RAKA LAN KALYA

Nama : Sofia Yulianingtyas
Kelas : 12 IPA 4
No. Absen : 30


Esuk ing kutha Jakarta kaya biasane suwasanane katon macet, rame, panas, lan polusi kang akeh. Kalya Maheswari sing biasane diceluk Kalya, nduweni kulit ingkang kuning langsat, mripat ingkang blalak-blalak, irunge sing sedengan ora pesek yo ora mancung. Wong tuwane kerja dadi karyawan perusahaan, lan ibune dadi ibu rumah tangga. Keluargane Kalya iku cukup mampu. Kalya anak tunggal neng keluargane.
Kalya budhal sekolah karo kancane, jenenge Raka Madeharsa celukane Raka. Raka iku bocahe ganteng, duwur, lan Raka iku pemain basket. Jereke kanca-kancane Kalya menowo Kalya karo Raka mlaku bareng ketara kayak cah pacaran, amarga lek eneng Raka mesti enek Kalya. Intine Kalya karo Raka iki neng ngendi-ngendi bareng-bareng. Wong tuwane Raka kerja neng perusahaan gedhe lan ibukke padha kayak ibukke Kalya.
“Ya,”
“Nyapo ?”
“Endak sido deng.” Saurane Raka karo prengas-prenges
“Yek bocah kok ra jelas.” Saurane Kalya karo nggontok
Bar gontok-gontokkan kuwi Raka ngegas montore amarga we arep jam 7, bel sekolah dilut engkas arep muni. Let pirang menit, Raka karo Kalya teko neng sekolah. Cah loro kuwi teko sedurunge jam 7. Bar markirne motor, Kalya medun saka montore Raka, dheweke nyepot helm e lan diewangi karo Raka. Sakwise nyepot helm Raka nyekel tangane Kalya karo muni
“Aya,engko muleh sekolah baturono aku latihan basket ya ?” Omong Raka.
“Siap! Tapi engko bar latihan basket traktir jajan ya ?” Omong Kalya karo mesem seng manis ben Raka luluh karo omongane.
“Siap tuan puteri.” Saurane Raka karo ngelus rambut e Kalya.
“Ayo mlebu kelas Ka, bel sekolah wes muni kawet mau.” Ajak Kalya karo nggandeng tangane Raka.
Raka gor manthuk karo ngetutne Kalya sing nggandeng tangane. Raka ngeterne Kalya neng kelase neng 11 IPA 5 lan sakwise ngeterne Kalya, Raka mlebu neng kelase dewe yakuwi 11 IPA 3.
…..
Bel istirahat wes muni, bocah-bocah padha semangat amarga pengen refresing saka pelajaran sing marahi mumet. Kalya yo ngono, dheweke metu saka kelas karo kanca sak bangkune seng jenenge Lisa. Kalya lan Lisa mlaku bareng arep neng kantin. Teko kantin Kalya lan Lisa langsung golek bangku seng kosong. Bar oleh bangku kosong, cah loro kuwi lungguh.
“Kal, Awakmu seng mesenne ya ?” Omong Lisa karo mesem-mesem.
“Hooh, Awakmu pesen apa ?” Takok Kalya neng Lisa.
“Hmm, Aku pesen nasi goreng karo es jeruk” Omong Lisa.
“Oke, sek tak pesenne.” Saurane Kalya karo ngadek saka bangkune.
Let pirang menit, Kalya teka karo nggowo nampan sing isine panganane lan Lisa.
“Lis, iki pesenanmu.” Omong Kalya karo wenehne pesenane Lisa.
“Matur suwun, Kal.” Saurane Lisa karo nampani pesenane sing diwenehne Kalya mau.
“Oke.” Omong Kalya karo nggabungne driji jempol lan telunjuk e sing mbentuk huruf “O.”
Pas Kalya karo Lisa mangan, moro-moro Raka teka karo kancane lan langsung lingguh neng sandinge Kalya, gek kancane Raka mau lingguh neng sandinge Lisa.
“Ya.” Celuk Raka karo nyawang Kalya seng mangan neng sandinge.
“Hmm.” Saurane Kalya sing sawangane panggah ning baksone.
“Ya, aaa.” Omong Raka karo mbukak lambene
“Manja.” Saurane Kalya karo tangane ndulang Raka.
Moro-moro bel masuk muni, bocah-bocah sing isek neng kantin cepet-cepet padha mlebu kelas. Raka, Kalya, Lisa lan kacane Raka mau yo ngono. Cah 4 kuwi mlebu neng kelase dewe-dewe.
…..
Bel muleh sekolah muni, sorakan bocah-bocah krungu banter. Kalya nglebokne buku-buku seng isek morat-marit neng meja. Bar kabeh wes dilebokne tas Kalya ngadek saka bangkune lan ndelok mejane ngecek menawa eneng sing keri. Ngrasa ora enek sing keri, Kalya mlaku metu saka kelas. Neng ngarep kelas e, Kalya eruh Raka sing ngadek nyender neng saka sekolah karo tangane salah siji dilebokne neng njero sak suwal e. Pas adu tatapan, Raka mesem lan diwales karo Kalya esem seng manis. Pas Kalya ngadek neng ngarep e Raka, moro-moro Raka nyekel tangane Kalya lan digeret melu lakune Raka. Pas teko tengah dalan Raka noleh neng Kalya.
“Ay.” Celuk Raka neng Kalya.
“Hmm.” Jawab e Kalya karo ndongak nyawang Raka.
“Engko bar mari latihan basket arep njaluk apa ?” Takok Raka.
“Hmm.. embuh sih sek urung kepikiran arep jajan apa hehe…” Jawab e Kalya karo mrengas-mrenges.
“Emang enek ngono kuwi ?” Takok Raka eneh.
“Eneklah, contoh e Aku.” Jawab e Kalya.
“Ye, paling kuwi gor Awakmu tok sing ngono.” Jawab e Raka karo nyawang Kalya.
“Ora yo.” Jawab e Kalya karo ngegas.
“Iyo-iyo ora.” Jawab e Raka karo setengah ngguyu amarga kasil lek njaraki Kalya.
…..
Pas teko lapangan basket, Raka ngongkon Kalya lungguh neng bangku pinggir lapangan. Bar kuwi dek e mlaku marani kanca-kancane basket seng wis padha ngumpul neng lapangan basket.
“Wes padha ngumpul kabeh Yan ?” Takok Raka karo kanca basket e seng jenenge Ryan.
Ryan gor manthuk-manthuk nanggepi pitakon e Raka. Bar kuwi Raka lan kanca-kancane basket wiwiti latihan basket e. Dene Kalya, dheweke dolanan HP karo nunggoni Raka seng latihan basket. Let pirang jam sakwise. Raka lan kanca-kancane nglereni latihan dina iki. Raka mlaku marani Kalya sing lingguh neng bangku pinggir lapangan. Pas teka bangku sing dilingguhi Kalya, Raka langsung lungguh neng sandinge Kalya. Krasa enek wong neng sandinge, Kalya noleh lan ternyata neng sandinge iku Raka.
“Wes mari lek latihan ?” Takok Kalya neng Raka.
“Uwes, sektas mari thok.” Jawab e Raka karo tangane njupuk banyu neng tas e .
“Langsung muleh ?” Takok Kalya karo tangan e ngusap bathuk e Raka sing akeh keringet.
“Jereke arep jajan disek ?” Jawab e Raka karo nyekel tangane Kalya.
Bar kuwi Raka Nggowo tangane Kalya neng anduk cilik kanggo ngresiki tangan e Kalya sing kenek keringet e mau.
Sakwise ngresiki tangane Kalya, Raka nggeret tangane Kalya. Cah 2 kuwi mlaku bareng arep neng parkiran njupuk motor e Raka. Pas teko parkiran motor, Raka ngelungne helm e Kalya lan ngongkon Kalya nunggu ning ngarep gerbang wae. Kalya mlaku ning ngarep gerbang, sambi nunggu Raka sing njupuk motor Kalya omong-omongan karo satpam sing manggon enek ning pos satpam. Pas asik omong-omongan karo Satpam e moro-moro Kalya krungu suwara motor sing soyo suwi soyo cedhek, Kalya mengo neng arah suwara motor ternyata kuwi suwara motor e Raka. Sakwise Raka mandhek neng ngarepku, Aku langsung numpak neng boncengane Raka. Bar pamitan karo Pak Satpam, Raka langsung ngegas motore metu saka lataran sekolah.
…..
Dalan Jakarta kayak biasane, panas, bleduk, lan macet. Amarga iki wes mlebu jam 5 punjul kendaraan neng dalan ora seakeh pas esuk utawa jam 4 an. Raka nglakokne motor e santai, karo menikmati suwasana sore neng kutha Jakarta. Bedo eneh Kalya, dheweke nyenderne awak e neng boyok e Raka.
“Ka.” Celuk Kalya neng Raka.
“Nyapo ?” Jawab e Raka karo noleh neng Kalya.
“Aku maleh ngantuk.” Saurane Kalya karo angop.
“Aja turu Ya! Engko tiba.” Jawab e Raka karo mengo ning mburi nyawang Kalya seng nyender neng boyok e.
“Iya ngerti, tapi aku ngantuk.” Jawab e Kalya karo ngempet mripate benjo merem.
“Sabar, dilut engkas teka ning warung langgananmu.” Jawab e Raka karo rodok ngegas motor e.
“Hmm iya.” Jawab e Kalya.
Let pirang menit aku lan Raka teka ning warung langgananku. Aku karo Raka medun saka motor lan mlaku sesandingan mlebu neng njero warung. Pas teka njero Aku langsung golek panggon lingguh, bar lingguh Aku ndelok-ndelok buku menu lan mikir kira-kira Aku arep pesen panganan apa.
“Ya, Awakmu arep pesen apa?” Takok Raka neng Aku.
“Ehm, Aku pesen nasi ayam penyet 1, pancake 1, es krim rasa coklat 1 karo mimik e es jeruk.” Jawabku karo molak-malik buku menu.
“Kuwi yakin entek ?” Takok Raka neng Aku.
“Yakinlah.” Jawabku karo mesem neng Raka.
“Dasar basong.” Gremeng Raka lirih.
“Omong apa we ?!” Jawabku karo nesu.
“Aku ora omong apa-apa.” Jawab e Raka karo nggeleng-nggelengne sirahe.
“Ya wes mbak Aku pesen nasi ayam penyet 2, pancake 1, es krim rasa coklat 1, banyune es jeruk 1, karo jus apokat 1.” Omong Raka neng mbak-mbak pelayane warung.
“Siap mas. Permisi.” Jawab e mbak-mbak e karo ndengkluk tanda ngaleh.
Bar mbak-mbak mau ngaleh, Aku karo Raka omong-omongan mbuh ngomongne pelajaran sekolah, guru sing kereng, kegiatan basket e Raka lan ngomongne turnamen basket sing arep dilaksanakne 6 sasi teka.
Bar mari mangan neng warung kuwi mau Aku lan Raka muleh, sedurunge Raka ngeterne Aku muleh disek bar kuwi Raka blabas muleh neng omah e dewe.
…..
Sesok kuwi dina libur luwih pener e sesok dina Sabtu otomatis sekolahku prei amarga sekolahku wes nganut sistem fullday. Mergo sesok prei dina iki Aku arep ndelok drama korea, nutukne episode sing urung tak rampungne. Pas Aku asik-asik e ndelok Drama Korea moro-moro hpku muni, tak delok ternyata enek sing telpon yakuwi Raka. Aku langsung nggeser pijetan rupane ijo neng layar hpku. Mripatku sing fokus neng layar laptop sing nampilne drama sing tak delok lan tanganku repot karo nyekel hp.
“Hallo.”
“Hallo.”
“Nyapo telpon Ka?”
“Yo dolan!”
“Ogah Aku repot ndelok drakor.”
“Drama Korea?”
“Heeh”
“Yo uwes Aku tak neng mahmu mbaturi Awakmu ndelok Drama Korea. Titip jajan ndak ?”
“Heeh martabak karo terang bulan rasa keju trus karo thai tea rasa coffee.”
“Ndak usah es Ya, Awakmu ki gampang pilek panggah ngombe es ae.”
“Wes to thai tea ya please…”
“Hmm yo uwes. Aku otw.”
Bar kuwi Raka mutusne telpon sepihak, Aku gor nyawang hpku pegel “isa-isane ra pamitan disek.” Gremengku lirih.
Let pirang menit enek suwarane bel sing dionekne. Aku langsung medun saka amben sing sedurunge nge”pause” Drama Koreaku. Pas teka ngarep Aku langsung mbukak lawang ngarep. Pas dilok tibakna Raka sing teka. Aku langsung njupuk kresek sing neng tangane Raka lan ndekekne neng ruang tamu. Bar ndekekne kresek sing isine pesenananku mau, Aku langsung munggah neng nduwur luwih tepat e ning kamarku, Aku arep njupuk laptopku lan nerusne Drama Koreaku neng ngesor karo Raka.
Pas teko ruang tamu Aku langsung lingguh neng sandinge Raka, Aku langsung njupuk terang bulan mau lan langsung tak pangan sak caplokan. Raka sing eruh kelakuanku gor nggeleng-nggelengne sirah e.
“Neng ngendi mama karo papa ?” Takok Raka ning aku.
