suwun wing ngilingake aku.”
Bar kuwi Maria ngilang, Budi karo Mia lega yen wis ora ono opo-opo ning sekolahan.e
Ora kroso yen wis setahun sakwise kedadehan sing medeni kuwi Mia karo Budi wis lulus soko SMPN 1 Kaligereng, sakbare lulus bocah loro kuwi pacaran, mergo uwong tuwane Mia kui nduwe pabrik miyak goreng sing wis sukses, Budi nyarane mbakke kanggo kerjo ning kono, saiki uripi Budi karo Anis wis ora susah amarga gaji sing gedhe ning nggon kerjo pabrik e wong tuwane Mia.

Nama : Muhammad Bagaskoro
No. Absen : 17
Kelas. : XII IPA 4

KATRESNAN SING ADOH

Nama :Firdausi Nuzula
Kelas : XII MIPA 4
Sekolah : SMAN 1 DURENAN

Make Love

Aira Mita, kui jeneng sing diwenehi wong tuane pas deweke lair. Kanca kancane biasa nyeluk dek e Ira. Ira lair ing kutha Trenggalek. Ibuke, Sasmita uga asli wong Trenggalek, nanging Bapak e asli wong Madura. Awit cilik, Ira urip ning Madura, amarga deweke lan Ibuke pindah omah ning Madura ning tanah kelairane Bapak e Ira. Ira uga due adik, jeneng e Ifan.
Ira lan adik e di sekolahne ning Madura. Awit TK sampek SMP, Ira urip ning Madura karo keluargane. Sayange, pas Ira lungguh ning bangku SMP kelas 2, Ibu Bapak e pisah. Akhire sampek lulus SMP, Ira milih nglanjutne sekolah ning Jawa, kutha kelairane, Trenggalek. Ning kono, Ira namung urip karo adik lan mbah e, amarga Ibuke tetep milih urip ning Madura, kerjo dadi Guru. Ira iki urip mandiri, dewek e iso ngopeni adik lan mbah e, tanggung jawab e seorang Ibu, ditanggung Ira ning kene. Sak iki Ira sekolah ning SMA 1 Durenan, Trenggalek. Dewek e milih nglanjutne ning Durenan, amarga dewek e kepengin urip mandiri, ndue kanca akeh, lan iso ndue pengalaman sing akeh. Pas jaman arep mlebu SMA, Ira namung dewean, ora ndue kanca, amarga dewek e pindahan saka sekolah luar. Nanging saya sui, Ira mulai iso terbiasa karo lingkungan sekolah e. Dewek e uwis mulai ndue kanca akeh, mulai dikenal karo guru gurune, lan iso ngakrabi kanca kancane.
Wintala Fatma, salah sijine bocah sing paling akrab karo Ira. Ira mulai cedek karo Wintala, awit dewek e kelas 2. Wintala iki asline wong Tulungagung, nanging dewek e mondok lan sekolah ning SMA 1 Durenan kui. Saben dinane, wintala iki mesti bareng karo Ira. Wintala iki wonge penakan, grapyak karo kanca liane, lan penyabar. Saking penakane Wintala iki, saben ndue masalah, Ira sering nyritakne masalahe ning Wintala. Wintala iyo ora sungkan menehi solusi ning Ira. Wintala iki bocah seng ora tau cedek karo cah lanang, jarene dewek e isin lek nyanding cah lanang. Sampek sampek dewek e urung ndue konco rengket jaler awit SMP. Beda adoh karo Ira, awit SMP, Ira iki akrab ora mung karo bocah wedok, nanging dewek e iyo akrab karo bocah lanang. Dewek e ndue konco rengket jaler, jeneng e Fani Adam, celukan e Fani. Dewek e karo Ira uwis kenal sui awit Ira SMP kelas 2 sampek sak iki. Fani iki wonge sabar, apikan karo bocah wedok, utamane Ira, dewek e ora tau nglarani atine bocah wedok, sampek sampek Ira iki ndue rasa sayang sing ora iso di ungkapne gawe kata kata marang Fani. Nanging kabeh iku ora dadi bahagia selawase, amarga pas Ira pindah ning Jawa, dewek e malih adoh karo Fani, LDR an. Fani iso nerima kenyataan lan keputusan e Ira. Selain Fani sing penyabar, Fani iki termasuk wong seng iso mikir dewasa, dewek e iso ngebimbing Ira, iso dadi wong tuek marang Ira.
3 taun dewek e lan Ira LDR an, masalah masalah sering muncul ning hubungane dek e. Salah sawijine yaiku, amarga Ira lan Fani iki uwis ora ono wektu gawe cethuk an, Ira sing uwis kelas 3 SMA, lan Fani sing uwis Kuliah. Ira dewe bingung kudu nyikapi pie. Akhire dek e crita marang Wintala. Wintala uga bingung kudu menehi solusi pie, amarga dewek e iyo urung ngerti sifat lan karaktere Fani.
Akhire, Wintala nduwe solusi sing iso ngrampungne masalah e Ira. Wintala jajal ngehubungi Fani, lan jajal nekoni masalah sing sebenere. Nanging Wintala iki wedi, wedi lek Fani nesu nesu, lan wedi lek malah ngerusak hubungane Ira karo Fani. Ning, Wintala kudu iso ngrampungne masalah e Ira. Akhire dewek e ndue keberanian, Wintala terus jajal ngehubungi Fani, sampek akhire Wintala iso nyambung kontak karo Fani. Wintala kaget, dugaane salah, tibak e Fani kui wonge apik an bener karo sing di critakne Ira ning dek e. Sayasui, Wintala lan Fani cedek. Ora mung nekoni tentang msalah hubungane Ira karo Fani, nanging Wintala iki iya ora sungkan nekoni sekabehane tentang urip e Fani ning Madura. Saben dinane, Wintala lan Fani iki sayasui saya cedek. Sampek akhire Fani ngejak Wintala ketemuan. Wintala bingung kudu nyauri kepriye, amarga deweke kui isinan marang cah lanang, opo maneh dijak ketemuan.
Tapi Wintala kudu iso ketemuan karo Fani, amarga deweke uwis janji nyang Ira, lek dewek e bakal ngebarne masalah hubungane Ira karo Fani. Akhire Wintala setuju karo rencanane Fani, dewek e sing nentokne tanggal ketemuane. Fani marem ora ketulungan, dewek e ngenteni dina ketemuane karo Wintala.
Ning sekolah, Wintala cerita marang Ira. Ira kaget karo critane Wintala sing di jak ketemuan marang Fani, amargaa Ira dewe urung ketemu karo Fani semenjak kelas 2 iki. Ira malih ngerasa anyel karo Fani lan Wintala, dewek e salah tampa marang Wintala. Nanging Wintala iso jelasake maksud rencana ketemuane dek e karo Fani. Wintala malih ngerasa bersalah banget karo Ira, nanging Ira mulai iso nerima penjelasane Wintala, lan ora nganggep kui masalah sing gede. Tapi Ira panggah ngerasa ora penak, dewek e bingung karo Fani, amarga Fani ora ngehubungi dek e ket masalah iki muncul. Fani ngilang, ora tau ngabari maneh, nanging Ira panggah mikir positif marang Fani. Opo sing di lakoni Fani ning kono, panggah di tampa apik ning Ira.
Sesuk e, pas wayah wengi, ning omah Wintala ngehubungi Fani lewat sosial media Whatsapp. Dewek e tekok tentang rencanane Fani sing ngejak cethuk an. Wintala mutusne ketemuan dina Minggu, tanggal 12 September 2019, pas dewek e libur. Akhire Fani iyo setuju pas dina kui, dewek e iyo ora ana jam kuliah. Fani mutusne ngejak ketemuan ning daerah Surabaya, ning caffe. Dewek e iyo arep ngejak Wintala keliling Surabaya. Tapi Wintala ora gelem, amarga deweke ngerasa ora penak karo kancane, Ira. Niat e dek e namung mbalekne hubungane Ira karo Fani supaya apik maneh. Fani panggah ngejak Wintala, ben gelem di jak muter muter daerah Surabaya, Fani iyo omong marang Wintala, lek dek e ora bakal nyapo nyapo karo Wintala. Akhire Wintala setuju setuju ae karo rencana sing dimaksud Fani. Fani malih ora sabar cethukan karo Wintala
Ternyata sayasui, hubungan e Wintala karo Fani soyo cedek, nanging namung sewates kanca. Tapi Wintala soyo ngeroso ora penak karo Ira, amarga Fani saben dinane sering ngehubungi Wintala. Wintala dewe bingung kudu nyikapi piye, amarga iki salah sawijine cara, amrih apik e hubungane Ira karo Fani.
Lewat chatting, Wintala ngabari Ira, dewek e ngomongi Ira lek dek lbakal ketemuan karo Fani dina Minggu iki, Ira setuju, nanging ning njero atine, dek e ora ikhlas Fani ketemu karo Wintala. Ira namung iso pasrah, dek e percaya karo Wintala lan Fani.
Sesuk e, dina Minggu, wektu sing di enten enteni Fani, akhire dewek e bakal iso ketemu karo Wintala. Dewek e langsung siap siap lan budal ning Surabaya. Beda karo Wintala, Wintala ora seneng, nanging dewek e wedi, wedi lek misal e Fani salah tampa karo maksud lan niat e dewek e ketemu karo Fani. Tapi dek e ora lali karo janjine marang Ira, akhire dek e mekso budal ning Surabaya. Teka Surabaya, dewek e kaget, tibak e Fani uwis ngenteni dek e ning caffe sing di janjikne. Wintala soyo ndredeg ketemu Fani, dewek e canggung ketemu karo cah lanang. Dewek e langsung lungguh ning ngarep e Fani, lan ngawiti obrolan. Wintala akhire crita ning Fani, Fani seneng, tibak e Wintala wonge penakan banget lan penak di jak crita. Wintala terus crita tentang Ira, tentang masalah hubungane Ira karo Fani. Sampek akhire Fani ngerti maksud lan tujuan e Wintala ning kono. Fani uga crita nyapo dewek e ndue masalah sampek tukaran karo Ira, tibak e Fani ora demen karo bocah wedok sing sering nuntut wektu ning dek e. Sampek akhire Fani crita ning Wintala, lek dewek e pingin ngebarne hubungane karo Ira, lan pengen Wintala dadi penggantine. Wintala kaget karo apa sing diomongne Fani, Wintala ora ngerti maksud omongane Fani kui, tibak e Fani salah tampa marang dek e, Wintala ora ngerti nyapo Fani malah kepingin pacaran karo Wintala, sedangkan Wintala dewe ora tau taune kenal karo cah lanang, opo maneh sampek pacaran. Akhire Wintala crita sing sebenere ninh Fani, tentang Ira sing sayang banget karo Fani, lan ora kepingin sampek pisah. Tapi Fani panggah ngengkel, dewek e uwis ora kuat karo bocah wedok koyok Ira, sing sering nuntut wektu lan sembarangane, ,sing gawe Fani kuciwo marang Ira. Wintala soyo ora kuat karo penjelasane Fani, akhir e Wintala langsung mulih saka caffe kui, dewek e langsung balik ning Trenggalek. Dewek e balik karo nangis ning dalan, bener bener ora nyangka karo apa sing diomongne Fani nyang dek e. Dewek e iyo bingung, kudu jelasne pie ning Ira, amarga Wintala dewe ngerti sifat lan karakter e Ira, lek dek e uwis sayang karo cah lanang siji, iyo dek e ora bakal iso ngadoh apa maneh nyanding lanangan lia.
Sesuk e ning sekolah, Wintala cethuk karo Ira, nanging dewek e ora wani nyritakne tentang kejadian dek wingi karo Fani, Ira panggah mekso Wintala crita, akhire Wintala crita sing sebenere ning Ira, lek Fani uwis ora pingin nglanjutne hubungane karo Ira, Fani wis ora kuat karo Ira, Fani pengen putus karo Ira. Ira kaget lan langsung nangis, ora ngerti karo maksud sing di critakne Wintala ning dek e, Ira ora nyangka lek Fani bakal ngebarne hubungane karo dek e, Ira bingung kudu pie, akhir akhir iki Fani iyo ora ngehubungi Ira, sampek akhire pas dina kui, enek chat whatsapp mlebu ning hp ne, ternyata kui saka Fani. Ira maca karo nangis, Wintala bener, ternyata Fani bener bener pingin ngebarne hubungan e. Ira soyo nangis, dek e wis ora kuat maneh karo Fani, akhire dek e ngomong apik apik ning Fani, lek dewek e iso nrima ikhlas lan legawa.
Ternyata, hubungan jarak adoh ora ngejamin wong pacaran bakal awet selawase.
TAMAT.