“Hmm.” Jawabku karo sik ngunyah terang bulan.
“Dientekne disek kuwi.” Jawab e Raka karo nyuding lambeku karo janggute.
“Mama karo papa kondangan mae kancane papa.” Jawabku bar ngentekne terang bulan neng lambeku.
“Awakmu ndak melu ?” Takok Raka karo tangane njupuk martabak.
“Enggak.” Jawabku.
“Arep ndelok Drama Korea ?” Takok Raka karo nyawang Aku.
“Heeh hehehe…” Jawabku karo cengengesan.
“Dasar.” Jawab e Raka.
Aku fokus ndelok Drama Korea seng tak delok karo sok-sok nyambi ngombe thai tea neng tanganku. Pas Aku fokus karo Drama Koreaku moro-moro Raka narik Awakku nyedek neng awak e.
“Ay, kuwi perak Drama Korea seng kok delok Minggu lalu ?” Takok Raka karo ngelus-ngelus rambutku.
“Hooh, Cuma iki beda dramane.” Jawabku karo nyender ning awak e Raka.
“Sapa ke jenenge Kang Wook “ Takok Raka.
“Ji Chang Wook.” Jawabku.
“Ah hooh Ji Chang Wook.” Jawab e Raka karo tangane ngrebut thai tea ning tanganku.
“Ganteng ya ?” Takokku ning Raka.
“Gantengan Aku.” Jawab e Raka karo sok-sok nyruput thai teaku.
“Dih pedemen we.” Jawabku karo nggaplek tangane sing nyekel karo tanganku neng weteng e .
Raka gor ngguyu jawabanku maeng. Moro-moro hpku muni, Aku langsung tangi saka rangkulane Raka. Pas tak delok ternyata “Abyan” kanca lanangku neng sekolah. Aku langsung ngangkat telpon saka Abyan.
“Hallo.”
“…”
“Nyapo telpon By ?”
“…”
“Ndak enek sih, nyapo ?”
“…”
Ayo jam piro ?”
“…”
“Oke sip-sip.”
“Sapa ?” Takok Raka ning Aku.
“Abyan.” Jawabku karo sek dolanan hpku.
“Abyan ? Cah IPA 6 ?” Takok Raka kari nadane sing ra penak.
“Hooh.” Jawabku karo nyawang Raka.
“Nyapo bocah e telpon ?” Takok Raka.
“Ngejak car freeday sesok.” Jawabku karo nerusne lekku ndelok Drama Korea.
“Ora usah, car freeday karo Aku ae.” Jawab e Raka karo suarane setengah mbengok.
“Dih nyapo lho sepisan-pisan ora karo Awakmu, genah biasane neng ngendi-ngendi karo Awakmu.” Jawabku karo nyawang Raka.
“Ndak oleh metu karo Aby Abyan kuwi.” Jawab e Raka karo nada suarane sing ora santai.
“Nyapo sih ndak oleh ?” Takokku neng Raka.
“Yo pokok ndak oleh.” Jawab e Raka.
“Sak karepkulah arep metu karo sapa ae, wes meneng ae rasah protes eneh Awakmu.” Jawabku cepet amarga Raka sek arep nyauri omonganku eneh.
Aku langsung nyawang laptopku eneh sak bare adu omongan karo Raka. Moro-moro Raka ngadek lan mlaku neng arah e lawang ngarep.
“Arep neng ngendi ?” Takokku karo mbengok amarga Raka wis mlaku rodok adoh karo posisiku lungguh saiki.
“Muleh.” Jawab e Raka singkat.
“Kok gelismen ?” Takokku karo nada suara banter.
Raka ora nyauri pitakonku lan blabas mlaku metu saka omahku. Aku gor nyawang lawang omahku sing diliwati Raka maeng. “Kok aneh.” Omong ning batinku. Amarga ning ruang tamu ora enek bature Aku mlaku nutup lawang ngarep lan munggah eneh neng kamarku. Ning kamar Aku sik nutokne Drama Korea sing tak delok mau. Pas angka jam ning angka 21.00 WIB Aku mateni layar laptopku terus tak singgahne ning meja belajarku. Bar nyinggahne laptopku Aku munggah neng ambenku narik selimut neng ngesor sikilku lan mateni lampu kamarku lan tak ganti lampu turu ben ndak peteng banget. Bar kuwi Aku langsung turu njemput mimpi apikku.
…..
Esuk sekitar jam 05.15 menit Aku tangi mergo kebrebeken alarmku. Aku tangi lan medun saka kasurku mlebu ning jeding njupuk banyu wudhu bar kuwi nglasanakne sholat subuh. Bar subuhan Aku mlumah eneh ning kasurku karo dolanan hp. Sak bare dolanan hp sedilut Aku mlebu neng jeding eneh arep adus amarga dilut engkas arep jam 6 seng artine Abyan dilut engkas teka. Bar adus lan macak Aku medun saka kamarku lan mlaku ning pawon. Ning pawon Aku eroh Mama sing sibuk masak sarapan kanggo Aku lan Papaku.
“Pagi ma.” Sapaku ning Mama karo ngambung pipine Mama.
“Pagi nduk.” Jawab e Mamaku karo noleh sedilut ning Aku.
“Ning ngendi Papa ?” Takokku karo mripatku sing nelusuri omahku sapa ngerti Aku nemokne panggone Papaku.
“Papamu sek mlaku-mlaku, paling dilut engkas muleh.” Jawab e Mamaku.
“Oalah.” Jawabku karo manthuk-manthuk.
“Arep neng ngendi Ya ? Ndengaren jam semene wis adus biasane lek dina libur adusmu sore.” Takok Mamaku.
“Hehehe arep car freeday Ma.” Jawabku.
“Karo Raka ?” Takok Mamaku karo nyidukne sego goreng ning piringku.
“Enggak Ma karo Abyan.” Jawabku karo mangan sego sing dilungne Mama neng Aku.
“Assalamualaikum.” Salam wong sing jelas uduk Papaku.
“Waalaikumsalam, kae paling Aby ma Aya budhal saiki ya ?” Jawabku karo ngadek saka kursiku bar kuwi ngambung tangane Mamaku.
“Hooh nduk. Aja sore sore lek mamek.” Jawab Mamaku karo ngetotne Aku mlaku neng ngarep.
Pas teka ngarep Aby sing eruh Mamaku pamit ning Mamaku lek arep ngejak metu Aku. Bar Mamaku wenehi iji Aku lan Aby mlaku neng motor e Aby sing diparkirne neng ngarep omahku. Bar nggawe helm Aby langsung ngegas motor e mbelah dalan Jakarta sing mesti rame.
Ora butuh waktu akeh Aku karo Aby teka ning panggon dilaksanakne car freeday. Sak bare markirne motor Aku mlaku sandingan karo Aby lan sepisan-pisan karo ngomong-ngomong kobot. Pas acara mulai Aku karo Aby mlaku bareng. Pas ora sengaja mripatku nangkep Raka sing karo gandeng cah wedok ayu. Embuh nyapo Aku ra demen lek Raka gandeng cah wedok liya sak liyane Aku.
Aku langsung narik tangane Aby muter balik ngejak Aby muleh saka car freeday.
“Kal, nyapo kok muleh ?” Takok Aby neng Aku.
“Endak nyapo-nyapo Aku luwe rasane.” Jawabku karo mrenges.
“Yo uwes ayo ngono.” Jawab e Aby karo ngganti gandeng tanganku sing awal e Aku sing nggandeng tangane Aby.
Bar acara car freeday mau suwasana atiku ora apik mergo eroh Raka sing gandeng cah wedok liya. Aku arep takok Raka langsung tapi gengsi wedi karo Raka ngiro-ngiro lek Aku ra demen lek Raka cedek karo cah wedok liya sak liyane Aku, mesti kuwi pener. Moro-moro hpku muni nandakne enek pesan sing mlebu. Aku langsung mbukak pesan kuwi sing ternyata saka Raka isine “Ya, Aku sesok sekolah ndak iso marani, Aku arep marani Putri.” Bar maca pesen e Raka Aku langsung mbales “Y.”. Bar mbales pesen e Raka Aku nggletakne hpku sembarangan gek mlumah ning kasurku meremne mripatku menowo iso lali karo rasa pegelku neng Raka.
…..
Wes eneng 2 minggu luweh Aku karo Raka ora komunikasi. Neng sekolahano pas papasan gor sawang-sawangan thok ora enek rasa pengen nyapa. 2 minggu kuwi Aku budhal sekolah bareng karo Aby menowo iso ngilangne bayangan e Raka seng kerep mlebu neng pikiranku.
Saiki Aku mlaku bareng karo Lisa arep neng kantin. Bel istirahat pertama sektas muni. Pas teka tengah dalan Aku eruh Raka mlaku saka arah lawananku. Aku gor nyawang biasa ae etok-etok wong sing mlaku kuwi uduk Raka. Pas wes cedek moro-moro tanganku digeret karo Raka, Aku mlebu ning rangkulane Raka. Sawetara detik Aku gor meneng ae, sak bare Aku sadar Aku langsung usaha ngeculne rangkulane Raka. Soyo Aku berontak soyo rapet rangkulan e Raka neng Aku. Lisa sing eruh kejadian kuwi langsung pamit disek neng kantin.
“Ay, awak e dewe perlu ngomong.” Omong Raka sing persis e sek ngrangkul Aku.
“Hmm heeh Aku pengen ngetokne unek-unekku neng Awakmu.” Jawabku.
“Engko muleh sekolah bareng Aku rasah karo Aby pisan karo nuntasne masalah iki.” Jawab e Raka karo ngeculne rangkulane neng Awakku.
Aku gor manthuk-manthuk, bar kuwi Raka ngusap-ngusap rambutku gek mlaku arep neng kelas e. Aku nutukne mlakuku neng kantin, nyusul Lisa seng wes neng kono disek.
…..
Muleh sekolah pada karo sing tak omongne karo Raka, Aku muleh bareng Raka, sedurunge Aku wes omong karo Aby lek ndak iso bareng amarga arep nuntasne masalah karo Raka. Aku langsung nyusul Raka seng wes neng parkiran disek. Pas teka kono Raka wes ngenteni karo nglebokne tangan e neng salah siji suwal e.
“Ay, Aku pegel tas nyadari rasa demenku neng Awakmu. Aku pegel nyawang Awakmu mlaku bareng karo cah lanang liya sak liyane Aku, Aku pegel Awakmu ora nggantungne Awakmu neng Aku, Aku pegel nyawang esemmu sing ora asal saka Aku. Intine Aku pegel nyawang awakmu ndak butuhne Aku eneh.” Omong Raka dawa neng Aku.
“Ka, Aku yo pegel eroh awakmu mlaku bareng karo bocah wedok liya, Aku pegel awakmu nduwe wedokan liya sak liyane Aku, Aku pegel karo keadaane awak e dewe 2 minggu iki.” Jawabku nanggepi omongan e Raka.
“Ay Aku tresna karo awakmu, Aku njaluk ngapuro lek sektas nyadari perasaanku ning Awakmu.” Omong Raka eneh karo nyekel tanganku.
“Aku ya tresna karo awakmu Ka.” Jawabku.
Aku langsung ngrangkul Raka rasane Aku kangen karo rangkulane Raka sing anget iki. Raka males rangkulanku karo sepisan-pisan ngambungi rambutku.
“Tapi Ay pilihanku ayu to ?” Takok Raka jail neng Aku.
“Gak ayunan Aku banget.” Jawabku rodok nggontok.
“Iya-iya ayunan Awakmu.” Jawab Raka karo ngguyu mergo kasil njaili Aku.
“Ka…” Celukku ning Raka karo mesem manis banget.
“Arep njaluk apa ?” Jawab Raka seng ngerti karo maksud omonganku.
“Peh jan peka.” Jawabku karo ngrangkul lengen e Raka.
“Mestilah, Awakmu lek arep njaluk apa-apa mesti nunjukne wajah melas ngono kuwi.” Jawab Raka karo ngapit pipiku.
“Hehe ayoo Aku luwe iki.” Jawabku karo ngetokne suara sing ngalem.
“Iya. Ayo tuan puteriku.” Jawab e Raka karo nuntun tanganku munggah neng motor e.
Bar Aku numpak ning motore Raka Aku langsung ngamplok neng awak e Raka. Raka gor ngelus-ngelus tanganku sing neng weteng e. Bar kuwi Raka langsung nglakokne motor e ninggalne parkiran sekolah. Pas teka gerbang Raka ngonekne klakson motor e seng dadi tanda pamitan karo Satpam sekolah. Neng ndalan Aku ngguyu-ngguyu dewe ora ngiro lek Aku pacaran karo kanca cilikku lan Aku ngiro pacaran karo kanca kawet cilik kuwi iso mutusne rasa kekancanan iki, ternyata endak kekancanan iki luweh indah amarga Aku lan Raka pada-pada nyadari perasaan dewe-dewe. Aku ndunga muga-muga Aku karo Raka ora gor dadi kanca kawet cilik thok tapi kanca sampek tuwek lan kanca dunia akhirat.
TAMAT
DIBUAT PADA TANGGAL 11-09-2019
Matursuwun ingkang sampun ngluwangke waktune kanggo maca cerkak kula sing mboten apik niki. Menawi wonten kelepatan asma lan papan panggonan kula ngaturaken nyuwun pangapunten lan menawi wonten tulisan ingkang mboten sesuai kalian EYD kula ngaturaken nyuwun pangapunten.