KATRESNAN

Jeneng: Sayidina Tegar
Urut :26
Tataran: XII-MIPA 4

Wus….wus….wus….suara angin ngentremake kahanan ing desa Banyumas. Wong wong ane grapyak lan ramah salah sijine ana bocah lanang seng jenenge wisnu, dheweke amung urip karo ibukke, dheweke nduweni sifat seng apik yaiku sregep, lan patuh karo ibukke, dheweke wis ora skolah amarga keadaan ekonomi seng sarwa kekurangan, yen ibukke nduweni sifat keras, tapi sayang banget karo anakke. Wisnu anak yatim piatu bapakke ninggal pas Wisnu sek umur 7 taun.
Saben dina esuk kahanan desa Banyumas mesthi rame amarga kabeh uwong pada njalanke tugasse karo penggaweane dewe dewe, pada karo Wisnu dheweke mesthi ngewangi ibukke ing pasar, dheweke demen iso ngewangi ibukke, saktenane Wisnu pengen banget dadi wong seng sukses lan iso mbahagiakne ibukke.
Wis rong taun Wisnu pedot sekolah, dheweke jane pengen banget iso nerusne sekolah koyok kanca kancane. Wisnu nduweni kanca jenenge Ani, dheweke wis telung taun kancanan karo Ani. Sebenere Wisnu nduwen perasaan neng Ani, tapi Anine urung ngerti lek Wisnu nduweni perasaan neng dekke.
Ing cedek sawah Wisnu lan kanca-kancane mesthi kumpul. Dheweke nduwe kesenengan mancing neng kali cedek sawah, kanca-kancane yo melu mancing neng kono, mulane saben saben sore jam telunan dheweke karo kancane kumpul gek mancing bareng. Wisnu mesthi oleh iwak akeh dewe tinimbang kanca-kancane. Sakwise ngono Wisnu banjur bali menyang omahe, ibukke seneng banget amarga hasil pancingane anakke mesthi akeh.
Limang taun, dheweke wis umur telu likur, saya gede rupane Wisnu saya bagus lan gagah, ora ana wong wedok seng ora demen karo Wisnu, nanging dheweke ora nggubris wong wedok-wedok kuwi. Amarga dhewekke wis ndemeni wong liyo, yaiku Ani wong wedok seng cedek karo Wisnu, dheweke iso ndemeni Ani amarga, sifate Ani seng apik, sregep, kalem, patuh karo ibukke, demen ngrewangi kancane seng kenek musibah, lan sholeh.
Ing omahe Ani, dheweke ngrewangi ibukke masak Ani bocahe sregep lan demen tandanf gae mulane akeh seng demen karo Ani. Keluargane Ani terkenal sugeh ing desa Banyumas, nanging keluargane ora pernah sombong. “Nduk awakmu iso tuku gula neng warunge Bu Inah?” Pitakone ibukke nyang Ani. “Saget bu pundi yatranipun?” Ujare Ani. “Iki nduk tukuo limang kilo yo?” Ujar ibukke. “Inggih buk” ujar Ani.
…Neng warunge Bu Inah…
“Eh, nduk Ani arep tumbas opo? Ujar Bu Inah
“Badhe mundhut gula limang kilo, buk” ujar Ani
“Oh niki nduk, opa neh?” Pitakone Bu Inah
“Sampun niki mawon buk” ujare Ani
Ing dalan Ani cetukkan Wisnu, ” eh Ni tas ko ngendi?” Pitakone Wisnu nyang Ani.
“Tas ko warunge Bu Inah” ujare Ani
Neng atine Wisnu sebenere arep ngungkapne perasaane nanging dheweke sek ragu
“Ni awakmu ndak pengen dolan ngono?” Pitakone Wisnu
“Aku repot Nu, kapan kapan ae yo..” ujar Ani
“Oalah iyo lek no” ujar Wisnu.