IKHLASE URIP

Jeneng : Lingga Ayu Anindita
Tataran Kaping : XII IPA-4
Urut Kaping : 16
Pawiyatan : SMAN 1 DURENAN


Srek…srekkk…srekkkk.. suara ana wong nyapu ing pelataran. Tak sawang-sawang iku bocah wedok sing dikenal karo rupane sing ayu. Jenenge Adinda Rahayu, akeh uwong seng nyeluk dheweke Dinda. Dinda iku bocah saka keluarga sing keterbatasan ekonomi yaiku saka keluarga sing sarwa kekurangan. Dinda namung bocah ndeso lan kampungan. Bapak lan ibuke namung wong tani, sing mbendino garapi sawah. Dinda bisa diarani wong sing ora tau ngerepoti wong tuane, alus pituture lan ramah marang liyane.
Wes saben dinane Dinda ngrewangi wong tuane kanthi ikhlas. Saben dina dheweke golek kayu ing alas lan golek suket gawe makani wedhus. Saben isuk bapak lan ibuke Dinda macul ing sawah. Ing sawahe dheweke nandur tela. Tela kasebut digawe panganan utowo cemilan keripik telo, sing dadi tugase Dinda sawise mulih sekolah. Saben isuk keripik tela tela iku dititipake ing warung lan digawa menyang sekolahan.
Umure Dinda saiki wes genep 16 taun dheweke saiki wis kelas 1 SMA. Jarak omah menyang sekolahan uga lumayan adoh. Ora ana transportasi amarga panggone ndesa banget. Mula kuwi saben dina Dinda kudu tangi isuk lan mangkat sekolah repet-repet supaya ora kasep. Nanging dheweke ora tau sambat karo kahanane lan dheweke ngerti yen kabeh iku ana hikmahe.
Saben isuk jam 05.30 Dinda budhal sekolah. Ora lali dheweke gawa kripik tela sing biasane dititipake ing warung lan sing separo digawa menyang sekolahan. Saka duwik kuwi dhweke lan keluargane bisa nyambung urip lan bisa nabung titik-titik senajan hasile ora sepira. Amarga iku cara siji-sijine Dinda ngrewangi beban ing keluargane.
Dinda iku dadi primadona ing sekolahane mergo dheweke duwe paras sing ayu, lugu, sumeh, ora sombong, lan ramah marang sapa wae. Ing sawijining dina wektu istirahat Dinda ngalami kedadean sing dheweke ora bisa lali, yaiku dheweke dilabrak marang kanca sak sekolahane. Jenenge Gresti, kakak angkatan sing terkenal ing sekolah. Ora ana bocah sing ora kenal karo Gresti. Dheweke uga duweni paras seng ayu, nanging dheweke duweni sifat sing ora becik. Dheweke nduweni sifat sing sombong lan judes. Nanging dheweke mesti dicedaki arek lanang-lanang mergo dheweke sugih lan bisa dimanfaatne karo wing lanang. Ora disangka Dinda karo Gresti kepethuk ing kantin.
‘’ He.. bocah ndesa! ‘’ ucape Gresti
‘’ Ana apa mbak? ‘’ jawabe Dinda
‘’ Dadi adik angkatan aja aneh-aneh ta. Aja nyedhaki arek lanang ing sekolahan iki, aja sok ayu ’’ ucape Gresti
‘’ Ora mbak aku ora nyedhaki. Ngapunten ‘’ jawabe Dinda
‘’ Bocah mambu tela e. iki ing sekolahan kok dodol kripik tela. Lek ing sekolahan iku ya sekolah ora malah dodolan ‘’ sengite Gresti
‘’ Aku dodol ing sekolahan iku kanggo ngrewangi bapak ibuku mbak, digawe biaya aku sekolah ‘’ jawab Dinda
‘’ Lohhh. Biaya sekolah? Biaya sekolah kan wis dadi tanggung jawabe bapak ibumu. Luwih becik kowe dolan-dolan, nongkrong, mangan enak ing cafe lan seng mesti ya shopping-shopping ‘’ jawab Gresti
‘’ Ngapunten mbak, kebutuhanku akeh lan aku kudu bisa gawe wong tuaku bangga. Ketimbang aku dolan-dolan luwih becik duwikku tak tabung utawa tak gawe sing luwih penting ‘’ jawabe Dinda
‘’ Dodolan kripik tela wae apa ya bisa gawe wong tuamu bangga? Takone Gresti (karo guyu) Banjur Dinda ninggalake Gresti menyang njero kelas. Oleh omongan sengit saka Gresti dheweke nelangsa lan terpuruk. Dheweke mikir apa bakalan bisa mbahagiakake wong tuane saka dodolan kripik tela. Nanging omongan Gresti ora ngalangi dalane Dinda. Dinda yakin lan tetep semangat yen dheweke bakalan bisa sukses lan bisa gawe wong tuane bahagia. Lan ora lali yen usaha kudu diimbangi karo donga. Susah seneng wis dilewati kanthi ikhlas, Dinda wis oleh tabungan akeh saka dodolan kripik tela.saka tabungan iku dheweke bisa gawe warung cilik-cilikan kanggo ibuke dodoalan. Saka kui Dinda lan keluargane nduweni penghasilan tambahan kanggo mangan mangan saben dinane. Ora perlu utang duwik menyang tangga-tanggane. Yen disawang-sawang warunge saben dina larid lan dagangane mesti entek. Nanging cobaan iku teka tanpa ana sing bisa ngalangi yaiku ibuke Dinda difitnah marang salah sawijining warga desa. Ing sawijining dina isuk ana ibu-ibu desa lagi ngumpul lagi ngomongake ibuke Dinda. ‘’ Ibu-ibu warunge ibuke Dinda iku kok saben dina rame lan mesti dagangane entek ta? ‘’ takon warga 1 ‘’ Hmm.. ancen kripike enak. Ya pantes nek warunge rame lan laris ‘’ jawab warga 2 ‘’ Tapi yen dipikir-pikir kok kaya ora mungkin mesti iku enek sing ora beres ‘’ jawab warga 1 ‘’ Aku mikir yen ibuke Dinda iku gawe guna-guna penglaris dagangane ‘’ tambah warga 1 ‘’ Hussstt… Aja mikir sing ora-ora. Durung mesti kui kabeh bener ‘’ jawab warga 3 Nanging salah sawijining warga terus ngyakinno gunakabeh warga percaya lan seolah-olah omongane sing paling bener. Akhire kabeh warga percaya lan mara ing warunge Dinda guna nglabrak ibuke Dinda. ‘’ Buk, saben dina kok pancet rame, laris lan ya mesti entek. Rahasiane apa ya, menawa oleh eruh? ‘’ takon warga 1 ‘’ Kula mboten gadah rahasia punapa-napa,naming donga lan usaha ‘’ jawab ibuke Dinda ‘’ Tapi kira-kira nyapo ya kok bisa daganganmun mesti laris lan entek. Apa kira-kira sampean kuwi gawe guna-guna gawe nglarisake daganganmu ‘’ takon warga 1 ‘’ Astagfirullah buk. Kula mboten kepikiran sampek mriku. Kula naming dodolan ingkang sae kula mboten sing neka-neka lan kula nggih paham yen dodolan gawe guna-guna niku mboten becik lan bakale mboten saget mbarokahi ‘’ jawab ibuke Dinda ‘’ Halah buk-buk. Aku ora percaya, ketimbang sampean bukak warung gawe guna-guna luwih becik warunge sampean ditutup wae. Setuju apa ora ibu-ibu? ‘’ jawab warga 2 ‘’ Setuju bu ‘’ jawab kabeh warga Banjur kabeh warga ninggalake ibuke Dinda sing wis banjir tangisan. Ibuke Dinda wis nyerah lan dheweke nelangsa banget. Ora suwi saka kuwi Dinda mulih sekolah nyawangi ibuke sing wis banjir tangisan dheweke kebingungan. ‘’Ana apa lan nyapo ibu nangis? ‘’pitakonan ing jero ati. Dinda ora mentolo nyawangi ibuke nangis karo nutup warung. Banjur Dinda takon. ‘’ Isih jam pinten ta buk, kok sampun tutup? ‘’ takon Dinda Nanging pitakonan Dinda ora disauri marang ibuke. Amarga ibuke wegah nyawangi Dinda melas. Pitakonan-pitakonan Dinda ora disauri menyang ibuke. Banjur Dinda mlebu ing njero kamar digawe leren. Amarga dheweke ngerasa yen kesel banget dina iki. Ing jero kamar dheweke panggah kepikiran apa sing wis kedadean marang ibuke. Tapi ya uwis lah, ibuke ora gelem cerita menyang Dinda. Bengi wis keliwat, jam nunjukake angka 04.30 yen dheweke ora lali karo kewajiban umat islam yaiku beribadah shalat subuh. Sawise shalat shubuh dheweke nyawang jendela sing langsung ngarah ing warung. Dheweke nyawang ana geni sing wis mbarabak. Dinda langsung bengok-bengok. ‘’ Pakkk….Bukkkkk…..’’ jerite Dinda ‘’ Ana apa ta nduk kok bengok-bengok?’’ takon ibuke Dinda ‘’ Iku lho buk, warunge kobongan ‘’ Jawabe Dinda

Langsung bapak lan ibuke Dinda menyang njaba dilok warunge. Lan tenan ing kunu warunge wis kobongan, geni mbrabak banget. Banjur bapake Dinda bengok-bengok jaluk tulung menyang tangga-tangga.
‘’ Tulung….tulung….! ‘’ jerite bapake Dinda
Banjur tangga-tangga padha tangi lan langsung gawani ember sing isine banyu gawe mateni geni sing saya mbrabak. Nanging usahane wis kasep, warunge wis rata karo lemah lan ora enek barang sing isih utuh. Dinda lan ibuke naming bisa pasrah. Saka kedadean kuwi ibuke Dinda wis ora dodolan ing warung maneh. Sing dodol naming Dinda.
Ing salah sawijining dina libur Dinda dodolan kripik tela ing pinggir dalan. Dhweke lagi mlaku santai ing pinggir dalan, moro-moro ana mobil sing mlaku lumayan banter banjur nabrak Dinda.
‘’ Bruooookkkk!!! ’’
Dinda keponting melesat adoh, kerupuke tansah morat-marit ing dalanan. Banjur sopir mobil ndilok kahanane Dinda. Ing kono Dinda disawang wis ora sadar. Dinda langsung digawa menyang rumah sakit. Banjur bapak lan ibuke dikabari yen Dinda ditabrak mobil lan kahanane ora sadar ing rumah sakit.
Ibuke Dinda keronto-keronto lan ora mandek-mandek anggone nangis. Moro-moro dokter metu saka ruangan gawe mriksa Dinda.
‘’ Dok, kepriye kahanane Dinda sakniki? ‘’ takon ibuke Dinda
‘’ Ngaputen bu, niki kahanane Dinda tnsoyo mudun. Pihak rumah sakit nyaranake tindakan operasi. Amargi Dinda ngalami patah tulang sing bisa mbahayakake dheweke dhewe ’’ jawab dokter
‘’ Kapan dok,anggone Dinda operasi? ‘’ takon ibuke Dinda
‘’ Tindakan iki dilakoni luwih cepet luwih apik. Dados pripun menawi mangke sonten? ‘’ takon dokter
‘’ Tapi dok, biayanipun pripun? ‘’takon ibuke Dinda
Banjur ana wong lanang mlaku saka lorong. Pawakane gedhe duwur lan bagus parase, jenenge Bagas. Bagas iku wong sing nabrak Dinda. Bagas bisa diarani wong sugih amarga dheweke saka keluarga sing sarwa kecukupan. Ayahe Bagas dadi bos ing salah sawijining perusahaan lan ing kunu Bagas dadi direkrtur utama. Banjur Bagas ngomong,
‘’ Buk, niki kula Bagas sing nabrak Dinda. Biayanipun sampun kula lunasi, lan Dinda sampun saget di operasi ’’ ucape wong lanang.
‘’ Iya nak. ‘’
Banjur dokter mlebu ruangananeDinda lan gawa Dinda ing ruang operasi. Ing kunu ibuke Dinda wis pasrah marang Gusti lan namung bisa donga lan tetep donga supaya Dinda bisa slamet. 5 jam wes berlalu Dinda metu ruang operasi lan operasine lancer, lan Dinda bisa slamet. Dinda langsung digawa menyang kamar rawat inap. Ing kunu Dinda durung bisa ditakoni amarga durung sadar. Ora suwi saka kui Dinda sadar lan bengok-bengok nyeluki bapak lan ibuke.
‘’ Bapak… Ibuu… ‘’ ucape Dinda
Banjur ibuke Dinda langsung moro menyang ruangane Dinda lan nyeluk dokter supaya ngecek kahanane Dinda. Ing kunu Dinda wis dicek dokter lan kahanane wis normal nanging durung bisa ditakoni amarga isih trauma. Kudu ngenteni sedina guna bisa ngomong karo Dinda. Moro-moro Bagas mlebu ing ruangane Dinda lan ngomong karo ibuke Dinda.
‘’ Buk, ngapunten kula badhe ngomong kalih panjenengan ‘’ ucape Bagas
Banjur ibuke Dinda lan Bagas metu saka ruangane Dinda menyang kantin rumah sakit. Teka ing kantin Bagas banjur ngomong menyang ibuke Dinda.
‘’ Buk, kula ngapunten sing sakathah-kathahe mergo kula, Dinda mlebu rumah sakit lan gawe panjenengan trenyuh. Tapi mboten usah khawatir, kula sampun nglunasi biaya sedanten ing rumah sakit lan kula ganti kerupuk sing morat-marit ing dalan ‘’ ucape Bagas
Ing kunu Bagas menehi buntelan warna coklat menyang ibuke Dinda, sing isine duwik akeh. Banjur ibuke Dinda nampa duwike Bagas,lan salaman karo Bagas kanggo ngucapake matur suwun. Ibuke Dinda langsung ninggalake Bagas menyang ruangane Dinda. Ora suwi Dinda wis bisa digawa mulih guna dirawat ing omah. Wiwit kuwi Dinda wis bisa nglakoni aktivitas kay biasane. Ibuke Dinda bukak warung maneg saka duwike Bagas. Dagangane payu laris lan luwih akeh pelanggane ketimbang warung biyen. Ibuke Dinda bisa nabung titik-titik saka dodolan ing warung iku.
3 tau wis dilewati lan teka wektune dina sing dianti-anti yaiku dina kelulusan. Wis genep 3 taun anggone Dinda sekolah golek ilmu lan golek pengalaman. Ora sio-sio selama 3 taun iku dheweke bisa ngraih juara 1 ing sekolahane. Banjur dheweke oleh beasiswa kanggo mlebu perguruan tinggi negri sing dipengini Dinda. Dinda kepengin kuliah ing salah sawijining universitas terbaik se-Jawa Timur. Dheweke milih jurusan manajemen bisnis. Ora angel-angel dheweke langsung ketrima ing universitas kasebut. Iku kabeh berkat kerja kerase Dinda selama 3 taun lan sing paling utama donga saka kedua wong tuane.
Nanging perjuangane Dinda ora mandek teka kunu. Dinda panggah dodolan kripik tela ing kampuse. Dheweke ora duwe rasa isin, merga dheweke duweni angen-angen ‘’bisa sukses yen ana usaha lan kerja kerja’’. Saka kuwi Dinda tambah semangat anggone kuliah disambi karo kerja. Saben dina dheweke bisa nabung saka dodolan kripik tela kuwi mau.
4 taun wis dilewati dheweke wis lulus lan wisuda, selama iku dheweke nabung oleh akeh. Usaha lan kerja keras Dinda selama iki dheweke duweni depot ing salah sawijing kutha. Anggone Dinda golek ilmu selama 16 taun ora sio-sio. Dheweke dadi pebisnis sukses sing duweni akeh cabang ing beberapa kutha.
Ing salah sawijining dina, Dinda lagi ngawasi karyawan sing kerja ing salah sawijininge depot ing kutha. Ora sengaja dheweke weruh Gresti ing dalan karo gawa map sing isine biodata diri kanggo nglamar pekerjaan. Banjur Gresti marani Dinda ing depot.
‘’ Din, kok tambah ayu wae ‘’ takon Gresti
‘’ Hmmm..biasa ae. Loh arepe nyandi ta Gres? ‘’ takon Dinda
‘’ Hmmm..mlaku-mlaku ae iki ‘’ jawab Gresti
‘’ Tapi apa sing kok gawa iku? Takon Dinda
‘’ Mmm.. sebenere aku arep nglamar kerja. Krungu-krungu saiki awakmu dadi pebisnis sukses sing duweni akeh cang ing kutha-kutha lan depotmu mbutuhake karyawan akeh. Aku arep nglamar kerja ing salah sijine depotmu. Tapi sadurunge kuwi aku njaluk ngapura karo apa sing wis tak lakoni marang awakmu. Aku sadar yen kepingin sukses kudu akeh usaha lan kerja keras . Aku akeh belajar saka awakmu. Usaha terus, kerja keras lan sing paling utama bisa bersyukur karo apa sing wis diduweni ‘’ jawabe Gresti
‘’ Iya ndak popo Gres, aku wis maafne awakmu kok. Mulai sesok awakmu bisa kerja ing kene ‘’ jawab Dinda
‘’ Suwun Din, awakmu ora beda karo biyen masio wis sukses ora sombong lan panggah apik marang wong liya ‘’ jawab Dinda
‘’ Iku kudu Gres awakdewe kudu apik marang uwong kabeh. Wis mulai saiki anggep aku kancamu uduk atasanmu ‘’ jawab Dinda
Banjur Dinda lan Gresti guyu bareng guna tanda dadi kanca apik lan dheweke kekancan apik. Ora mbedakake pangkat antara atasan lan karyawan. Saka kuwi kehidupan keluargane Dinda tambah apik, masio bisa sukses tekan semene Dinda tetep dadi Dinda sing biyen. Dinda wong sing mandiri ora ngrepotiwong tuane, alus pituture lan ramah marang liyane.

~RAMPUNG~

GARA – GARA GAME

Nama : Teddy Firmansyah Dwi Effendi
Kelas : XII IPA 4
No absen : 31
Sekolah : SMAN 1 DURENAN

Trenggalek, kutha sing wis modern, perkembangan teknologi ning Trenggalek soyo maju. Cah enom-enom saiki wis ora enek cah cah enom sing dolanan jaman ndisek, salah sijine Alex, Alexander jeneng sing di gae Bapak lan Ibukku ket aku lair, nganti saiki jenengku isek Alexander. Celukanku Alex, Alex urip ning omah dewean, Ibukke Alex seda ket isih cilik lan sing ngopeni pas cilik nganti SD bapakke, pas lekas SMP Alex urip dewean merga bapake lunga ning luar negeri gae mencukupi panguripane lam gae biaya sekolah, Alex saiki lungguh ning bangku SMA. Aku termasuk bocah sing seneng maen game. Bar bapakku lunga ning luar negeri Alex ning omah mung main game wae sampek lali wayah. Wayah minggu . Kring ..... kring ..... kring ..... alarm jam 06:00 muni, Alex tangi terus adus Lan mangan sampek jam 07:00. Tuing ..... tuing ..... tuing ..... Alex di telpon Bapak “ le, mengko jam 09:00 ning mae o budhe , ewang ewang ning mae budhe arek enek acara” jerekke bapak. Alex main game karo ngenteni jam 9 kui mau. Alex main game online karo Konco koncone sekolah, pas Alex maen tenanan ujug-ujug hp ne enek telfon. Tuing ..... tuing ..... tuing ..... Alex jumok hl karo perasaan nesu mergo enek sing ganggu pas maen. Pas di angkat bakno sing nelfon kui mau bapakkke, Alex tas eleng lek di kongkon ning omae budhe. Telfon teko bapakke kui di angkat, Alex di seneni ning bapakke mergo Alex ra nekani acara ning mae budhe ne. “Koe, nyapo ra teko ning acarane budhe mu maeng” bepakke takon. Alex jawab “supe pak, wau karo ngenteni jam 09:00 aku maen game online pak” teleponane wis bar Alex balik neng kamar nglanjutne maen game maeng. Pas game me tak bukak bakno Alex mati lan kalah, Alex setengah nesu terus Alex di tambai nesu mergo Alex di lok-lokne ning koncone ning game kui. Alex setengah stres mergo Alex di lok-lokne trus garai tim me kalah. Bapakke Alex tas sadar lek game me sing di maenne Alex kui game sing berbayar lan mainne gae internet. Bapakke Alex telfon maneh arek takon. “Le, duik sing tak kirimi opo kok ge maen game” takone bapakke Alex.”Enggeh pak” Alex jawab karo perasaan wedi. Jatah duik ge Alex di longi mergo duikke ge maen game Sore ne aku main game karo ngilangne stres. Aku lali jam aku maen game sampek tengah wengi. Aku wis ngantuk ra kuat melek, aku yo urung ngerjakne tugas teko sekolah.

Kring ….. kring ….. kring ….. alarm jam 05.00 muni, aku ndak krungi alarm muni, aku tangi jam pitu kurang sprapat. Aku tekan sekolahan kasep aku di ukum hormat bendera merah putih sak jam. Aku masuk kelas di seneni guru maneh mergo tugas ku urung tak garap, aku di ukum garap tugas ning jobo kelas.
Bel ngaso muni, aku ning kantin karo konco-konco ku.
“He cah ayo main game anyar, apik game me regane yo ora larang larang banget” jerene koncone Alex
“Oke setuju aku, ketokke apik game me kui” jarene koncone liane Alex.
Alex ke dewe bingung mergane ndak enek duikge tuku game kui, duik sing di kirim bapakke saiki pas pasan ge mangan karo sekolah. Alex arek ngutang ningbature, tapi ndak enek sing ngei. Akhire konco koncone maen game anyar iku lan Alex ke melek. Goro goro kepengen maen game anyar kui Alex maleh ngapusi bapakke. Alex ngomong ning bapakke butuh duit ge keperluan sekolah.
Akhire Alex iso tuku game kui lan iso maen bareng karo kanca kancane. Mergo game kui isek anyar, game anyar mesti due kesalahan sistem. Bengine Alex lan kanca kancane maen bareng ning omae dewe dewe. Game kui enek kegagalan sostem sing garai sing maen game me mlebu ning jero game me. Alex lan kancane pas nglekasi game kui, Alex bingung suasane kok bedo karo ning omae.
“Lex, awakmu yo mlebu ning game me” takon koncone Alex.
Alex mikif bakno Alex lan konco koncone mlebu ning jero game. Alex lan kancane bingung, wedi, lan kudu menangne game me kui ben oso metu teko game me. Alex nangis lan janji ora arek main game maneh lan jaluk ngapuro ning bapakke. Akhire Alex lam kancane main sing tenanan ben iso menang gek metu teko game. Koncone Alex enek sing arek mati tapi enek Alex sing nylametke.
Musue kerek titik, Alex marem perjuangane ra sio sio. Akhire Alex lan kanca kancane menang lan metu teko game kui. Alex lan kanca kancane mbalek ning omae dewe dewe lan slamet renek seng terluka. Akhire Alex bocah sing kecamduam game mau, wis kapok maem game maneh. Alex jalok ngapuro ning bapakke lan manut sing di omongi bapakke. Akhire Alex sekolaj tenanan ndak tau kasep maneh, tugas teko sekolah mesti ti garapi. Alex wis ndak maen game maneh, uripe ning omah luwih tenang lan nyaman.

~TAMAT~

Teddyfde

RADIT CAH INDIGO

Neng deso Durenan, dsn tawing ngadisuko enek bocah lanang seng jeneng e Radit bocah e kelas 3 sma ono ing sma Durenan, dewek e due konco plek e kabeh e 3 seng uakrab banget kro Radit seng meh saben dinane bocah kui amor kelet banget koyo karo dulure dewe.
Radit Putra, omah e ning Durenan luwih tepate Ngadisuko, Radit bocah e cilik kulit sawo mateng lan duwur e sekitar 170 cm, Radit nduweni sifat rodo ndablel, nakal tapi nduweni prestasi ning bidang game online, bocah e ora Pati sugeh biasa biasa ae
Radit nduwe konco seng akrab banget karo Radit yaiku jeneng e Genta, Genta iku omah e Bandung Tulungagung luwih tepat e etan pasar Bandung, Genta bocah e lemu kulit e sawo mateng lan duwur e sekitar 168 cm, bocah e iku yo rodo nakal ndablek hobine podo karo Radit yaiku demen game online seng iso berprestasi, bocah e sugeh anak e DPR Nganjuk
Sitok meneh Radit duwe konco maneh jeneng e Faiq Lim omah e Durenan luwih tepate etan e Lapangan Durenan, bocah e putih resik lemu duwur e sekitar 165 cm an, bocah e watek e apik an sabar yo duwe hobi main game online podo karo Radit karo Genta,
Suatu dino, yaiku dino jum’at sak bare muleh sekolah lan mulih jum’atan ,luwih tepat e jam 1 awan
“Haloooo broooo” Radit karo Genta nyopo Faiq neng warong kopi
“hallooo” saut Faiq
“Pie turnament e PUBG ne sesok” Radit takok menyang Faiq
“Gas ae lurr aku” Faiq saut
“hpmu wes anyar ye ta” takok Radit menyang genta
“Uwes lah gasss” saut Genta
“Yowes lahhh, pesen o sek kono” Radit ngongkon Genta
“aku pisan es teh” saut Faiq lim nyaut menyang Genta
“Ayohhhh main yoo” Radit ngejak Genta kro Faiq
“njooo njoo” saut bareng Genta kro Faiq
Bocah ning kono enek kurang luwih 2 jam setengah sampe jam nunjukne jam setengah 4 sore.
“cah ayo balek sekk njoo gae persiapan sesok” ajak Radit nyang Genta kro Faiq
“njo lekno wes sore yonan” Faiq
“ayohhhh” Genta
Ndek perjalanan mulih…,
30 menit sak bare sampek tekan ngarep omah ku
“engko bengi telkom yohhh dit” ajak Genta menyang Radit
“ashiappp” saurane Radit
Jum’at sore nunjukne jam setengah 6 pas magrib Radit adus lan wudhu ape solat pisan.
“sholat sek ae lahh” batin e Radit mbaten
Sak bare sholat, Radit mlaku menyang pawon
“Pak lawuh e opo pak” takon Radit menyang bapak e
“kae to iwak teri” saut pak Kusman bapak e Radit
“Oalah yowes tk pangan e luwe aku” jawab Radit
“hooh di warek i” bapak Kusman
“Enggh pak” jawab radit
Jam wes nunjuk ne pukul 19.00 WIB ,ora rodo suwi Genta wa Radit ngejak metu ngopi gawe latuan gawe turnament sesok kui, tengkling, tengkling suoro notifikasi whatsapp mlebu ndek hpne Radit,
“oalah Genta to Whatsapp” radit mbatin
Isi cht e Genta menyang Radit
“dit, radit ayo ngopi meneh pisan latian gawe sesok” ajak Genta lewat whatsapp menyang Radit
“ayohh mahkuo lkno” saurane Radit menyang Genta
“okee sek yo tak otw” genta pisan blabas otw menyang omah e Radit
Selang 20 menit Radit ngnteni, sampek jam nunjuk ne jam wes jam 19.30 WIB
“Radit, radit ayo dit selak wengi” nyeluk e ng ngarep ane omah e Radit
“hooh hooh sek ta “ jawab e Radit
“ayo budal souwii we” senggak Genta nyang Radit
“njoo anjooo” Radit jawab
Neng perjalanan perasaane Radit wes ora penak, angin bengi kui yo semilir semilir neng perjalanan Radit jagongan kro Genta neng dalan karo numpak lirih lirih, sak sampe ne enek 15 menit perjalanan Radit kro Genta wes teko panggon biasane ngopi.
“ta, pesen o sek kono gek tak whatsapp e Faiqlim” kongkon Radit nyang Genta
“iyo, opo we pesenmu” takok Genta
“es teh ae aku” Radit nyauri
“Oka” Genta
“Sek tak whatsapp e faiq” Radit
Pukul wektu iku nunjuk ne wektu jam 20.00 WIB,
“iq mreneo ng warkop telon karo genta aku ng kene gek latian njo” Radit whatsap faiq lim
“iyo sekkk bariki tak mangan sek yo” saurane faiq lim
“oke, ojo sui sui yoh” jawab Radit
Karo ngenteni tekane Faiq Lim, Radit kro Genta ngopi kro jagongan ng kono ngomongke turnament e sesok kui kro strategi ne kui,
Ora let sui enek 10 menit an Faiq Lim teko
“asalamualaikum “ salam Faiq nyang Radit kro Genta
“wa’alaikumsalam” jawab bareng Radit kro Genta
“Pie maen? “ ajak Faiq nyang bocah 2 kui mau
“ayooo” saut Radit
Bocah ng kono maen PUBG karo latian strategi ne ndek jero gane Faiq ngejak bocah maen siji engkas seng jeneng e Penyok, yo sak bar e maen souwii enek luih ko 2 jam main bocah leren ngeces hp ne dewe dewe kro jagongan eneh,
“Eh penyok sesok pie, spo bareng i? “takok Radit nyang Faiq Lim
“Tak bareng ane ae” jawab Faiq Lim
“okeee” Radit muni
“Yowes ayo balek yohhh ben sesok ora bangkong” ajak Genta nyang Radit
“Njo njo selak wengi malah bangkong sesok ra sdo turnament” saurane Radit
“Yowes ayo ayo” saut Faiq Lim
Pukul iku wes nunjukne pukul jam 23.00 WIB Radit kro Genta bocah 2 kui mau muleh kro numpak montor lirih lirih ora banter marai angin e banter yo howone uadem sampek sampek drajat e 18°,
Sak tenane meh tekan omah e Radit mesti nglewati mbulak duowo seng pueteng ora enek penerangan blas sak Liane penerangan lampu soko montore Genta iku mau, howone wes adem angiene banter soyo gawe suasane mencekam medeni gek pueteng.
Wayah wis bengi jam nunjukne jam rolas bengi bocah loro kuwi mau lekas mlebu mbulak dowo kui mau, Radit kro Genta jagongan kanggo ngilak i roso wedine lewat kono soal e seng suasanane mencekam peteng pisan, Radit lekas kroso enek seng ngetut ng burine masio numpak montor
“eh ta aku kok kroso enek seng ngetut to” takok Radit menyang Genta takok lirih lirih ngno,
“Halah omong opo to wei” saurane Genta
“sumpah perasaanku ra penak blas” omong Radit menyang Genta
“ora ora” Genta
Ra let sui lewat sampek pertengahan an dalan radit nyawang bayangan guedi neng sanding uwet jambu mente seng enek neng sandeng gubuk tengah sawah,
“astagfirullah opo keee as” Radit bengok kro misuh “opo lo s” saut Genta
“Enek bayangan ireng gedi ng buri wit jambu kemau, balap o balap o” omong e Radit kro wedi setengah nesu
Perjalanan smpek bar lewat mbulak kemau sesampek e wes teko omah e Radit, Radit langsung mlebu omah gek Genta langsung muleh lewat dalan laine mbulak kui mau, Radit langsung mlebu kamar kro langsung krubutan slimut kro mbaten” opo kemau yo”,Radit langsung keweden gek langsung turu ben lali karo kedadean kemau
Keesok an dinane isuk jam 07.00 WIB, Radit tangi lan panggah eleng karo kedadean mambengi, seng mencekam wes jam 23.30 WIB seng ora iso di lalekne Radit
Radit wes ora gandeng kedadean dek ingi dek e fokus kro turnament e mengko langsung dekne siap siap gwe turnament
Radit whatsapp Genta Faiq karo Penyok
“Iq, te, nyok mahkuo nglumpok mahku gek budal” Radit wa Genta Faiq karo Penyok
“hooh OTW” saurane Genta Faiq karo Penyok lewat Whatsapp
Kurang luih 20 an menit bocah 3 kui mau tekan omah e Radit, di sambut ng emper e omah e Radit enek bapak e yaiku pak Kusman,
“Assalamualaikum pak, radit wonten? “genta takok menyang pak Kusman
“Wa’walaikumsalam ,enek lee kae ng jero mlebuo” ujar e pak Kusman
“Enggh pak” Genta
Bocah 3 kui mau mlebu bareng nyang jero ngampiri Radit
“ayo budal selak telat engko di dis”ajak Faiq lim budal
“Ayo ayoo budal” saurane Radit
“Njo” penyok
“sek tak pamit bapak” munine Radit
“Pak. Bapak aku pamit budal turnament sek yo dongakne menang” pamit. Menyang bapak e
“oalah hooh le amin mugo mugo nomer 1” pak Kusman
Bocah kui mau akhire budal menyang turnament jam nunjuk ne 08.00 WIB
Neng perjalanan sampek tujuan bocah enek kiro kiro 20 an menit tekan menyang panggon turnament sng di tuju,yaiku jam 08.20 WIB, ra let sui maneh yaiku jam 08.30 WIB penyok teko
“haloo broooo” Penyok nyopo menyang cah 3 kui mauu
“beh wei budal dewe i pie to tk hubungi ra kenek bakno wes mangkat” saut Gente
“Nyatu yo OTW to” saurane penyok
“eh aku kroso panggh ra penak to” langsung ganti pembicaraan saut Radit
“halah halah weki halu halu” gente
“ tenanan lee” jare Radit kro kroso ndk penak awak e
Sak wisee jagongan kono mau bocah 2 kui mau mlebu anggone turnament gone neng gon caffe shop, Tulungagung bocah 4 kui mau ndk Pati ngerti panggone registrasi ulang akhire Radit takok menyang satpam ng kono
“pak tempat registrasi ulangnya di mana ya” ujar e Radit menyang satpam
“ohh mau regis? Itu di depan kasir” ujar stapam kepada Radit
“oalah siap pak makasih yaa” Ucapan terima kasih Radit
“Iya nak sama sama” Satpam
Setelah melakukan registrasi anak 4 tersebut mulai melakukan pemanasan untuk mempersiapkan dirinya untuk turnamentnya kali ini, setelah pemanasan hampir selesai mereka ber empat berdoa
“Ayo dungo sek cah” Ajak radit
“yohhh” bocah 3 saut Radit
Kualifikasi mlaku sampek makan wektu pirang pirang ane jam, sampek mlebu babak final arek 4 iku mau mlebu final, akhire final langsung di lanjutne sampek rampung sampek makan wektu yo cukup wengi sampek tengah wengi.
Sak wise turnament rampung kui mau bocah entuk juara 2 neng turnament sing manggon ning coffe shop Tulungagung iku, bocah 4 kui mau jan sueneng banget iso juara tapi yo ono roso kecewa durung biso nomer 1,
“beh durung iso nomer 1 cah” ujar e Radit
“Ora popo wes mantapp bersyukur ae” penyok
“hooh bersyukur ae alhamdulilah ae loo” faiq lim
“Hooh alhamdulilah sok seng giat latian eneh yo ben iso nomer 1” Ujar Radit
Sak wise turnamen e wes rampung bocah bocah kui mau mulih bareng bareng luwih tepat e jam wes nunjukne jam setengah 12 bengi WIB, bocah numpak lirih lirih ampreh selamet tekan ngomah, sak wise tekan Durenan bocah kui mau pencar amargo omah e bedo jalur kabeh,
Genta ngeterne Radit mulih menyang omah e, koyo biasane dekne lewat dalan biasa ne yaiku bulak dowo sawah sawah sak durunge tekan omah e Radit, sak tenane dalan mlebu menyang mbulak howone mulai sunyi senyap eneh, perasaan e Radit mulai bingung lan wedi eneh lk kedadean eneh, jam kui wes pukul 12.00 WIB
“Cuk aku kroso eneh ra penak i” Radit
“Aku kok ora to biasa ae wes rasah miker” genta
Sak wise oleh setengah perjalanan ng tengah bulak iku mau enek wit jambu mente seng umure uwes tuwo angin e buanter, sampek kabeh uwit cilik cilik ng kono obah, tidak e tenan perasaan e Radit seng ora penak, enek sosok gedi duwur warnane ireng rambut e dowo due rambut sikil ketel lan akeh kui seng di arani Genderuwo
“Astagfirullah opo kae te” bengok Radit nyang gentee
“janc** ndruwo kae dit” gente misuh
“ya alloh balap o te balap o” karo keweden radit ngengkon gente banter
“Yo cuk banter iki “ gente
Sak bar e tekan lewat bulak dek e tekan omah e Radit eneh lan radit langsung ndodok omah e langsung omong neng bapak e pak kusman,
“assalamualaikum pak pakk bapakk, “ bengok Radit kro keweden
“Wa’alaikum salam lee, ono opo to kok bengak bengok”pak kusman
“anu pak aku mulih turnament kono mau eruh ndruwo ng mbulak kro genta iki mau” ujar e Radit
“tenan pie neng endi? “ ujar pak kusman
“ning wit jambu mente tengah sawah tuwek kae” Radit
“oalah ancen wit kui wes tuwek lee ket bapak sek cilik wes enek kok wit kui ancen bien jare critane ono joko seng bunuh diri neng gon wit kui mergo ndk iso rabi kro wong seng di tresnanine” ujar pak Kusman
“oalah lagek weruh iki aku pak” Radit muni kro roso wedi
“Yo bapak ndelikne sesuatu ko awm le amergo ket cilik awm wes iso weruh barang barang kui tanpo sengojo makane bapak ndk crito nemg awm ben awm ndk miker gek keweruh an barang ra genah” ujar pak Kusman
“Oalah enggh pak” radit muni kro ngrendah suarane
“Dit ywes lekno aku tk turu omahmu ae yo wes wengi aku wedi muleh” gente saut karo kewedenan
“oalah hooh te turuo mahku ae” saut radit
“okee” genta
Sak wise pengalaman kui kabeh mau keesok an dinane radit kro gente panggah kebayang karo pengalaman seng wes kedadean nimpo bareng Radit kro genta kui mambengi ,lan Radit ora nyongko lak ora percoyo kro seng di omong ne bapak e menyang dekne, dek e ndk nyongko dek e wes indigo kawet cilik,
sak wise pengalaman mambengi hari demi hari di lalui Radit mulai terbiasa kro barang barang ora genah koyo kedadean dino bengi kae, akhire radit wes di juluk i anak Indigo ndek desone, lan sampek sampek meh saben dino mben mbengi dekne iso nyawang barang ora genah kui neng sekitar omah e lan neng sekolah.