Ing desa iku ketekan warga anyar pindahan saking kota, wonge sugeh banget yaiku keluargane Pak Bekti, Pak Bekti nduweni garwa kang jenenge Bu yanti, Pak Bekti yo nduwe anak jenene Nia, dheweke nduwe sifat sombong, gampang sugetan, lan licik.
Wis rong minggu, Nia saya ngetokne sifat asline dheweke tukang mamerne bandhane nanging, dheweke neng kono nduwe geng.
Ing dalan Ani ra sengaja nabrak Nia.
“He weki Biasa e lo, lek mlaku isa isane nabrak aku!” Onenane Nia nyang Ani
“Maaf aku ndak sengaja” ujare Ani
“Heleh weki arep ngejak gelut aku to, ngaku o e lo!” Ujare Nia
“Ndak aku tenanan, ndak sengaja” ujare Ani
“Yo wes titenono sok lk we nabrak aku neh!” Ujare Nia
Bar kuwi Nia ngaleh ninggalne Ani

Wisnu lan Nia sak tangga mulakno, wong loro kuwi mesthi cetukkan. Nia nduweni perasaan nyang Wisnu, tapi Nia wis ngerti lek Wisnu ndemeni Ani. “Eh wisnu arep neng ngendi?” Pitakone Nia nyang Wisnu. “Arep neng Mae Ani” ujar Wisnu. “Panggah lk neng mar Ani ae, nyapo jane we rono terus?” Pitakone Nia. “Uduk urusanmu” ujar Wisnu karo ngaleh ninggalne Nia.
Ing omahe Ani, wisnu omong omongan karo Ani
“An sebenere aku nduweni perasaan nyang awakmu” ujare Wisnu
Ani sek meneng…
“Ndak po po lk aku ra ko trimo” ujare Wisnu.
“Aku gelem kok Nu:)” ujare Ani.
Neng atine Wisnu demen banget, sampek ndak kenek diungkapne liwat kata kata.

Kabar Ani karo Wisnu arep rabi wis rame
Opo neh Nia krungu disek dewe, tapi dheweke wis ra cemburu masalae dheweke yo nduweni calone dewe, pas dipikir pikir Nia ikhlas dheweke pilih karo liane.
Wong tuane Ani lan Wisnu setuju, Wisnu karo Ani seneng banget karo keputusane wong tuane.
Limang wulan, Ani lan Wisnu sah dadi manten, keluargane lan kabeh kerabate padha seneng, lan padha teka ing kono.
Ani lan Wisnu urip bareng selawase.
…RAMPUNG…

TULUSE ATI

Desti Linda Dwi Rahmawati
07
XII IPA 4
SMAN 1 DURENAN

Ing wayah bengi kang sunyi bebarengan ing wayah rembulan mancarke sinar kang katon endah, ana wong wedok kang lagi ngrenungake kahanane, wong wedok iku nduwe jeneng Pipit Rohaya, deweke manggon ing deso Tegal Kulon. Pipit saiki isih kelas 3 smp, deweke bocah sing pinter, gumati marang wong tuane lan andhap asor.
Nanging deweke ora nduweni dukungan lan perhatian soko wong tuane, deweke sekolah disambi kerjo kanggo biaya sekolah amergo wong tuane ora ngurusi pipt, amergo kahanan kuwi pipit banjur golek perhatian marang wong lio nanging soko coro sing kliru, deweke malih nakal, ora tau mlebu sekolah,ora tau muleh neng omah lan isek akeh kebiasaan elek sing dilakoni pipit, kebiasaan sing apik sakkal ilang kaya-kaya pipit wis ora bakal iso berubah, ananging ora ana sing weruh atine pipit sing nangis keronto-ronto soyo suwe pipit ora dinggep marang wong tuane lan ing lingkungane deweke wis dadi bahan gunjingan ning desone, pipit sing bien disanjung saiki wis dicap ala.
Sak banjure metu SMP pipit dijak budhene, deweke disekolahke karo budhene lan dirawat kanthi apik, suwe-suwe pipit mbalik ning watake sing bien amergo deweke rumongso wis dingei perhatian lan dukungan marang budhene, deweke nduweni tekat bakal mbales budi marang budhene, deweke bakal sekolah sing sregep lan ora bakal nguciwakne budhene.
Wis oleh setaun anggone pipit sekolah banjur deweke oleh kabar yen wong tuane lara-laranen lan njaluk pipit muleh menyang wong tuane.
“ Assalamu’alaikum !“ ( tonggone pipit telfon )
“ Wa’allaikumsalam. “ ( jawabe pipit )
“ pit, tulung balio menyang omah, wong tuamu lara-laranen kepingin weruh sampean muleh !”
“ Masya’allah tiang sepah kula gerah nopo pak ?” ( jawabe pipit karo gelisah )
“ Wis pokoke sampean kudu muleh nduk ngemano wong tuamu panggah nyeluk-nyeluk jenengmu.”
“ Inggih pak kula tak wangsul nemoni tiang sepah kula, matur suwun nggih pak sampun dikabari.”
Sak bare pipit krungu kabar yen wong tuane lara-laranen lan nggoleki, pipit banjur trenyuh atine, pipit banjur muleh marang wong tuane lan ngubur jeru cita-citane amergo deweke ora iso nglanjutnen sekolah lan kudu nafkahi wong tuane sing lara-laranen kuwi mau kanthi direwangi isuk bengi.
Wong tuane pipit banjur sadar yen opo sing dilakokne wektu rikala semana kuwi kliru lan ngrumongso nggetuni sing ditindakkake marang pipit. Banjur pipit didukung wong tuane lan ngerih-ngerih kon nerusne sekolah melu paket C.
“ Nduk pit, ngapurone sing akeh wong tuamu iki wis nyiak-nyiakne sampean nduk.” ( Wong tuane ngomong karo nangis ngguguk nggetuni perbuatane )
“ Pak, bu pun to mboten usah digalih kula sampun narimo sedanten, kula nggih nyuwun ngapunten dhateng njenengan kula sampun ndamel njenengan kuciwa.” ( pipit karo nangis njaluk ngapuro marang tiyang sepahe )
“ Nduk, ndak usah njaluk ngapuro, pancen bapak ibu iki sing kliru nduk, ndak iso menei ragat kanggo sekolahmu, saiki bapak ibu wis koyo ngene iki nduk. Sepurane sing gede yen durung iso gawe sampean bahagia.” ( ibuke pipit kro nangis keronto-ronto )
“ Pun to buk kula sampun nrimo legawa pancen niki sampun digarisne kalian Gusti Allah yen lakon urip kula ngeten niki, mugi-mugi niki lantaran saking gusti Allah yen kula mbenjing bakal sukses lan saget nyenengake bapak kalian ibu, kula namung nyuwun dunga kalian bapak ibu.” ( pipit karo nyakinne wong tuane masio ing batin keronto-ronto )
“ Iya nduk bapak lan ibu bakal ndungo marang gusti yen mbesuk sampean bakal nemoni kesuksesan.”
“ Inggih bu matur sembah nuwun.” ( pipit karo bungah lan saknaliko nutupi larane )
“ Nduk bapak karo ibu kepingin sampean nglanjutne sekolah, nanging bapak kro ibu ndak iso ngragati sampean nduk.”
“ Inggih bu kula nggih gadah cita-cita badhe nerusake sekolah kula, nanging kula taksih badhe klumpuk-klumpuk yotro damel ragat sekolah kula.”
“ Iya nduk bapak ibu mung iso ndungokne mugo-mugo sampean kasil marang gegayuhanmu!.”
“ Inggih bu matur suwun.”
Direwangi kerjo lembur isuk teko bengi, akhire pipit iso nglumpukne duwit kanggo daftar sekolah banjur deweke sekolah paket C. Pipit sinau lan nekuni sekolahe amergo deweke nduweni gegayuhan yen bakal sukses lan mbahagiakne wong tuane.
Wis ana rong taun anggone neruske sekolah, pipit wis lulus lan oleh nilai sing apik, banjur deweke ditompo kerjo. Akhire pipit oleh penghasilan sing tetap lan deweke mbuktekke iso mbahagiakne wong tuane.
Gegayuhan ora bakal kewujud yen tanpo perjuangan, pengorbanan, dungo saking wong tua. Sejatine Gusti Allah wis nggarisne takdir kang endah ing setiap umate.