NAMA : ALFREDO PUTRA ARTANDO
KELAS : XII IPA 4
NO ABS : 01
SEKOLAH : SMA 1 DURENAN

“ASILMU GUMANTUNG USAHAMU”

Dimas Ibnu B
08
XII IPA 4
SMAN 1 DURENAN
Jaman mbiyen ing kerajaan Singanawi ana Raja kang gagah,adil lan digdaya kang mimpin kerajaan Singanawi. Raja iku kaparing asma Raja Narwi. Ing wayah kepemimpinan Raja Narwi rakyat ing kerajaan Singonawi Urip Makmur gemah ripah loh jinawi garwane Rojo ing kerajaan Singanawi kaparing Asmo Ratu Hida. Parase kang ayu langsing duwur lan resikan. Ratu Hida uga pinter masak Ratu Hida gadah Yoga Kang ganteng duwur lan Bakti marang Wong tuwane. yoogane iku kaparing Asma Raden Tiar, anake Rojo Narwi sing jenenge Raden Tiar iku cair Alim seneng marang pelajaran agama lan latihan beladiri ing Padepokan daerah Jawa Timur. dwm bu guru ngaji guru gede daerah Kediri sakwise mendalami ajaran silat e dewe iku Ugo ngecat pake panggonan latihan silat Kerajaan Singanawi. Ing panggonan iku awale Raden tiar amung ndue 10 murit kang di latih tapi soyo sui soyo okeh sing melu latian silat, saben warga sing wis lulus saka padhepokan iku marang Raden Tiar banjur diangkat dadi prajurit ing kerajaan mula kerajaan Singonawi duwe prajurit Kang roso Lan diwedeni kerajaan liyane amarga kabeh prajurit Kerajaan Singonawi duweni taktik perang kang jitu kuwi kabeh kebukti Mergo kerajaan Singonawi iso nglalekne 4 kerajaan digdoyo ing tlatah Jawa. panglima perang kerajaan Singanawi yoiku Raden Tiar. Raden Tiar memimpin langsung kabeh peperangan sing dilakoni kerajaan Singanawi.

Telung taun kepungkur Rojo Narwi Lan Ratu Hida diparingi yoga dening gusti kang dikandung dening Ratu Hida. Raja Narwi Seneng banget amargo krungu kabar kuwi deweke banjur ngumumake berita iku marang rakyaté lan marang keluarga kerajaan Singonawi kabeh ngrasa seneng krungu kabar kui mau kabar kang disebar ni kui mau uga dirungokne déning Raden Tiar pas wayah iku Raden Tiar isik mbeguru silat ing jawa barat Raden Tiar banjur balik saka mbeguru latian silat amergo materine yo wis cukup. Pas Raden Tiar teko ing kerajaan Singanawi disambut marang Raja Narwi lan Ratu Hida uga kabeh keluarga kerajaan Singanawi. Semasa Ratu Hida mbobot Raja Narwi lan Raden Tiar terus njogo Ratu Hida amarga Raja Narwi lan Raden Tiar wedi yen enek barang kang ora becik utawa barang kang ora di anggep sing iso nyilakani Ratu Hida.

Jaman semono Raja Narwi uga seneng ngopeni kewan utamane sebongso manuk lan unggas kang apik – apik conto kewan sing di openi marang Raja Narwi yaiku Merak putih, Merak hijau, Kakaktua, Cindrawasih, Jalak Bali, Matoa, Kalkun, Merpati Sungut Jawa, lan lio liane. Raja Narwi tlaten banget naliko ngopeni kewan kabeh iku, ing salah sawijine bengi pas Ratu Hida mbobot Raja Narwi mbaturi Ratu Hida ing kamar ananging Raja Narwi keblabasen turu amargo kekeselen pas wayah awan ngopeni kewane kabeh.
Pas wayah turu Raja Narwi rumangsa oleh ngipi kang elek banget lan aneh banget menurute Raja Narwi, ing ngipi iku Raja Narwi rumangsa ditekani wong tua kang gawe klambi sarwo putih lan gowo tongkat ing ngipine raja Narwi diomongi déning wong tuwa iku yèn dhèwèké kudu ngeculake kabeh kewan sing ana ing kerajaan yen pengen selamet lan ora kena bahaya. Raja Narwi kaget banjur deweke tangi lan ngerasa ora sanggup yen deweke kudu ngeculake kabeh kewan sing ana ing kerajaan Singanawi. Amergo ngipi kui mau Raja Narwi takon marang bojone yaiku Ratu Hida. Krungu cerita iku Ratu Hida uga nuturi Raja Narwi yen kudu manut karo ngipine mau, eruh jawaban saka Ratu Hida koyo ngono Raja Narwi saya gupuh tapi deweke ndue pendirian yen kabeh kewan kesayangane kae mau ora bakal di culne amargo diopeni kanti apik marang Raja Narwi akire kewane mau ora diculne .

Sangang sasi wes meh rampung Ratu Hida uga mehngelairne, Raja banjur nyeluk tabib suoaya ngewangi lairane anak ke 2 ne Raja Narwi pas arep ngelairne ono pembantu kerajaan kang laporan marang Raja yen kabeh kewan e mati kenek aratan, Raja kaget krungu kabar kui.Pas raja lan abdi ngurusi kewan sing mati tabib sing nulungi lairane Ratu Hida mlayu marani Raja lan laporan yen Ratu hida ngelairne. Raja urung krungu kabar utuh wes marem akire tabib nerusne kabar yen anak ke 2 ne Raja lan Ratu hida ndak kenek di slametne. Raja getun banget ora nuruti ngimpine mau. Raja ngerasakne terpukul amergi kuimau Raja ngunci awake dewe neng njero kamar. Anak mbarep Raja sing asmane Tiar uga terpukul deweke tapi tetep tabah lan ngurusi pemakamane Ratu Hida. Jenazahe Ratu hida di urusi marang anak mbarepe. Jenazah di dusi, dikafani,banjur melu ngewangi gotong jenazahe Ratu hida,teko pemakaman akire Ratu hida di kubur lan kabeh,sing ngetutne bali ing kerajaan tapi Raja Naruwi lan Raden Tiar isik nunggoni ning pemakaman. Cekak cerita Raja Narwi nyerahne kekuasaan marang anake Raden Tiar. Banjur Raden Tiar di angkat dadi Raja ing kerajaan Singanawi, kerajaan iku mau soyo makmur, adil lan sejahtera. Akir cerito Raja Tiar rabi karo anak putri saking daerah terpencil lan adoh saka kerajaan bakab bojone Raja di gowo menyang kerajaan banjur di nikah ne ing kerajaan iku. Akir cerita Raja Tiar urip bahagia lan sejahtera.

TRESNA KUPAT

Jeneng : Ratri Pramudita
Tataran kaping : XII MIPA-4
Urut kaping : 22

Sasi September hawane panas banget. Wayah wis ngancik ing angka 12. Ing salah siji SMA ing kabupaten Trenggalek, yaiku SMAN 1 Durenan. Ing kelas 12 Mipa 2, ana bocah wedok seng seneng dolanan HP. Jeneng e Rara Putri Amalia, biasane diceluk Rara. Rara nduwe perawakan dhuwur, ayu, putih, bangir irunge, pinter, ramah lan gampang sesrawungan. Mula iku akeh seng seneng marang Rara.
Safira Resti, biasane diceluk Rere. Kanca sekelas lan sebangkune Rara wiwit mlebu SMA iki, mangka iku wis kayak sedulur kanggo Rara. Rere iku nduwe perawakan dhuwur, ayu, kulit sing sawo mateng lan pinter.
Alano Pradipta, biasane diceluk Alan. Bocah lanang kelas 12 Mipa 6. Salah sijine bocah lanang sinh seneng marang Rara. Alan iku bocah e nduwe perawakan bagus, gampang sesrawungan, ramah, ora begitu pinter ning bidang akademik, nanging pinter ning bidang non-akademik. Kayata, juara 1 ing lomba renang se provinsi Jawa Timur, lan kapten futsal SMAN 1 Durenan.
Rafa Mahendra, biasane diceluk Rafa. Kancane Alan wiwit SD, kanca sekelas lan sebangkune Alan ing SMA iki. Rafa iku nduweni perawakan, bagus, gampang sesrawungan lan pinter. Rafa wis kayak sedulur kanggo Alan.


Iki mau kabeh kelas ing SMAN 1 Durenan ora ana sing diwulang, amarga gurune ana kegiatan rapat dinas. Rara sing panggah dolanan Hp, tas sadar yen wis jam 12. "Re" Rara nyeluk Rere "Opo ra?" jawab e Rere "awakmu sholat kan?" takok e Rara. Rere ora nyauri nanging Rere mung manthuk-manthuk "Eh ra, aku arep takok" omong e Rere menyang Rara "takok opo" jawab e Rara "awakmu cedek ta karo Alan? Bocah Mipa 6?" takok e Rere menyang Rara. Rara kaget pas Rere takok ngunu, amarga Rara durung cerita menyang sapa-sapa yen dheweke cedek karo Alan. "lah awakmu jarene sapa? " takoke Rara "ora jarene sapa-sapa. Aku mau weruh yen awakmu budhal bareng karo Alan" jawab e Rere "oh, iyo re" jawab e Rara "iyo cedek?" takok e Rere maneh. "iyo" jawab e Rara karo mesem. Rere mung manthuk-manthuk "eh Re, ayo sholat" Banjur Rara karo Rere menyang mushola terus sholat. Sakwise sholat, Rara karo Rere bali menyang kelas. "Re, ayo menyang kantin, aku luwe huhu" ajak e Rara "ndak e Ra" jawab e Rere "yowis, aku menyang kantin dhewean wae, awakmu arep titip ndak?" takok e Rara. Rere ora jawab tapi mung godhek-godhek. Banjur Rara menyang kantin dhewe. Pas mlaku kenyang kantin, Rara ngeroso aneh marang Rere sakwis e Rere eruh yen Rara cedek karo Alan. "Rere kok maleh judes menyang aku, sakwis e dheweke eruh yen aku cedek karo Alan nyapo yo?" batin e Rara. Sakwise teka kantin, Rara enggal-enggal tuku jajan. Banjur Rara bali menyang kelas, ing tengah dalan Rara papasan karo Alan lan Rafa.

“Ra? Dhewean wae? Tumbas apa?” takok e Alan menyang Rara.
“oh iyo lan, Rere ora gelem menyang kantin. Tumbas jajan” jawab e Rara
Rafa sing ngerasa dadi obat nyamuk, banjur ninggalake Alan karo Rara.
“Ra, ayo baturi aku ning kantin” ajak e Alan
“lah nyapo? Kan wis karo Rafa” jawab e Rara
“wis to ayo” banjur Alan nggeret tangane Rara. Sak tekane ing kantin, kabeh bocah pada nyawang. Rara krungu ana salah sijine bocah sing lagi ngomongake dheweke lan Alan.
“eh kae Rara karo Alan, pacaran?” takok e bocah kui.
“ora weruh, tapi aku kerep weruh Alan karo Rara barengan. Lek ora salah, Rere iku yo demen marang Alan wis suwi. Rara opo ora eruh yo? Kan Rara sahabat e Rere. Tapi kok mesti barengan karo Alan.” jelas e salah sijine bocah kui mau.
Rara krungu opo sing diomongake bocah iku. Banjur Rara mikir, opo tenan yen Rere seneng marang Alan. Sakwise Rara baturi Alan, Alan ngeterna Rara bali menyang kelas e. Sak tekane ing kelas, Rara arep takok menyang Rere, tapi wis didisiki kara Rere
“suwi temen Ra?” takok e Rere
“oh ehm.. Ora, mau omong-omong an karo Rafa, mangkane suwi” jawab e rara karo ngempet gupoh.
“ohh…” jawab e Rere
“eh ra, awakmu seneng to karo Alan?” takok e Rere. Rara bingung arep jawab opo. Rara seneng karo alan, tapi Rara ogah ngelarani Rere, koncone dewe sing wis dianggep kayak sedulure.
“aku? Ehm… Ora Re” jawab e Rara.
“youwis lek ngono” jawab e Rere.
“ehm awakmu seneng karo Alan?” takok e Rara menyang Rere.
“hehe iyo, aku seneng karo Alan” jawab e Rere karo sumringah. Banjur Rara mung manthuk-manthuk.
“Rere seneng karo Alan, berarti aku kudu mundur. Aku ogah yen kekancananku bubat gara-gara bocah lanang” batin e Rara.
Tiiiiiingggg……. Tiiiinggggg…..
Bel muleh wes muni kabeh bocah podo ngringkesi buku-buku ne banjur muleh. Rara lan Rere mlaku bareng menyang prakiran.
“Ra, ayo” ing tengah dalan arep menyang parkiran, Rara lan Rere cethuk Alan. Rara bingung arep nyauri Alan, amarga Rara ora gelem menowo Rere nesu karo Rara.
“eemm… Lan, sepurane yo. Aku muleh karo Rere wae. Awakmu dhewe ae ora apa-apa ta?” jawab e Rara.
“oalah, hooh ora apa-apa. Ati ati ya” jawab e Alan. Banjur Rara lan Rere menyang parkiran, terus muleh.


Sak tekane ing omah. Rara banjur ganti klambi lan ngaso. Rara bukak Hp ne, banjur ndilok ana pesan saka mae Alan
^WhatsApp^
Alano Prdpt
Ra, ayo dolan
Rara Amalia
Kapan?
Alano Prdpt
Mengko bengi wae, tapi jam 9 wes bali
Rara Amalia
Menyang o mahku yo
Alano Prdpt
Oke budhal pokok
Rara arep dolan kara Alan. Rara dolan kara Alan, karo ngomongne perkara Rere. Sak wis e bales pesan e Alan, Rara banjur nyapu-nyapu lan resik-resik. Sak rampung e resik-resik Rara banjur adus lan sembahyang. Sak marine iku Rara mung nyantai nyantai karo dolanan Hp. Adzan magrib wes ngumandang. Rara banjur salat lan cepak-cepak arep dolan karo Alan. Sak wis e Rara cepak-cepak, Rara metu ko omah lan ngenteni Alan ing emperan omah.
Ttiiiinn…. Ttiiinnn….
Bel montor e Alan muni, Rara cepet-cepet metu supaya Alan ora ngenteni, amarga ngenteni iku rapenak gaes:))
“eh.. Lan” sapane Rara
Wis siap cah ayu?” takok e Alan karo nggoda Rara
“lah baru sadar ta yen aku ayu hahahaha, ayo budhal” jawab e Rara karo guyonan.
Banjur Rara lan Alan budhal. Rara karo Alan dolan menyang taman, terus lingguh ing salah sawijine kursi ing taman.
“Lan”
“Ra”
Alan nyeluk Rara, bareng karo Rara nyeluk Alan.
“awakmu dhisik ae Ra” jelas e Alan
“aku arep omong perkara Rere” omong e Rara
“nyapo Rere?” takok e Alan
“Rere seneng karo awakmu” jawab e Rara
“iya ta?” takok e Alan
“iya lah, masak iya aku ngapusi. Bocah e mau crito dhewe menyang aku” jelas e Rara
“yo kepriye, aku seneng e marang awakmu uduk Rere” kawab e Alan
“ora iso lo Lan, aku ogah menowo bebaturanku bubar peraka wong lanang” jawab e Rara
Alan meneng ae, ora nyauri. Rara bingung kudu kepriye. Rara seneng marang Alan, tapi Rara ogah yen kekancan e bubar goro goro dheweke ngelarani Rere.
“awakmu seneng marang aku?” takok e Alan
“iyo” jawab e Rara
“aku seneng marang awakmu, awakmu yo seneng marang aku. Opo sing kudu dipermasalahne? Urusan Rere ora perlu dipikir, mengko awak e omong bareng-bareng menyang Rere. Rere mestine ngerti. Saiki awak e pacaran ae meneng-meneng, gelem?” jawab e Alan
“piye maksudmu iku Lan?jelas aku ogah lek ngono. Menowo Rere eruh, Rere mesti ogah bebaturan karo aku maneh. Awakmu pengen yen bebaturanku bubar to karo Rere?” jawab e Rara
“terus….” durung mari lek omong Alan, moro-moro Rere teko banjur nesu-nesu menyang Rara
“Ra Lan”
“loh Re” jawab e Rara karo dredek
“awakmu dek wingi ngomong, yen awakmu ora seneng marang Alan. Tapi nyapo saiki awakmu neng kene cah loro? Awakmu weruh yen aku seneng marang Alan, nyapo awakmu dolan karo Alan? ” jelas e Rere
“awakmu salah paham Re, aku karo Alan neng kene ngomongne awakmu” jelas e Rara
“halaah, yen awakmu seneng karo Alan omong o ae, ora perlu ngno” jelas e Rere karo nesu-nesu
“awakmu lek ora eruh ojo nesu-nesu dhisik” Alan nesu menyang Rere. Rara bingung kudu kepriye, Rara durung mari lek omong. Rere wis ngaleh ninggalno Rara lan Alan.
“nyapo awakmu melu-melu nesu Lan? Meneng ae to Lan” omong e Rara.
“lah aku belani awakmu. Yo aku ora seneng yen dheweke nesu-nesu menyang awakmu.” jelas e Alan.
“yowes lah, ayo muleh wae” banjur Rara lan Alan muleh. Ing perjalanan mulih, Rara lan Alan mung meneng ae, ora eneng seng arep omong.
Saktekane omah, Rara banjur ngongkon Alan mulih, amarga Rara kesel banget, mumet.
“awakmu mulih o ae yo Lan, sepurane. Ati-ati yo” omong e Rara
“iya, wes ndang mlebu o” jawab e Alan
Banjur Rara mlebu omah. Sak balik e Alan, Rara banjur mlebu kamar lan ganti klambi terus santai-santai ing kamar. Rara kepikiran perkara Alan lan Rere, Rara kudu ngalah. Rara ogah yen kekancan e bubar goro-goro perkara iki.
“sesuk aku kudu nemoni Rere lan alan” batin e Rara. Moro-moro ibune Rara mlebu kamar.
“Ra, ana kancamu ing ngarep” omong e Ibu ne Rara. Rara kaget, sapa sing mara.
“lah sapa bu?” takok e Rara
“bocah lanang, Ora eruh Ibu dewe” jawab e Ibune Rara. Banjur Rara cepet-cepet metu lan nemoni. Tibak e Rafa sing mara.
“lah Raf, ana apa?” takok e Rara
“aku diomongi Alan, jarene awakmu, Alan, rere mau tukaran, iya ta?” takok e Rafa
“iya Raf” jawab e Rara
“Rere seneng kara Alan?” takok e Rafa
“iyo Raf” jawab e maneh, Rafa mung meneng ae, kayak ana sing dipikirna
“nyapo Raf?” takok e Rara maneh
“aku seneng karo Rere, Ra” jawab e Rafa. Kaget, iku seng dirasakne Rara pas eruh yen ternyata Rafa meneng-meneng iku seneng kara Rere.
“tenan Raf?” takok ku
“iyo Ra, aku seneng karo Rere wiwit byen. Tapi aku ora pernah nyedeki dheweke, terus aku diomongi Alan yen Rere seneng karo Alan. Alan yo ora eruh menowo aku seneng karo Rere” jelas e Rafa. Banjur Rara muk meneng ae, ora jawab omongane Rafa. Rara mikir, kepriye iki carane nuntasake
“awakmu omong o menyang Rere Raf, yen awakmu seneng karo dheweke” omonge Rara
“iyo, sesuk aku arep omong” jawan e Rafa
“yowis Ra, aku bali dhisik. Sepurane yen aku ganggu” pamit e Rafa
“iyo Raf, ora apa-apa” jawan e Rara. Banjur Rafa bali. Sak baline Rafa, Rara banjur langsung turu amarga jam wis ngancik angka 9.


Iki mau dina minggu, jam 7 Rara sektas tangi. Banjur Rara umbah-umbah lan ngewangi ibune masak, lan resik-resik omah. Sak marine, banjur Rara adus lan sarapan. Ora krasa jam wis ngancik ing angka 10. Rara njupuk Hp, bukak aplikasi warna ijo, yaiku WhatsApp. Ana chat saka Rafa, ngomongi yen dheweke saiki lagi karo Rere ngomongne perkara rasa seneng e Rafa menyang Rere.
Rara seru dolanan Hp, sampek ora sadar yen dheweke diceluk ibune. Banjur Ibune mlebu ing kamar lan ngomongi, yen ana kancane ing ngarep. Banjur rara cepet-cepet metu.
“nyapo Raf?” takok e Rara
“aku wis omong menyang Rere, Ra. Dheweke jawab yen dheweke seneng e karo Alan.” jelas e Rafa
“dheweke muni ngono yo? Aku mundur ae lah Raf. Aku ora pengen yen kekancananku bubar” omong e Rara
“aku arep balek ae Ra, kesel haha” jawab e Rafa. Rafa lan Rara pada-pada bingung e. Ora ngerti kudu kepriye. Sakbalik e Rafa, banjur Rara ndilok TV karo Ibune. Bapa ne Rara kerja ing luar kota. Rara dadi anak tunggal, dadi ing omah Rara mung karo Ibune.
Jam wis ngancik angka 5, srengenge wis enggal-enggal ndelik. Rara cepet adus, banjur sholat lan sinau. Sak wis e sinau, banjur Rara turu.


Iki mau dina Senin, para pelajar kabeh wis kelewat apal, dina Senin iku wayah e Upacara. Malesi pol, termaduk gawe Rara. Wis setengah pitu, Rara enggal-enggal budjal. Sak tekane ing sekolahan, ana Rere lingguh ing bangku, dheweke menenh ae, ora delem nyawang Rara utawa omong karo Rara. Wayah e upacara Rara lan kanca-kancane metu, enggal-enggal gawe barisan ing lapangan. 45 menitan upacara mari banjur Rara lan kanca-kanca bali ing kelas. Ing kelas Rere ora gelem omong karo Rara. Rara wis ngajak omong tapi dheweke meneng ae. Sampek jam mulih Rere mung meneng ae. Rere sing biasane omong ae saiki meneng ae.


Ora krasa yen Rere ora gelem omong karo Rara wis ana seminggu. Rara bingung, Alan karo Rafa yo kayak ora pernah ngetoro. Rara biasane cethuk an ing kantin wis seminggu iki ora cethukan. Ing jam mulih, Rara wis nduwe niatan yen dheweke arep omong mae Rara, supaya kabeh jelas lan rukun maneh.
“Re, ojo mulih dhisik yo, aku arep omong” omong e Rara
“yo cepet” jawab e Rere judes
“yen awakmu demen karo Alan, aku mundur Re. Aku ora opo-opo yen awakmu karo Alan. Aku ogah menowo bebaturan e awake bubar perkoro bocah lanang. Awak e wiwit SMA bareng, apa iyo arep bubar amarga perkara bocah lanang?” jelas e Rara. Rere ora nyauri, mung nyawang aku.
“Re, ojo meneng ae lo” omong e Rara menyang Rere. Rere ora nyauri, tapi Rere geret tangan e Rara, supaya Rara melu Rere. Rere nggowo Rara ing tengah lapangan basket. Ing lapangan basket, akeh balon-balon. Rara iling jelas, ulang taun e Rara isih suwi, Rara bingung.
“awakmu neng kene ae, ojo nyandi-nyandi” omonh e Rere
“hah? Iyo” kawab e Rara karo bingung
Moro-moro Alan mlebu ing lapangan basket karo nggowo kembang. Huhu kembang, Dikira Rara mayit ta?
“loh Lan?” Rara bingung
“Ra, aku ora perduli awakmu arep nampa aku opo ora. Pokok aku arep omong tenanan. Luwih tenanan katimbang sing wingi. Aku temenan seneng karo awakmu Ra, Rara Putri Amalia” jelas e Alan. Rara bingung, Rara yo seneng karo Alan tapi Rara ora oleh egois. Rere yo seneng karo Alan, Rara kudu ngalah.
“tapi Lan, Rere…. ” urung mari Rara omong, Rere lan Rafa mlebu lapangan.
“awakmu yo seneng kan karo Alan? Ojo mikirna aku tok, awakmu yo kudu mikir Alan. Aku wis belajar ngelalekne Alan, luwih becik yen aku sing mundur lan milih bocah sing temanan seneng karo aku, Rafa” jelas e Rere
“iyo, Ra. Ora opo-opo. Rere saiki waanku, lek bahasa inggris e mine hahahahaha” jawab e Rafa karo ngguyu-ngguyu
Banjur Rara nyawang Alan. Ketoro jelas yen Alan ora ngapusi, dheweke seneng karo Rara. Rara yo seneng karo dheweke.
“aku yo seneng Lan karo awakmu” omong e Rara
“gelem dadi kancaku selawase? Baturi lan dukung aku ing suka duka ku?” takok e Alan
“iyo gelem” jawab e Rara
Akhir e Alan pacaran karo Rara, Rara seneng banget akhir e kabeh iso balik rukun, ora meneng-meneng maneh. Rere kepriye? Rere bukak atine kanggo Rafa, sing jelas tresno karo Rere.
Rara karo Alan, Rere karo Rafa. Adilkan? Ora perlu tukaran amarga bocah lanang. Amarga kekancanmu iku luwih penting dari pada pacar mu.