KALIMA BISA


Sapa sing ra ngerti Suroboyo kutha gedhe lan kutha metropolitan kalebu kutha sing paling tua ning Indonesia. Urip ing kotagede ora kaya urip ning desa. Urip ing kutha gedhe kudu rosa, rosa tenagane, rosa pikirane, lan rosa imane. Jenenge kutha gedhe yo mesthi pendidikane maju mula saka iku okeh kampus utawa universitas sing ana ning surabaya. Ora kena dipungkiri yen surabaya pendatang sangka daerah liya kanthi tujuan sing beda-beda salah sawijine yaiku kanggo kuliah.
Kayata Sugeng asline wong ponorogo bapak e duweni sanggar taei reog. Sugeng manyang surabaya kanggo kuliah. Mudun sangka bis sugeng bingung arek nyandi gulek kos-kosan, amerga sugeng urung ngerti daerah kasebut. Banjur sugeng salat dhuhur ing mushola terminal. Ing mushola iku ana uwong sing lungguh lan ngajak sugeng jamaah. Sak wise jamaah sugeng takon marang wong iku “namine sinten mas?” takone sugeng. “kula kandar mas” saurane wong iku kanthi alus, sugeng takon maneh”njenengan asli tiang mriki nopo pundi mas?”. Kandar nyauri karo mesem “mboten mas kula sakwng Jombang, wonten nopo nggih?”. “mboten mas niki lo kula ajeng pados kos-kosan dateng daerah mriki nopo wonten mas?”.takone sugeng karo ngarep-ngarep. Kandar nyauri karo wajah sumringah” oh kepener lek ngoten mas, niki kula nggih padoa kos-kosan engkang celak mriki, niki kula gadah poster kos-kosan panggenane celak mriki”. Sugeng ngadek lan muni” nggih lek ngoten kula tumut sampean mawon” uni ne sugeng karo wajah seneng. “monggo mas” saurane kandar karo ngdek cepak-cepak.
Kandar yaiku nomnoman kang alim, bapake dadi pengasuh ing salah sawijining pondok ing daerah Jombang kandar ning suroboyo kanggo tujuan kuliah. Sak tekane ning kos-kosan cah loro kuwi mau nemoni ibuk kos e. Kandar lamgsung takon”buk niki taswk wonten panggenan damel tiang kaleh?” ibuk kos e nyauri”enek le tapi sak kamar wong lima saiki uwis enek wong telu sing ngisi kamar kuwi sampean nopo purun le?”. Merga ws ora enek pilihan liya kandr lan sugeng langsung setuju lan manggon ning kos kasebut.
Pas sugeng mbukak lawang pangsung kenek disawang ana amben kang jumlahe lima kang bentuk e amben tingkat sing telu wis diisi wong karek loro. Sugeng langsung ngomong neng kandar “ndar kok ruame yo?”. Kandar langsung nyaut “biasalah lek ngeneki biyen aku pas ning pondok malah luweh parah geng.” Sugeng lan kandar mlebu ning njero lan kenalan.
Tibak wong telu sing ning jero kamar kuwi mau pada pada cah kuliahe sing asale soko njobo surabaya. Sing lungguh ning amben ngisor sing poncot jenenge Guyus, bocahe lemu ireng lan gondrong omahe asline songko banyuwangi lan piter nyanyi.
Ning amben duwure guyus jenenge Surya. Surya duweni rai sebg brewok,gagah lan medeni bapak e juragan sapi ning medura. Yen sing lungguh ning kursi lan ngadep laptop jenenge Toni bapak e toni duwe usaha konter ning malang. Toni ancene pinter yen masalah teknologi.
Kalima wong iku soyo suwe soyo kenal lan ngerti keadaane masing wis kaya dulur dewe amerga kabeh duweni nasib sing pada yaiku kuliah lan urip mandiri ning kutha gedhe surabaya. Kalimane uga duweni sipat lan kaunggulan kang beda-beda sing malah ngraket ake kalima wong kasebut.
Sugeng ning surabaya kuliah njupuk jurusan Hukum, yen kandar njupuk jurusan Pendidikan Agama Islam amerga kandar biyene bocah pondok dadi ya pantes wae. Guyus njupuk jurusan seni, yen Surya jupuk jurusan Peternakan, lan Toni jurusane yaiku Teknologi Informasi. Kalima uwong iku mau kuliah ing niversitas sing podo yaiku slah siji universitas sing terkenal ning surabaya.
Kalimo bocah kwi mau wis mlebu kuliah kaya biasane lan nglakoni kuliahe dewe-dewe tapi panggah bareng-bareng kayata pulut kelet ra kena dipisah. Kalima bocah kwi mau akrab banget lan pada dukung siji pada liyane. Bocah lima kwi mau wis nglakoni urip ning surabaya sewulan suwene. Jenenge urip ning kutaha gedhe ya butuh biyaya urip sing gedhe nah tekan kene kalima bocah kuwi pada ngalami permasalahan sing pada ya iku butuhake biyaya urip sing ora titik. Duwek sing lek ngirimi wong tuane among bisa kanggo mbayar kuliah. Songko permasalahan iki perjuangan dilekasi.
Kalima bocah kuwi mau kudu urip mandiri ning kutha gede sing abot persaingane. Muleh sangka kuliah bocah lima kwi mau kumpul ning kamar kost podo koyo biasane lab curhat-ngenani masalah kasebut lan kabeh bocah masalahe podo yaiku intine butuh duwet.
“ngene kanca-kanca kabeh awak e iki urip ning kene butuhake duwek ora ana sing gratis”omonge Sugeng. Langsung disaut guyus ” iyoo bener iku aku butuh mangan tapi ra duwe duwek”. Suraya nyauri guyus “halah yus kowe ki mung panganan e pikiranmu, iki piye carane carane iso gulek duwek kanggo mangan?”. Kandar usul karo ngacung”yok opo yen sak iki awak e donga wae supaya oleh duwek” kancane ngguyu kabeh. Toni nyauri “donga tanpo usaha ora ngatasi masalah ndar”. Sugeng ngomong lan mikir “tapi awak e kudu usaha piye yo?”. Surya langsung nyaut “Ternak sapi wae!!?”. Kandar nyaut lan nggeplek surya “sapi ko hongkong??!” pada ngguyu kabeh. Surya noleh ning toni sing nyekel hp ket mau karo ngomong “woy nyapo wei ton panggah dolanan hp wae mikiro iki piye nasib e awak e yen ora mnagan?”. Toni langsung nyupot headset “sorry bro aku youtuban apik iki lucu banget njayy”. Liyane langsung melok ndilok. Sugeng langsung ngadek “wah aku eroh carane bene awake iso oleh duwet”. Kabeh langsung nyawqng sugeng. “tenan piye???,piye?piye?” saurane kabeh.
Sugeng njelasne “ngene-ngene lungguh kabeh, guyuskan pinter nyanyi lan mawn musik kandar yo vokalis hadrah biyen suarane yo apik piye yen awak e gawe cover lagu mengko diupload ning youtub, piye?”. Toni langsung ngadek lan ngomong “wuih sip mantap iku, sakiki cover lagu lagi trending ning youtub mesti peluange gedhe iki, masalah youtub wes serahno neng aku!”. Surya motong omongan “sek sek sek tapi piye awak e oleh alat musik e?”. Toni nyaut gawe alat musik digital wae songko hp enek aplikasine ning playstore”. Guyus kukur kukur sirah lan masang wajah bingung lan ngomong ” iso ta koyok ngunu iku?”. Kandar nambahi “lhayo lek iso brati donyo iki wis maju masyaallah”. Sugeng nengahi “ya wis dijajal disek wae yo”. “yo jajal wae sek bismillah” kabeh kompak nyauri Sugeng.
Sak wise rembukan kalimane pada nglakoni tugae dewe-dewe, surya sing pinter maen gitar download aplikasi gitar, Kandar download aplikasi drum. Surya takon ning kandar “kon isa maen iku ta?”. Kandar nyauri kanthi sombong “iso lah, aku biyen tukang nabuh bedug neng mesjid”. Sugeng download aplikasi piano mergane Sugeng kawet cilik pinter maen piano, Guyus sing nyanyi lan Toni seng ngedit vidione.
Kalima bocah mau saben muleh kuliah latian nganggo alat musik digital songko hp ne dewe-dewe sampek seminggu suwene. Kalima bocah mau soyo suwe soyo ngusai bagiane dewe-dewe. Kalima bocah mau langsung njajal ngecover salah siji lagune Didi Kempot banjur langsung diedit Toni trus diupload ning youtub. Seminggu sakbare iku vidione dadi trending ning youtub lan sing ndilok tambah akeh. Kalima bocah kuwi mau soyo semangat lagu liane lan vidione tambah viral lan amerga unik yaiku bisa ngovee lagu sak musik e mung gawe hp wis kaya gawe alat musik tenanan.
Sesasi sakbare kuwi kalima bocah kuwi mau wis oleh penghasilan songko youtub sing wis bisa nyukupi kebutuhane saben dinane. Promosi utowo iklan wis podo okeh sing nawarke ning youtube. Kalima bocah kae mau soyo suwe soyo sugeh lan okeh diwite tambah maneh soyo terkenal. Sampek-sampek bocah-bocah kuwi kerep diundang ning acara TV. Mergo kasuksesane kuwi kalima bocah iku diwenehi penghargaan sangka universitase. Malah kalima bocah mau bisa nginspirasi mahasiswa liyane karo kasuksesane.
Senajanto terkenal lan bandane okeh nanging kalima bocah iku ora sombong lan gumedhe ati malah sewalik e kalima bocah iku sering ngenekake donasi,santunan,lan kagiatan sosial liyane. Sing paling penting yaiku kalimo bocah iku panggah njogo konsistensine ngembangne ide ide kreatif liane dadi wong sing delok youtube ora bakal iso waleh.
Nganti 4 taun kalima bocah mau lulus sangka kuliahe lan balek ning kuthane dewe-dewe lan wis kerja lan panguripan dewe-dewe. Senajan ngono kalima bocah iku kerep cerhukan lan isek nyempetne wektu kanggo gawe konten sampek biso gawe lagu dewe judule yaiku “Mo Lima” sing isine urip sing bener lan tetep iling marang Gusti.