SAKA BUKU DIARY


Suara alarm ngugah turu ing isuk,ibuk mbukakne cendelo kamar lan srengengene langsung nyorot neng kasur.
Stevani cah wedok asal jakarta seng bingung arep kuliah neng endi bar lulus sma.stevani sek galau karo cita-citane.stevani termasuk cah wedok seng lumayan pinter,ayu,lan terlahir soko keluarga mampu.
Stevani ndue sahabat jenenge ara,bocahe ayu,sugeh,lah opo seng dipengenne mesti keturutan.ara nyaranne stevani kuliah neng UB Malang.tapi ara kuliah neng kono mor pengen golek pacar seng ganteng.stevani akhire kuliah neng malang bareng ara.
Stevani saiki moco buku ning perpus,ndak sengojo buku diaryne stevani ketinggalan pas dek e cepet-cepet arep nemoni ara.sesuk e pas budal kuliah stevani ngerti lek buku diaryne digowo cah lanang.
“Hei awakmu mandeko”ucap stevani neng cah lanang kui “nyapo” ucap cah lanang “kui buku diaryku,awakmu oleh neng endi” ucap stevani “neng perpus dek ingi” ucap cah lanang kui karo ngehne bukune neng stevani “suwun yo”ucap stevani “oke”.
Stevani nyeritakne kejadian maeng neng Ara, Ara kenal karo bocah seng di ceritakne stevani,bocah kui jeneng e samuel dek e terkenal pinter lan ambisius.jare stevani samuel ganteng,duwur,lan ramah
Ndak let sui stevani lan samuel maleh sering ketemu lan muleh ngampus bareng,stevani kagum karo cita-citane semuel seng pengen dadi CEO perusahaan gede tapi stevani dewe bingung dek e arep dadi opo bar kuliah
Pas stevani teko kos e, ara langsung marani stevani neng kamar ngajak dek e neng dokter hewan mergane kucing peliharaane loro.stevani langsung siap-siap lan budal karo ara numpak mobil.pas teko kono ara langsung gagal fokus karo dokter hewan seng nangani kucinge ara.Dokter hewan kui maeng jeneng e Darel dek e ganteng,ndak pati duwur lan fashionable.ara langsung jaluk kartu namane Darel,ketok e Darel yo tertarik karo ara ko cara mandange dokter kui maeng.
Pas perjalanan muleh ara cerito ng stevani “stev aku kok tertarik to karo dokter Darel kae maeng” ucap e ara
“yo ngajak kenalan lueh cedek lah ra”ucap e stevani “mosok aku disek seng ngajak kenalan yo gengsi” ucap e ara
“lek awakmu gengsi yo ndak bakal kenal cedek karo dokter darel maeng”ucap e stevani
“………” ara. Ara meneng ae mergo bingung
Bengi iki stevani lan samuel ketemuan neng cafe.
“Stev aku demen karo awakmu kawet aku mbalekne buku diarymu” ucap e samuel,tibak e ndak dek e tok seng demen tibak e samuel yo ngono
“aku yo demen asline karo awakmu”ucape stevani
“berarti awak e sah pacaran” ucap samuel karo wajah berharap neng stevani
“iyo” ucap stevani karo wajah isin-isin marem.
Bar stevani muleh soko café deweke langsung nyeritakne neng ara lek deweke jadian karo Samuel, ara seng sakdurunge ngombe banyu pas stevani omong langsung banyu kui muncrat lan ara keselak. Stevani malah nguyokne ara tapi ara marem kancane ndue gandengan. Ara bingung mergo deweke kuliah neng malang pengen golek pacar tapi malah kedisikan stevani.
Dinon ing dino,wulan ning wulan hubungane stevani lan Samuel panggah apik. Sampek akhire stevani lan Samuel lulus bareng lan wisuda bareng, ora ketinggalan skripsine ara wis bar lan akhire lulus kuliah.
Pas oleh informasi soko internet Samuel langsung telfon stevani pengen ngajak ketemuan neng café koyo biasane
‘’ wis nunggu sui to sam’’ ucape stevani
‘’yo lumayan’’ucape Samuel
‘’enek opo awakmu ujuk-ujuk ngajak aku ketemu,ketoke kok sumringahmen’’ucape stevani
‘’aku maeng oleh informasi lek aku ketompo kerjo neng prancis stev makane aku pengen berbagi kebahagiaan iki neng awakmu’’ ucap e samuel
‘’alhamdulillah,selamat yo sam’’ ucape stevani karo wajah seng bingung antarane seneng karo ora.
‘’terus awakmu pie stev karo cita-citamu’’ ucape Samuel ‘’embuh sam aku sek bingung’’ ucape stevani
‘’awakmu melu aku ae stev neng prancis neng kono kan awake iso jalan-jalan bareng, neng endi-endi bareng engko tak pamitne keluargamu’’ ucape Samuel
‘’terus aku mor lontang-lantung ngetutne awakmu gek awakmu ra peduli karo masa depanku’’ucape stevani karo nada tinggi lan raut wajah nesu
‘’ojo pen awakmu ndak ndue mimpi gek awakmu ngrusak mimpiku seng wes tak rakit kat biyen’’ucape Samuel karo nesu lan dobrak mejo
‘’oke sam suwun waktune selama iki,sepurane aku wes ngalangi masa depanmu,sukses lek mu kerjo neng prancis’’ ucap stevani lan langsung ngaleh soko café kui karo nangis
Samuel bingung kudu pie, gelem ra gelem Samuel kudu budal neng prancis mergo kui kesempatan seng luar biasa gae nguber cita-citane seng pengen dadi CEO perusahaan.
Stevani mor iso nangis lan nyeritakne kerjadian maeng neng sahabate,ara ndak iso bertindak opo-opo mergane deweke eroh lek stevani ndak iso LDR dadi ara ngerti pie perasaan e stevani saiki.
Dino ning dino wis kelewat, kedekatane ara lan dokter darel nyelot tenanan. Lan ora let sui akhire dokter darel ngungkapne perasaane neng ara pas deweke mriksane kucinge neng omahe dokter kui. Lan cah 2 kui akhire resmi pacaran.
Pas dino minggu ara lan dokter darel janjian jalan-jalan lan ngajak stevani ben iso terhibur lan ceria eneh. Stevani iri ngerti kedekatane ara lan dokter darel mergane deweke maleh kelingan Samuel.stevani mor iso berusaha move on lan usaha gae masa depane.
Pirang-pirang tahun sak wise akhire Samuel muleh neng Jakarta. Pas neng perjalanan deweke eroh kedai kopi jenenge ‘’kedai coffie stevani’’ deweke gagal fokus karo jeneng kedaine podo karo jeneng mantane. Akhire Samuel ngongkon pak supir mampir neng kedai kui. Pas Samuel arep pesen kopi deweke kaget tibake seng ndue kedai kopi kui ancen stevani mantane biyen. Stevani kaget tapi deweke tetep berusaha biasa ae neng ngarepe Samuel.
‘’iso ngobrol sedilut’’ ucape Samuel
‘’oke’’ ucape stevani
Samuel njaluk nomere stevani lan cah 2 kui omong-omongan tapi iseh podo canggung.
Dino iki maeng ulang tahune ara, ara lan dokter darel ngrayakne ulang tahune ara neng café. Ara eroh lek Samuel wes muleh soko prancis lan ngundang deweke tanpa sepengetauane stevani, stevani yo moro neng café kui,stevani pegel mergo neng kono enek Samuel lan deweke mor meneng ae neng acarane sahabate kui.
Pirang-pirang wulan sak wise ara lan dokter darel akhire rabi. Acara kui maeng berlangsung neng hotel lan ditekani stevani, Samuel, keluargane, lan kanca-kancane. Sak bare acara stevani leren lingguh dewe lan diparani Samuel.
‘’stev aku minta maaf wes ninggalne awakmu selama iki, aku ndak iso nglalekne awakmu stev. Aku muleh neng Jakarta pengen ketemu awakmu, aku pengen hubungane awake koyo biyen eneh.
Stev, will you marry me?’’ ucape Samuel karo ngehne cincin ‘’lek awakmu setuju awake balikan gaenen cincine tapi lek awakmu sek ragu gawanen ae’’ ucape Samuel.
Stevani nompo cincin kui maeng tapi ndak digae, Samuel ngaleh ben stevani iso mempertimbangne keputusane
Stevani bingung kudu nompo opo ora, asline stevani isek sayang karo Samuel tapi deweke urung yakin karo keputusane.
Sesuke stevani oleh telfon soko ara lek Samuel arep budal eneh neng prancis, stevani bingung lan langsung ngongkon ara lan dokter darel ngeterne neng bandara. Pas neng perjalanan mobile ndadak mogok, neng dokter darel didandani tapi panggah ndak kenek.mergo stevani nguber waktu akhire deweke numpak pedah seng enek neng nduwur mobile dokter darel.
Pas stevani teko bandara deweke langsung mlayu ngoleki Samuel. Jadwal penerbangan neng prancis wes klewat 15 menit, stevani bingung deweke ndodok lan nangis ora iso nguber Samuel
‘’stev nyapo awakmu neng kene’’ ucape Samuel. Stevani langsung ngadek lan kaget tibake Samuel sek enek neng bandara
Stevani seneng banget lan langsung ngusap eluh mripate
‘’ lho stev cincine kok gae’’ ucape Samuel tangan e stevani langsung didelikne ng mburi karo bingung arep njawab pie ‘’berari awakmu nompo lamaranku ‘’ ucape Samuel
Stevani mor mantuk-mantuk. Lan akhire cah 2 kui rabi lan urep bahagia.
TAMAT

Jeneng. : Sinta Nur Azzizah
Tataran. : Xll IPA 4
Urut Kaping. : 29
Pawiyatan : SMA Negeri 1 Durenan

KASATRIA TOBAT

Jeneng : Dina Wijayanti
Tataran : XII IPA 4
Urut kaping : 09
Pawiyatan : SMAN 1 DURENAN
Judul : Ksatriya Tobat

Bagaskara katon sumringah nyinari lemah panguripan saka wetan. Salah sawijing papan panguripan warga yaitu desa Prigi. Deso kang kagudang-gudang amarga asli lan ramahe penduduk jejuluk desa Prigi . Desa iki katon asri lan penduduke guyup rukun karo liyane. Gunung-gunung kang jejer jumejer nambahi hawa asrep lan kaendahan sak jroning pemandangan desa. Tanem-tanemean kang ijo royo ngatoni yen desa iki subur makmur. Penduduke katon sumringah sak bendinane amarga panguripan alam seng ora usah digawe-gawe.
Ing deso iki ana salah sawijing bocah kang ndue jejuluk Aji. Aji Bagus Wardana jeneng kang diwenehne wong tuone. Aji iki nom-noman kang nduweni pawakan gedhe duwur lan ngganteng. Wis akeh wong wadon kang kaguda-guda amarga paras baguse Aji. Aji dianugrahi paras bagus ananging nduweni sifat ala. Aji dikenal ing sajroning warga desa amrga tumindak alane sak bendinane. Aji nduweni kebiasaan nggawe onar lan balapan ing dalan-dalan deso. Akeh warga deso sing nduweni jejuluk ala ing Aji, yaiku brandal. Warga desa wis nganggep yen Aji iku preman e desa Prigi.
Ing sekolahan, Aji uga nduweni sifat ala. Tumindak alane ing omah tetep wae kagawa ing sekolahan, akibate Aji bolak-balek mlebu BK. Wayah nglakokake tumindak alane Aji ora dewekan, dheweke nduweni geng kang kasebut Geng PriaAjang singkatan saka Prima Ega Aji Tunjang. Geng iki kabentuk amarga anggota iki pada- padane nduweni sifat ala. Bareng geng e, Aji ora segan-segan malaki lan gelut. Tumindak iki nggawe kanca-kanca liyane dadi risih lan rada ngindari Aji.
Ing wayah sore, kancane Aji teko menyang omahe. Bocah iki yaiku Ega, kanca sak perjuangane Aji kawet jaman TK nganti SMA.
“Ji… Aji…” Ega mbengok-mbengok seko ngarep omah.
“Wih Ega. Aku ngerti maksutmu rene iki mergo ngopo?” saurane Aji.
“Sok kemeroh, aku ate nyuwun sumbangan” ngeles e Ega sambi ngguyu mringis ndudohake untune sing putih.
“Ngeles wae kaya rante kendo. Ate ngejak aku dolan kan? Oke oke wae aku, ananging aku ate mangan dipek. Mas Aji bagus dewe sejagad raya ini kelaparan yaaa.” Saurane Aji nganti to the point.
“Huuu, awak wae sing digedhekne pikiran ora.” Ega
“Injih Bapak Insinyur Doktor Ega Purwo Wicaksono.” Aji
“Betewe buswey ontheway Sunday ra ketang –ketang aku dilebokke ngomah diparingi jajan khongguan.” Jalukane Ega ngode Aji.
“Gak uleh, rugi atusan juta aku Ga, njajakne awakmu terus.” Prungete Aji.
“Eitts, ngga pareng pelit nggeh, eling pidatone pak Ustad Sejuta Umat.” Ega
“Yo wis, mlebu-mlebu kono, ra ketang-ketang nyucekke pireng, nyapu lan ngepel. Belajar dados sing terbaik niku sae mas Ega.” Ledeke Aji.
“Wani pirooh? Enggal enggal madang Ji keburu surup wakeh medi nek surup-surup ki jerene bapak. ” saure Ega. Aji among manthuk-manthuk naggepi omongane Ega sing ora masuk akal.
Bibar Aji madang, Ega ngajak Aji dolan pindone balapan.
“Maeme sampun nggeh bapak Aji, sakiki enggal-enggal kita sedaya dolan ngubengi deso pindone balapan, sapa sing kalah kudu warungne baksone Cak Ud.” Tantange Ega
“Sok-sokan ngajak awakmu ki Ga, jelase mesti kalahe.” Aji
“Lah aja ngenthengne awakmu Ji, ngene-ngene tau juara 1 balap.” Ega
“Balap apa Ga?”pitakone Aji
“Balap karung”Ega karo ingah-ingih.
Sak banjure ngguyu ngliklik, Aji mlebu garasi lan njupuk sepeda kesayangane de’e. treng-treng-treng suara jet collate Aji lan Ega kaya pancine Emak ditutuki.
“Siji loro telu” itung bareng Aji lan Ega.
Bocah loro iku banjur balapan tenan ing dalan deso. Salip-salipan lan banter-banteran nduweni hasrat yen kudu menang amarga kegiur karo baksone Cak Ud. Nging… Aji lan Ega balapan kaya-kaya balapan Valentino Rossi lan Lorenzo. Ana ing belokan Aji lali nguripake klakson. Brukk klontheng-klontheng suara wong tabrakan. Aji nabrak rombong somay. Raupan bagus e Aji keganti karo raupan wedi lan semlengeren weruh kejadian sing dialami sik tas.
“Piye to le, lek numpak pedah aja banter-banter. Sakiki daganganku somay wis Utah kabeh ora kena didol maneh, durung meneh rombongku somay sing wis rusak. Awakmu sakiki kudu tanggung jawab mgganti kabeh kerugianku.” Omonge bapak tukang somay sing ndue jeneng Pak Somad .
“Muesti kabeh-kabeh nyalahne cah cilik, gerobake sampeyan lo yo nengah-nengah, yo uduk salahku to.”belane aji.
“Uduk kesalahanmu piye tole, wis nggenah awakmu numpak motor ora ana rem’e buanter tur pol. Wia weruh yen iki dalan deso, dalan cilik lk numpak kathek kaya alap-alap.” Engkele Pak Somad.
Udur-uduran Aji karo Pak Somad iseh terus ngampi Pak Somad mangkel lan akhire nelpun polisi.
“Assalamualaikum pak polisi, kulo Pak Somad warga desa Prigi badhe nglaporne yen wonten kasus kecelakaan wonten deso mriki.” Telpune Pak Somad marang pak polisi.
Aji sing nunggu Pak Somad telpun ngroso waleh lan akhire nylethuk.
“Pak, niki isek suwi ta, aku tak mamek dipek ya, Aji ngantuk pak , mau ora bubuk awan.” Aji
“Sek thole bagus ngenteni pak polisi nggeh, ngko bubuk kono wae ing penjara.” Pak Somad.
“Lah lek guyon nggak lucu pak, wong Aji taseh alit, sampeyan opo nggak weruh yen aku iki asline bocah sing nggak ndue doso lan isek imut-imut.nopo boten mesakne to pak.” Aji karo masang wajah melas
“Nyangopo aku kudu mesakne, wong ugal-ugalan kudu diweki pelajaran.” Pak Somad.
“Pelajaran ing sekolahan wae aku ora tau ngrungokne pak, sakniki sampeyan melu-melu ngewehi pelajaran.” Aji
“Asline ing bapakmu dipakani opo to le, kathek utek’e gak mbleneh.” Pak Somad
“Obat caceng obat tikus kapur barus” saurane Aji karo nerokake mas-mas tukang dodolan ing pasar.
Pak Somad wis mangkel karo Aji kabeh criwise Aji ora digubris. Bathinne Pak Somad yen bocah iki mbiyen durung dipitoni. Bocah utekke diseleh ndek dengkul to mengkene iki dadine. Lit-lit-lit suara sirine polisi krungu seko kadohan soyi nyedhek tambah cedhek lan akhire teko ing ngarepe Aji.
“Permisi pak, saya dari pihak kepolisian mendapat laporan bahwa ada kasus kecelakaan disekitar sini, mohon informasinya.” Pak polisi
“Enggeh pak,tepangaken kulo niki Pak somad selaku korban lan niki Aji selaku tersangka.” Pak somad
Ing TKP Pak Somad njlenterehake babakan kejadian nyangopo nganti kecelakaan iki bisa kejadean. Sak cepete pak polisi ugo nyigekake barang bukti ln ngamanake wpng sing kalibat ing sakjroning kejadean.
“Kasus ini kita selesaikan aja dikantor polisi, silakan hubungi pihak keluarga untuk masalah perdamaian.” Pak polisi
Mobil polisi terus mlaku. Let 10 menit teka ing kantor polisi.
“Silakan duduk disini dek Aji, saya akan mengambil berkas-berkas untuk wawancara terlebih dahulu.” Omonge Pak Polisi.
“Masya Alloh pak, kulo tasih alit ampun dipenjara.” Aji katon melas.
Omonge Aji ora digubris ning pak polisi. Aji lan Pak Somad diwawancarai nganti bisa disimpulne yen Aji bersalah.
“Sekarang dek Aji sudah terbukti bersalah. Jadi anda harus bertanggungjawab mengganti semua kerugian yang dialami Pak Somad.” Pak polisi
“Ngganti ndamel nopo to pak, pacar mawon mboten gadah nopo maleh yotro.” Aji
“Kita rundingkan dengan orangtua anda dulu saja. Silakan hubungi orangtua anda dengan telpun kantor.” Saran pak polisi.
Aji nelpun bapak’e, dheweke ora nyangka yyen balapan guyonan bisa dadi tenanan nganti digawa ning kantor polisi. Bapak’e Aji sing ditelpun langsung budal menyang kantor polisi. Let gak suwi bapak’e Aji teko ing kantor polisi.
“Ginio to le awakmu ki, nek kepengen dolan ki ndek sekitaran omah deso wae, nggak usah ucul teka kantor polisi.” Pitakone bapak’e Aji sing nduweni jeneng Pak Sodron.
“Waleh pak dolan ing desawae, rodok macak yo dolan ning kantor polisi mbarang, sangar to pak?” guyonane Aji karo Pak Sodron.
Aji dijewer ing Pak Sodron, deweke wes jibek ngadepi anakke ki.
“Orang tua Aji, silakan duduk disebelah Aji.” Pak Polisi banjur njlentrehake perkarane lan solusine. Pak Polisi kudu omomng yen solusine Aji kudu ngijoli sak kabehane kerugian Pak Somad.
“Hmm, emang awakmu nduwe duit gawe ngijoli kerugiane Pak Somad?” pitakone Pak Sodron marang Aji sambi bisik-bisik.
“Blas nggak nduwe pak, dompetku njamuri iki amarga suine gak nduwe duit.” Saurane Aji
“Lah terus sapa sing bakal tanggung jawab?” Pak Sodron
“Ya sampeyan lah pak, bapakkan nduwe duit wakeh sisan.” Aji karo melas
“TUMAN.” Pak Sodron samba njithak sirah’e Aji,
Pak Sodron mikir yen kasus iki bisa didadekake syarat ben Aji gelem dipondokake.
“Hm. Bapak gelem ngijoli kerugiane Pak Somad anangging bapak uga nduwe syarat.” Pak Sodron
“Hualah pak, karo anak dewe gadak syarat-syaratan, pueliit weram bapakku ki.” Aji
“Syarate awakmu kudu gelem tak pondokne.” Pak Sodorn ngomongake syarat’e
“Syarat liyane gak enek ta pak?” Aji
“Lah halah kok gadak ngenyang, mbok kira bapakmu ki tukang Ethet. Nek nggak gelem ya gentinen dewe.” Pak Sodorn
Aji mikir tenanan, kaya-kaya Pak Presiden mikirke negarane. Akhire Aji gelem nyaguhi persyaratane Pak Sodorn. Aji gelem dipondokake. Masalah wia rampung, Aji,Pak Somad lan Pak Sodron muleh. Ing omah’e Aji suasanane rusuh. Pak Sodron nyiapake persyaratane Aji mlebu pondok, ibuk’e Aji nyiapake panganan kanggo Aji lan Aji nyiapake alat-alat sing diperlukake ing pondok kayata sabun, klambi lan sakpenunggalane. Bibar persiapane rampung, Aji keturon ndek kursi. Ing turune Aji diimpeni mbah-mbah kang wis katon sepuh lan nggawe klambi kabeh putih. Mbah-mbah iki menehi Aji pitutur jawa kaya mengkene.
“Nang, awakmu kudu bisa Memayu Hayuning Pribadi, Memayu Hayuning Keluarga lan Memayu Hayuning Sesama, mbah percaya sejatine awakmu dudu bocah ala lan percaya yen awakmu mesthi bisa ngelakokake pitutur iki mau. Pitutur iki nduweni teges jeru nang, yaiku manungsa urip ing dunyo iki kudu ngusahakake kudu bisa tumindak apik marang dheweke dewe, keluarga lan sesama.”
Aji sadar seko impine, ngimpi mau krasa tenanan. Aji isih durung percaya yen bakal diimpeni kaya mengkono. Ing bathinne, Aji sadar yen dheweke kudu bisa berubah. Aji wis madhep lan manthep bakal berubah sakwise dipondokake.
Dina demi dina dilewati Aji ing pondok. Aji ngrasa yen pondok dudu penjara urip sing kaya dipikirake nanging pondok yaiku papan panggonan sing ngajarake babagan ngenani tata karma lan tumindak apik ing srawungan sabendina karo sedulur. Aji berubah total, dheweke wis sadar yen tumindak alane bakal ngerugikake wong liyan lan dheweke dewe. Wong tuane Aji bersyukur marang Gusti amarga wis nggerakake atine Aji supaya bisa berubah.
Aji sakiki wis ora kaya Aji mbiyen. Sing mbiyene Aji iku dikenal bovah nakal lan kerep nggawe onar, sakiki Aji dikenal amarga priyantune sing apik, nduweni tata karma lan seneng mbantu sasama.