“Sejatine apa-apa penggawean sing apik yen ditekuni kanthi ngati-ngati bakal nyenengne ati lan nggowo rejeki”
————KALIMA BISA————
Jeneng. : HELLIDO ARIYA WALIUDINI
Urut kaping : 14
Tataran. : XII IPA 4
Pawiyatan : SMAN 1 DURENAN

KEFITNAH UJUNG UNTUNG

Jeneng : Shela Nahari Putriana Dewi
Tataran kaping : XII IPA 4
Urutan kaping : 27
Pawiyatan : SMA Negeri 1 Durenan


Langite sing cerah, hawane sejuk lan adhem, secerah lan sepadhang atine Olivia. Dheweke neng taman lungguh bareng karo Aldi. Dheweke gugup, amarga neng kono Aldi nggowo buket kembang, dadi Olivia malih nggreweli lan salah tingkah sampek keringeten, dheweke wes nduwe firasat lek Aldi arep nembak neng taman kono.
Liv, iki aku nggawa buket kembang kanggo awakmu. Opo awakmu gelem nampa buket kembang saka aku iki?
Olivia gugup arep nompo kembang kuwi, atine ndredheg, saking gugupe tangane ngeder, ora let suwi moro moro dheweke digepuk nggawe guling. Dheweke bingung mara mara Aldi nggepuki nggawe guling sing embuh gulinge kuwi saka ngendi, dheweke ndomblong banjur Aldi nggepuk eneh, padahal sing sakjane kedaden pas kuwi…
“NDHUUKKKK!!!! TANGI TANGI TANGI SHUBUH SRENGENGENE WIS MLETEK KAE LO, WAYAHE SHOLAT!!” Gugah Bu Nurma karo nggepuk Olivia nggawe guling sing isik molet ora gelem tangi.
“Hoaammmmm” Olivia molet karo klakepan, ibuke gepuki Olivia nggawe guling soyo banter amarga Olivia ora gelem tangi.
“Aduh aduh aduh aku ojo di gepuki to lah buk. Kembangku mengko rusak” Olivia tangi lungguh neng amben karo merem.
“Kembang opo lo shubuh kae lo, srengengene selak mlethek, ra wedi karo Gusti Allah”
“Bukk aku meng di wenehi buket kembang ko Aldi endi buk?” Rengek Olivia
“Alahh Aldi Aldi ae tangi tangi, turumu miring. Ngipi ae panggahan. Makakno to dadi bocah ojo lek panggah kakehan halu ae. Wes jam setengah enem kae lo.”
Olivia lekas tangi, dheweke isik nglumpukne nyawa arep mlaku menyang njeding, banjur ndelok jam tibakno jam setengah enem.
“IBUKKK YAALLAH NYAPO AKU RA DIGUGAH KAWIT MAENG!!!” Olivia panik langsung mlayu menyang njeding. Sakwise sholat Shubuh, dheweke langsung nyapu latar sing wis dadi kebiasaane pas wayah esuk bar sholat Shubuh. Olivia kuwi anak mbarep saka loro bersaudara. Jeneng lengkape Olivia Agatha Kinan, sing biasa diceluk Oliv utawa Via. Umure 17 tahun. Kelas 12 SMA. Dheweke sekolah nyang SMAN 1 Garuda. Sakliyane kuwi, Olivia uga nduwe adik lanang sing jenenge Muhammad Faishal Syabana, sing isik cilik, umure 11 tahun lan kelas 5 SD.
—–***—–
MBAAAAKKK!!! Kaos kakiku putih neng ngendi? Kok jupuk to? Faishal mondar mandir bingung amarga nggoleki kaos kakine sing ra cethuk cethuk.
Kok tuman to sembarangan ae, aku ngumbah kaos kakimu ae ora, opo meneh njupuk. Dasar adik durjana. Jare Olivia saka njero kamar karo macak arep budhal sekolah.
Terus neng ngendi? Tak omongne ibuk mengko mbak lek ngapusi. Faishal wes kembik kembik kudu nangis amarga kaos kakine urung temu.
Ora beda karo saudara saudara liyo, mbak yu adi iki penggaweane yo kerah, tukaran, jarak-jarakan, lek sing siji kadung ra enek lagek nggoleki. Bapak karo ibuke gur iso godeg godeg nyawang tingkah anak lorone kuwi.
Pak, Buk. Oliv budhal sekolah Assalamualaikum. Pamit Olivia arep budhal sekolah karo nyium tangan wong tuwa lorone.
Ndak sarapan disik to Ndhuk? Iki ibuk masakne tempe demenanmu
Mboten Buk selak kasep.
Yo wis gek ndang budhal, ati-ati ojo mbalap-mbalap lek numpak montor. Weling Bu Nurma marang Olivia.
Olivia banjur budhal sekolah numpak montor. Jarak omahe Olivia sampek sekolahane ora adoh, gur mbutuhne wektu 15 menit lek numpak montor. Masuke sekolahane iku jam 7 kurang seprapat, Olivia teko 5 menit sedurunge bel lan gerbang ditutup.
Bar markirne pedahe montor, Olivia langsung menyang kelase, yaiku kelas 12 IPA 2. Olivia iku bocahe dikenal ramah, penak bergaul, yo ayu pisan. Dhuwure mungkin sekitaran 155 cm an, cilik tapi aktif. Makakno kuwi okeh bocah neng sekolahan kono sing kenal Olivia.
“Oliviaaaa!!! Sapa Retha kanca kenthele Olivia, karo dada dada neng ngarep lawang, Retha karo Olivia kuwi wis dadi kanca kenthel kawit kelas 10. Kanca susah seneng bareng, kanca curhat bareng, lan kanca ghibah bareng.
Nyapo? Suaramu koyo toa mejid ngisin ngisini bengok-bengok. Jawabe Olivia karo mrengut.
Ebuset galak, pms neng?
Kepo koyok dora. Dheweke jawab banjur langsung lungguh neng kursine.
Layak jomblo ae, karo konco ae galak opo meneh karo cah lanang.
Idih kemeruh, lha wong ramah, baik hati lang ora sombong. Yo kan Ren? Takon Olivia neng Rena, konco sing neng bangku mburine sing terkenal pinter lan kutu buku. Rena gur nyawang meneng ae langsung ngelanjutne lak moco maeng.
Ya Allah aku dikacangin jahat
Bel sekolah muni. Bu Titin selaku guru Biologi mlebu kelas 12 IPA 5. Retha sing kawit maeng neng ngarep lawang langsung mlayu banjur lungguh neng bangku sandinge Olivia. Olivia sing nyawang tingkahe koncone gur godeg-godeg karo ngguyu cekikikan.
Patang jam pelajaran wis berlangsung. Bel muni nandakne pelajaran bar wayae ngaso. Pelajaran Biologi lan Fisika wis bar. Jam 10 wis wayae bocah bocah ngaso neng kantin. Wetenge wis podo konser njaluk diisi panganan. Sorak marem bocah bocah amarga wis podo keluwen tenan.
Tha, njo ngantin tuku bakso. Ajak Olivia neng Retha. Olivia keluwen amarga esuk maeng dheweke duwrung sarapan lan langsung budhal sekolah. Sing Olivia mbatek ngejak neng kantin mergo keluwen, ehh sing di jak malah sok sok an mager ogah ogahan.
“Males aku Liv sumpah, dewe an ae yo? Mosok ra wani.”
Olivia sing krung kuwi langsung muring muring nggeret Retha
Alah yo wis lakno ayo, untung kancaku.
Olivia lan Retha mlaku menyang kantin bareng. Pas teko kantin okeh pasang mripat sing nyawang Olivia sinis karo bisik-bisik. Olivia ngeroso heran, dheweke risih, lan uga bingung opo enek sing salah ko dheweke kuwi.
Tha, uwong uwong podo nyapo to? Opo enek sing salah neng wajahku iki? Takon Olivia karo nunjukne wajahe menyang Retha.
Lha makakno kuwi sing tak bingungi kawit maeng yonan. Wajahmu ora eneng o[po opone, yo resik or enek sing salah yonan.
Tha, aku risih, anjo adewe lungguh neng sing mejo poncot kono ae. Suding Olivia neng mejo poncot paling pinggir karo nggeret Retha. Banjur Retha mesen bakso loro neng Pak Mamat. Dheweke mesakne Olivia panggah dirasani bocah bocah, padahal Retha rumangsa Olivia ra tau nduwe salah neng bocah-bocah kuwi.
Ora let suwi, pas Olivia karo Retha mangan bakso moro moro teko genk e Chealsea lan sak komplotane, yaiku Rini lan Dhita. Wong telu kuwi kelas 12 IPS 3 sing terkenal tukang nglabraki bocah lan tukang rusuh.

BRAAAKKKK

Suarane mejo digebrak, Olivia lan Retha sing isik mangan bakso spontan kaget amarga Chealsea gebrak mejone banter, sampek bakso sing neng njero mangkok ngglundhung. Padahal sayang baksone sik enak dipangan. Retha sing emosi langsung ngadek njambak rambut Chealsea.
Maksudmu ki opo? Kowe ki eneng masalah opo neng kene?”
Chealsea sing emosi pisan bales njambak rambute Retha sampek Retha njerit
Aku ora enek masalah karo kowe, aku rene mergo enek masalah karo Olivia, kowe ra ngerti ora usah melu-melu.
Olivia sing ngrungokne kaget campur bingung, dheweke usaha ngelerai wong loro kuwi. Dheweke uga ora rumangasa nduwe masalah karo genk sing menurute ra jelas kuwi.
Wis to alah, ojo koyok cah cilik, lek enek masalah ojo koyo ngene, opo ora isin disawangi adik adikmu? Ora isin? Olivia nggeret Reta karo nenangne Retha.
Lhahh. Bodoamat, emang aku peduli?
Aku nduwe salah opo neng kowe? Aku ora tau rumangsa nduwe salah neng kowe, enek masalah ngomong sing nggenah sing apik sing jelas pisan ora koyo ngene sing ngisin-ngisini.
Yo justru aku ngene ben kabeh bocah eruh lek kowe i bocahe tukang nyolong, gatel, ganjen pisan neng cah lanang.
Retha sing krungu koncone difitnah dheweke langsung emosi, spontan kabeh bocah nyang kantin kono pada nyawang Olivia.
Ngaku ae, nyolong yo nyolong, ora usah sok apikan, dasar munafik. Rini sing kawit maeng karo Dhita meneng ae karo nyawangi tukaran lagek omong.
PLAAKKKK
Olivia nampar pipine Chealsea, dheweke ngeder, nangis. Retha kaget, lek Olivia sing sabar koyo ngono ae sampek nesu gek nangis berati Chealsea wis kelewatan.
Siji, aku ora tau nyolong, sepurane, wong tuwaku marai aku menehi sesama uduk nyolong. Loro, aku ora tau sing jenenge ganjen utowo gatel neng cah lang koyok opo sing kok maksud maeng. Kowe ngomong aku nyolong opo nduwe bukti? Aku nyolong opo? Jajal kene dudahna aku.
Dhit, kene sing neng lokere Olivia, karo bukti foto pisan. Dhita banjur nggoleki opo sing di kongkon Chelasea maeng, tapi ora let suwi Dhita wis panik amarga opo sing digoleki ora cethuk-cethuk, Rini sing mamangane nyawang malih melu panik banjur ngewangi Dhita nggoleki. Tas e disuntak kabeh sak njero njerone panggah ra temu.
njerone panggah ora temu. Chealsea lekas panik. Ora let suwi ana suarane cah lanang mlayu kesusu nrobos kerumunane bocah bocah. Bocah lanang kuwi jenenge Aldi, kapten basket neng sekolah kuwi, uga bocah sing didemeni Olivia lan Chealsea. Neng tangane Aldi wis enek jam tangan karo foto sing dimaksud Chealsea. Chealsea karo komplotane langsung panik, kepriye kok iso jam tangan kuwi karo foto neng tangane Aldi.
Jam tangan iki asline taaku, aku sing tuku. Lan foto iki yo taaku. Aku sengojo ndeleh neng lokere Olivia mergo aku arep menehne iki neng Olivia. Tapi pas deingi sore emben pas wis sepi kabeh podo mulih, aku eruh kowe kabeh cah telu njupuk jam tangan iki. Dadi sesuke aku njupuk balik jam tangan iki neng tas e Dhita. Jelas Aldi, Retha lan Olivia lega, bocah-bocah sing neng kantin mamangane ngrasani Olivia malih ngelokne Chealsea sak komplotane.
Tapi kan Di, jam tangan kuwi wayahe ngge aku, uduk Olivia sing jelas-jelas wis ra pantes. Chealsea ngerengek neng Aldi.
Sepurane Cheal, kowe sopo? Kowe uduk sapa-sapaku lan aku yo ora demen karo kowe. Aku menehi jam tangan iki neng Olivia amarga aku demen neng Olivia, iki kadoku ngge dheweke sing arep ulang tahun.
Olivia cengo seketika, dheweke ra nyangka, tibakno perasaane kewales. Sontak kabeh singbneng kantin nyoraki cah loro kuwi. Chealsea lan komplotane mlayu nrobos bocah-bocah mergo isin. Saking anyele sampek ora nyawang dalan, sikile Chealsea nyemplung got gek metu getihe. Bocah bocah sing nyawang ngguyu kepingkel-pingkel ngapokne Chealse.
Sesuke Chealsea ora masuk, enek kabar sing kesebar lan langsung viral, yaiku Chealsea pindah sekolah.

BLARAK KASUKSESAN


Byur…byur… swra ombak segoro prigi. Seger hawanelan endah panggonane, tansah gawe ayem lan tentrem ati. Ombak segoro prigi nyritakake panguripan bocah yatim piatu sing saben dino luru blarak ing tegalane uwong-uwong kanggo gawe sapu. Blarak kui mau disisiki ning pinggir segara prigi yen wis dadi sapu banjur didol digawe sangu sekolah. Bocah kui mau jenenge Ana. Dheweke umur 18th, saka kaluarga sing pas-pasan. Ana nduwe tekad kuat kanggo gae mareme wong tuane sing wis ninggal mergo loro-loronen. Saiki Ana urip ananing omah peninggalane mbahe wedok sing ora ning deso Tasikmadu.
Wis saben dinane babar mulih sekolah, Ana banjur golek blarak lan luru apa anane sing ono ing tegalan, tegalan iku sing nduwe tanggane. Ana sing nduwe roso welas karo dheweke. Tanggane iku wis nganggep Ana koyo anake dewe. “ wis tha nduk gawe sangu sekolahmu njupuko woh-wohan seng ora ning tegalan, koyo kambil, blarak, lan buah-buahan liyane.” Unine tonggone yaiku mbak Ratih jenenge masio ono bocah yatim, dheweke dadi bocah pinter dewe ning sekolahe. Kabeh ibu bapak guru padha ngesakne karo kahanane Ana, mulane kui ragat sekolahe Ana ditanggung guru-guru Smkn 1 Watulimo. Saben bengi Ana sregep sinau, ndueni cita-cita dadi pengusaha.
Rong tahun sakwise kui Ana wis lulus sekolah dheweke milih kerjo tinimbang neruske sekolah ning perguruan tinggi. Kancane sing jenenge Dhea ngejak kerjo Ana ning Surabaya “ Ayo melu aku kerjo Na” ajake Dhea menyang Ana. “ Kerjo apa ning Surabaya ?” takone Ana menyang Dhea. “ Tunggu toko ning indomaret, lek koe pingin melu budhale karo aku.”jawabe Dhea. “ Aku tak pikir-pikir dhisik yo lek sido koe sok emben tak kabari “ saure Ana karo nada bingung. Banjur kui Ana mlaku-mlaku menyang segoro karo mikir lan golek keputusan antara melu kerjo karo kancane apa golek kerjo liyane. Akhire Ana mutusne melu Dhea kerjo menyang Surabaya, ora ngenteni sui Ana langsung mlaku menyang mae Dhea lan ngabari keputusane iku mau. “ Dhea..aku sido melu kerjo”ucape Ana karo lingguh ning ngarep mae Dhea. “ Lek sido melu seminggunan maneh budhal awake dhewe Na, numpak bis kowe cepak-cepak keperluanmu gawe kerjo ning kono”, pituture Dhea marang Ana. “ iyho, wes tak cepakne kabeh kowe aja khawatir, “ jawabe Ana karo dolanan tangane Dhea lan ancang-ancang karo mlaku mulih.
Teko ngomah Ana langsung sholat lan ndonga karo seng kuoso mugo-mugo dheweke diparingi sukses lan uga iso nggawe wong tuane bangga ning alam kono. Ana mikir sak urunge budal ning Surabaya akhire dheweke melu kerjo tarik jaring golek iwak menyang segoro prigi suwine limang dino dilumpukke gawe tuku tiket bis lan sangune Ana ing Surabaya.
Seminggu wis kepungkur Ana karo Dhea numpak bis tujuan Surabaya suwine patang jam. Wong Surabaya Ana karo Dhea langsung lamar kerja ning indomaret banjur kon ngenteni ning rong dino kaputusane bose Ana karo Dhea ndungo bareng-bareng mugo ditompo lamaran kerjone marang bose.
Wis rong dino Ana karo Dhea ning Surabaya, ora turu mergo urung enek panggonan lan urung pesti ditompo lamaran kerjone. Tekan dongane Ana karo Dhea sing kuasa akhire bocah 2 kuwi mau sesuk esuk oleh layang soko bose banjur didelok Ana, layang kuwi maeng isine kabar apik yaiku Ana karo Dhea ditampa kerja ning indomaret. Bocah 2 iku mau golek kos-kos an seng cedek karo anggone lek kerjo. Sak wis e kuwi Ana lan Dhea resik-resik kos. “alhamdulilah dongake awak dewe dikabulne karo gusti allah Na,” Ucap Dhea karo seneng. “iyo aku yo ngono Ya aku marem banget mergo usaha ora ngehianati hasil.” Jawabe Ana menyang Dhea sesuk e bocah 2 kuwi mau budal kerjo nyang indomaret, semangat lan pantang menyerah kanggo nggapai cita-cita sampai ora ana kenal kesel. “awake kudu semangat terus lan giat kerjo Na, ben iso dadi wong sukses.” Ujare Dhea ing cedake Ana karo nyapu ing njero indomaret. “kudu semangat, merga aku nduweni cita-cita arep mujudke kepinginane bapak karo ibukku sing wis ninggal.” Jawabe Ana karo roso weslas. “iyo Na muga-muga mbesok awake dadi wong sukses.” Harapane Dhea omong-omongan karo Ana. “amin ya robal alamin muga-muga gusti allah ngijabahi pandongane awake dewe.”
Bocah 2 tekun banget marang penggawehane, ora kroso wis setaun anggone nyambut gawe ning Surabaya Ana nyisihne bayarane kanggo tabungan gawe masa depanne. Bose sing nduwe indomaret ngroso seneng karo Ana lan Dhea merga kerjone sing apik, akhire bos e kuwi mau ngunggahne bayarane Ana lan Dhea dadi 2 kali luweh akeh timbang bayaran saurunge.
Saben dino Ana kroso akhire kerjone Ana lan Dhea ing Surabaya oleh 5 tahun. Tabungane Ana oleh akeh, banjur nduwe kepinginan mulih ign ndesane karo mujud ake kepinginane mbukak usaha dewe ing omah lan iso dadi omah pengusaha sukses. “aku balik ing Prigi disek yo, alhamdulilah bayarku wis cukop gawe usaha ing omah Ya dongakno iso sukses.” Ujare Ana marang Dhea. “iyo Na aku gur iso mbantu teka donga.” Jawabe Dhea sak wis e nompo bayarane Ana langsung ngringkesi barang-barange, bubar kuwi pamitan karo Dhea. “aku mulih disik Ya awakmu ning kene sing ati-ati.” Ucape Ana karo nyalimi tangane Dhea. “iyo Na awakmu yo ngati-ati ing dalan dijogo barang-barange.” Saut Dhea. “iyo Dhea temanku sing paling apik dewe.” Jawabe Ana karo ngrangkul Dhea. Ora suwi ana bis liwat banjur Ana langsung numpak bis saiki Dhea dewekan ing Surabaya merga wis ditinggal mulih Ana kerja dhewekan.
Arepe mlaku ing omah Ana disambut karo mbak Ratih yaiku tonggone apik Ana jaman sekolah mbiyen. “nduk Ana sampeyan kok wis mulih?piye kabare sampeyan sehat-sehat ae?.” Pitakone mbak Ratih karo kaget eroh Ana mulih ko Surabaya. “sampun mbak, alhamdulilah kabare sae mawon njenengan pripun?” Pitakone Ana ning mbak Ratih. “apik nduk.” Nggeh sampun mbak kula wangsul riyen.” Ucape Ana karo mesem. “jawabe Ana.
Gradak…sawarane Ana mbukak omah peninggalane mbah e…Swarane sepu lan hawa adem ngelingane Ana menyang wong tuane sing wis ninggal. Mula kui Ana mikir-mikir gawe usaha sing sesuai karo lingkungane Ana sing cedek ambi Pantai Prigi. Ora sui Ana nduwe pikiran arepe mbukak warung cilik sing dodol panganan lan ombe, merga wisata Pantai Prigi akeh pengunjunge menawa mbukak warung cilk iso dadi rezekine Ana. Duwek tabungan dehe Ana kerjo ning Surabaya kuwi mau banjur digawe warung ing sisihe omahe Ana.
Sesuke pas dina minggu bubar mbangun warung, Ana langsung dodol ing warunge iku mau. Nanging akeh uwong sing ngrendahne usahane Ana, termasuk tonggo cedek omahe Ana. “bu, tonggone sampeyan kae sing mbukak warung anyaran?” Pitakone tanggane pas tuku sayur disamping rumpi karo ibu-ibu liyane. “iya bu Ana mbukak warung, kok akeh duwik ko ngendi yo?bocah ora nduwe wong tuwa kok neko-neko mbukak warung.” Jawabe bu Tini karo milih sayur. “ora hasil……andak warung cilik ngono kuwi apa endang sugihe.” Jawabe bu Siti. Ana krungu ngono kuwi malah semangat sabar lan ikhlas panggah dilakoni ning Ana, merga dheweke nduweni keniatan lan nduweni prinsip kuwi wis digunakake sing kuasa nglakoni penggawehane Ana halal, gusti panggah maringi berkah.
Sabendino warunge Ana rame banget, akeh wong bodo tuku ning warunge merga sing didol murah lsn nduweni kwalitas apik mula kuwi akeh pengunjung Pantai Prigi sing kerep mampir ing warunge Ana. Usahane Ana soyo suwi soyo maju nanging dhewe ora tau sombong lan sregep sodakoh marang wong sing kurang mampu. Tabungane Ana soyo mlumpuk akeh, warunge Ana mundak gedhe lan mundak akeh dagangane. Ana wis iso tuku hape, akhire Ana kelingan menyang Dhea. “Dhea piye kabare saiki?.” Pitakone Ana menyang Dhea. “apik Na awakmu kok wis nduwe hape?usahamu lancar ning omah?.” Pitakone Dhea. “alhamdulilah lancar Ya lha awakmu ning kono piye?.” Takon Ana. “aku lagi susah ibuku loro-loronen terus tabunganku gawe ngobatne ibuk gik aku yo pindah kerjonan na,, wis gak kerjo sing karo awakmu kae ” Curhatan Dhea ning Ana. “apa awakmu mulih ae Kerjo dadi .karyawan nek warungku iki Ya menowo awamu gelem ning warung ku mengko perbulane tak PJ ben awakmu iso cedek wong tuamu” Tawarane Ana ning Dhea. “iya ae Na aku tak mulih, tapi ora enek sangune gawe numpak bis.” Ucape Dhea menyang Ana. “tak kirimi duwek ko kene engko jukuken ning bank yo?.” Ucape Ana menyang Dhea.
Akhire Dhea kerjo ning usahane Ana. Warunge Ana sing kaya laris, saiki maleh dadi Depot seng gedhe dewe sak Prigi. Ana bersyukur banget marang rejekine sing dilancarne karo gusti allah. Wong-wong sing ngremehke Ana kuwi mau malih apik karo Ana. Akhire tonggo-tonggone Ana kuwi mau dadi karyawane Ana. Ana marem banget mergs iso njunjung derajate wong tuane Ana seng wis ninggal lan Ana saiki dadi pengusaha sukses ning Prigi.

Nama : Eva Hendista Pradina
Absen : 11
Kelas : XII IPA 4 / SMAN 1 DURENAN

KEKANCAN SING BUBRAH

Jeneng : Anilta Rifadhatal Khanin
Tataran : XII IPA 4
Urut Kaping : 03
Pawiyatan : SMA Negeri 1 Durenan

Kekancan sing Bubrah
Allahu akbar Allahu akbar…
Swara adzan subuh sing kumandang gawe Rara lan kanca-kanca ning kamare cepet-cepet tangi lan ngantri wudu gawe sholat subuh berjama’ah. Ora lali bar sholat subuh ngaji kitab. Sakwise ngaji kitab kegiatane ana sing antri adus lan ana sing piket.
“Rara ayo budhal piket” ajakane Ifa.
“Ayo Fa” jawabe Rara. Banjur Rara lan Ifa budhal bareng.
Rara urip ning pondok wes meh ana setahun. Dheweke nduweni kepinginan mondok kawit kelas 5 MI. Rara iku bocahe manutan, grapyak, lan penakan, mula iku akeh bocah sing demen kekancan karo dheweke. Rara nduwe kanca cedhek yaiku Syarifa utawa Ifa lan Aini. Ifa kuwi bocahe sumeh, grapyak,manutan, lan apikan. Dene Aini kuwi bocahe penakan ning nduweni sifat iri. Ing setahun ning pondok iki Rara nglakoni kegiatan biasa ae. Susah seneng diliwati kanthi sabar lan ikhlas.
Ing dina Minggu isuk sakbare nguwesne kegiatan, Rara balik menyang kamare. Ora disangka-sangka kancane pada bubar lan ngedohi Rara, tanpa ngerti apa sebabe. Rara bingung enek opo. Pas Rara sik bingung karo pikirane, enek sing jawil Rara saka mburi.Rara kaget banjur mengo radep mburi lan omong
“Eh mbak Titis, wonten napa?”
“Saman ditimbali mbak Ica, diutus ning aula putri” kandhane mbak Titis.
“Lho emange wonten nopo mbak?” Rara bingung.
“Ndak ngerti Ra, saman rono ae, wes gek ndang cetukono mbak Ica” wangsulane mbak Titis.
Banjur Rara nyauri “Inggih mbak, riyen”. Mbak Titis ngaleh, lan Rara cepet-cepet budhal menyang aula putri gawe nyetuki mbak Ica.
Sakwise Rara sampek aula, Rara bingung campur kaget, amarga ning kono akeh kanca-kancane sak kamar lan mbak mbak pengurus liane.
“Ra lungguho kene” kongkone mbak Ica.
Banjur Rara lungguh ing tengah-tengahe kancane lan mbak mbak pengurus. Sakwise Rara lungguh banjur Rara ditekoni mbak Ica
“Ra awakmu ngrasa nglakoni apa ning kamarmu?”.
Rara ndak nyauri, amarga isih bingung ana apa asline. Amarga Rara ndak nyauri, banjur mbak Ica omong maneh
“Ana laporan saka kanca-kancamu sekamar, yen awakmu jupuk barang-barange kancamu”.
Rara kaget lan mbrabak, amarga krungu tuduhan kui maeng. Mbak Ica banjur mbaleni apa sing ditekokne menyang Rara maneh. Rara amung isa nangis, amarga panggah dituduhi wae lan ora ana kancane sing mbelo, apamaneh kanca cedheke pada ngedoh. Mbak Ica lan mbak pengurus liane pada bingung, merga Rara ora nyauri blas, tapi malah nangis. Amarga masalah sing diadepi Rara ora ana solusine, banjur kabeh sing ana menyang aula pada dibubarne. Ning aula gari Rara sing nangis sesengguan lan ana mbak pengurus liane. Banjur mbak pengurus marani Rara sing nangis lan nenangke Rara.
“Mbak, awan mengko aku pengen disambang Ibuk” penjaluke Rara.
“Iyo Ra, tak telpone” wangsulane mbak pengurus.
Awane Rara disambang
“Ra, saman enek sambangan” omonge mbak keamanan ngarep.
“Inggih mbak” wangsulane Rara.
Banjur Rara budhal menyang ruang sambangan. Sakwise kui Rara cerita menyang Ibune tentang apa sing dialami maeng isuk karo nangis. Amarga Rara nangis, banjur ning Ibune, Rara digowo menyang kamare. Sakwise teko kamar, kancane Rara pada dredeg, amarga ning sandinge Rara ana Ibune, lan Rara keadaane sing karo nangis. Banjur Rara lingguh ditenangne Ibune, lan Ibune Rara ethok-ethok ora ngerti lan tekok menyang kanca-kancane Rara sekamar.
“Nduk, ana masalah apa Rara kok nganti kaya ngene?”
Kancane Rara pada tingak tinguk dredeg lan ora ana sing nyauri. Amarga ora ana sing nyauri, Ibune Rara banjur omong maneh.
“Rara cerita, lek dheweke difitnah jupuk barang-barange bocah sak kamar, apa iya nduk?”
Ibune Rara tansaya curiga amarga ora ana bocah sing nyauri. Banjur Ibune Rara njaluk bukti yen Rara jupuk barang-barange kancane sak kamar. Kanca-kancane Rara tetep ora ana sing nyauri, sebab kancane Rara bingung endi sing pener. Amarga sing dituduhne ning Rara ora ana buktine, banjur Ibune Rara ngongkon kanca-kancane njaluk sepura menyang Rara. Siji-siji kancane Rara njaluk sepura karo nangis, amarga kancane Rara sadar yen tuduhan kui mau ora pener lan ora ana buktine.
“Ra, aku njaluk sepura ya” nyepurane Aini
“Iya Ni” wangsulane Rara.
Banjur Ifa sing njaluk sepura “Ra, aku njaluk sepura ya, amarga aku wes nuduh awakmu sing ora ana buktine, lan aku ora iso mbelo awakmu pas kedadeyan maeng ”
Iya Fa” wangsulane Rara.
Ibune Rara banjur ngomongi kanca-kancane Rara
“Nduk, yen ana masalah lek iso dirundingne apik-apik ya, aja kesusu nuduh lek urung enek buktine”
“Inggih buk” wangsulane bocah sak kamar.
Sakdurunge Ibune Rara mulih, Rara omong menyang Ibune “Buk, kula pingin pindah pondok mawon”
“lho…nyapo nduk” Ibune Rara kage
“Kula ajrih lekne kedadean wahu kaulang malih buk, napa masih kula dereng ngertos sinten sing mitnah kula” wangsulane Rara.
Banjur Ibune Rara nyauri “lek kui sing apik kanggo awakmu, Ibuk amung iso dukung.”
“Yowes, sesok isuk tak papak jam sepuluh lan tak pamitne ning mbak pengurus.” wangsulane Ibune Rara.
“Inggih buk, mangke dulu kula tak ringkes-ringkes”
“Yowes, Ibuk tak mulih iki wes sore banget, assalamualaikum “pamit Ibune Rara
“Inggih buk, waalaikumsalam” wangsulane Rara. Banjur Rara saliman menyang Ibune.
Bengine Rara cepak-cepak lan ngringkesi klambine ning ngarep lemarine.
“Ra” celuke Ifa, lungguh ning sandinge Rara.
Eh Ifa, enek opo Fa? wangsulane Rara.Aku pingin omong tentang kedadeyan maeng.

Rara mesem lan nyauri Westo Fa, aku wis ikhlas karo apa sing tak alami maeng, kedadeyan iki maeng tak gawe pengalaman ning pondokku sing anyar, muga wae aku krasan lan akeh kanca. Aminn. Ra, kedadeyan iku mau penyebabe kanca cedheke awake. Omonge Ifa.

Rara kaget lan ora percaya Alah, mosok lho, aku ora percaya, Fa, Aini lo penakan bocahe. Percaya ora percaya penting aku ngomong apa eneke, Ra. Aini mitnah awakmu, amarga dheweke iri lek awakmu akeh kanca lan akeh sing demen karo awakmu, mergane awakmu nduweni sifat grapyak lan apikan. Wangsulane Ifa. Rara sek ora percaya karo kedadeyan sing dialami iki maeng. Kekancane bubrah amarga hal sepele, sing kenek diomongne apik. Sore dadi bengi, bengi dadi. Kedadeyan sing dialami Rara dekwingi alhamdulillahe wis rampung ln Rara mutusne pindah pondok. Kabeh kanca-kancane Rara sakkamar pada ngucapn perpisahan ning Rara, tapi ana bocah siji sing panggah ngedoh karo Rara, yaiku Aini kanca cedheke Rara lan Ifa. Rara dipapak ibune lan pamit mulih karo kanca-kancane.

Rancang situs seperti ini dengan WordPress.com
Mulai