TAMAT

KEMBANG MAWAR PUTIH

Nama : Rendy septadinata

No:23

12 Ipa 4

Kutha Trenggalek sing terkenal kutha ayem lan tentrem, hawanE kang adhem iso gawe ati susah dadi bungah. Ning kutha kui ana bocah sing jenenge Sirojul Fuad. Fuad kui salah sawijining siswa kelas XII ing SMA Negeri 3 Trenggalek. Dheweke Kui pemain Basket sing paling apik ing provinsine. Mula ora gumun yen Fuad terkenal banget. Sikape Fuad ramah banget, ora sombong, lan seneng guyon. Nanging, Fuad mlebu kategori Murid sing kerep kenek hukuman, amarga sikape sing usil banget marang kancane, nakal, lan ndhuweni geng sing jenenge “CEPUX”

Ing salah sawijining dina, nalika bel istirahat, Fuad menehi tulisan “Aku gank e ning sekolhan iki!!” ing gegere salah sawijing kancane, Kamal. Para siswa padha ngguyu nalika Kamal lewat ing ngarepe. Kamal malah ngira yen wong-wong padha seneng dheweke. Ujug-ujug Samet lan Fuad marani Kamal lan Samet nyadok sikile Kamal.

“Kowe iki lapo toh, Met? Teka-teka kok langsung nYadok sikilku, ngajak gelut?” Jarene menyang Samet.
“Nyoh, deloki!!” Jawabe Samet karo menehi kertas sing ditulis Fuad menyang Kamal.
“Masyaallah, pantes wae aku wong-wong padha ngguyu menyang aku. Tak kira padha seneng aku, malah jebule amarga kertas iki. Sopo iki sing nulis?” takone Kamal.
“Iku..” Jawabe Samet karo nunjuk Fuad sing Pengen mlayu saka panggonan kuwi.

“Ee… Fuaddd!!!” Jare Kamal.
Kamal mlayu nguber Fuad. Fuad uga mlayu karo ngguya-ngguyu lan ndhelengi mburi. Mlayune Fuad cepet banget, dadi Kamal ora bisa nguber Fuad. Nalika tekan cedhak lapangan Basket, Fuad mandhek.

“Fuad, bAsket yok!!” Ajakke Edo, salah sawijing anggota genge.
Fuad langsung marani Edo lan baSket nganti jam pelajaran pertama rampung. Pak Dono, guru olahraga, weruh yen Fuad karo bala-balane ora melu pelajaran, Pak Dono langsung mlayu menyang lapangan lan ngamuk.

“Kowe padha Nyapo ing kene? Ayo mlebu kelas saiki!!!” BeNgoke Pak Dono.
“Pelajarane mboseni, pak, enak baSket.” Jawabe fuad, santai.
“Yo wis, ayo saiki padha hormat ing lapangan nganti bel istirahat ke-2 muni!!” Utuse Pak Dono.
Fuad, Edo, lan bala-balane sing liya banjur padha hormat ing lapangan nganti bel istirahat ke-2 muni.

Teettt… Teettt… Teeettttttt…
Bel istirahat ke-2 uwis muni, Fuad lan bala-balane langsung bubar saka lapangan. Nalika lewat ing kAntin, Fuad ndheleng yen musuh bebuyutane, Lido lan Ardi lagi tukaran karo siswi kelas X amarga Lido lan Ardi nerobos antrian. Fuad banjur marani kuwi lan pesen Ombe kanggo siswi kuwi lan kanca-kancane.

“Iki.” Jarene karo mesem.
Lido lan Ardi langsung ngamuk lan nyadhuk-nyadhuk Meja. Sakwise muleh sekolah, kaya biasane, Fuad langsung menyang lapangan basket. Fuad kaget amarga ing lapangan kuwi ono Lido lan Ardi.
“Iki lapangan basket, ora lapangan Bal-balan !” Jare Fuad.

Lido langsung Mancal Fuad nganti tibo. Fuad uga mbales Lido. Ujug-ujug Desti, siswi sing diwenehi Fuad ombe mau teka.
“Uwis, bar!!!!” Jarene Desti.
Lido lan Fuad ora ngrungokne omongane Desti. Dheweke tetep wae tukaran. Desti banjur mlayu metu saka lapangan lan nggoleki Edo. Nalika Desti lan Edo mlebu ing lapangan, Lido lan Fuad wis ora ana.

Esokke…
Desti nyegat Fuad ing parkiran. Dheweke arep menehi cokelat menyang Fuad. “Mas..” Sapane.
“Eh, kowe kan sing ndek wingi tak wenehi Ombe karo sing bangak-bengok ing lapangan, toh? Ana apa? Aku wis ora tukaran meneh karo Lido, dadi kowe ora usah bangak-bengok maneh!” Jare Fuad karo ngguya-ngguyu.
“Ora.., aku arep menehi iki.” Jare Desti karo menehi cokelate menyang Fuad.

“Ohh, suwun, yaa..”
“Heem.”

Desti banjur menyang kelase karo ngguya-ngguyu. Fuad uga ndhelengi cokelat sing di wenehi Desti.

“Ekhm.., cokelat saka sapa iku? Kok kaet mau kowe tak dhelengi ngguya-ngguyu terus karo ndhelengi cokelat iku?” Pitakonne Edo.
“Eh, Edo.” Jawabe karo cengar-cengir.
“Iku cokelat saka sapa?” Pitakonne Edo.
“Iki cokelat saka wong sing tak sayang.” Jawabe Fuad karo mesem.

“Lho? Kawet kapan kowe pacaran?” Pitakonne Edo maneh.
“Durung. Aku durung ndhuwe pacar, yen calon ana.” Jawabe Fuad maneh.
“Sapa?”
“Sesok kowe bakal reti dewe.” Jawabe Fuad karo mlaku menyang kelase.

Nalika istirahat, edo ora sengaja nabrak Desti nganti Soto sing digawa Desti utah. Fuad sing reti kedadean iku arep nulungi Desti tapi Edo wis nulungi Desti ndhisek.

“Eh, sepurane yo, ngko tak tukokake maneh.” Jare Edo.
“Ora usah, mas. Aku arep mbalek menyang kelasku wae.” Jare Desti.
“Ora Iso. Pokoke aku kudu ganti rugi. Sek nteni sedhelo, ya!”

Edo banjur nukokno bakso maneh kanggo Desti lan mangan ing sAndinge desti. Ujug-ujug Fuad teka lan lungguh ing ngarepe Desti lan edo.

“Mangan kok ora ngajak-ngajak?” Jare Fuad.
“Eh, lali aku.” Jare Edo.
“Karo kanca dewe kok lali? Sek ya, aku tak tuku jajan.”

Fuad banjur tuku jajan lan mangan ing ngarepe Desti. Desti ora mangan nanging dheweke malah ndeloki Fuad terus. Fuad sadar yen Desti ndeloki dheweke. Fuad banjur ndeloki Desti lan wong 2 kuwi padha delok-delokan.

“Ekhm.., Des, sikilmu ora Kesleo toh? Apa perlu tak terna mbalek ing kelasmu?” Pitakonne Edo.
“Ora, kok, ora usah. Aku bisa mbalek dewe.” Jawabe Desti.
Desti banjur ngadhek lan ujug-ujug tibo. Dheweke ditampani dening Edo.
“Ayo, tak terna tekan kelasmu!!” Jare Edo.

Edo lan Desti banjur lunga ninggalake Fuad. Fuad dadi wegah mangan ndeloki kedadean kuwi.
“suwOn, yo mas.” Jare Desti.
“Iyoo. Eh ngko kowe mulih bareng aku, ya?” Jare Edo.
Desti manthuk-manthuk.

Teettt… Teettt… Teeetttttt…
Bel tanda mulih sekolah wis muni, Fuad banjur menyang kelase Desti lan ngajak Desti mulih bareng. Nanging, Desti wis ora ana ing njero kelase, dheweke banjur ndeloki parkiran lewat ndhuwur.

“Jebule Desti mulih bareng Edo. Ya wis lah aku ngalah wae.” Jare Fuad karo susah.
Sakwise tekan omah, Fuad dikandhani ibue yen bapakke ana tugas ing Amerika lan sesok sore kudu wis mangkat.
“Fuad, dadi sesok kowe ora usah mangkat sekolah, ya? Kowe nyiapno barang-barangmu sing arep mbok gawa wae!!” Utuse Ibue Fuad.
“Tapi, bu, kula pengin ngucapno salam perpisahan kalihan kanca-kanca, bu.” Jare Fuad.

“Ya wis yen pinginmu ngono.”
“Matur suwun, bu.” Jare Fuad karo ngerangkul ibue.
Fuad banjur lunga menyang taman ing mburi omahe lan njumuk kembang mawar puteh ing kono. Dheweke banjur mlebu kamar lan ngeresiki kembang kuwi. Fuad uga nyatakake perasaane Ning Desti lewat kertas sing arep ditaleni ing kembang kuwi.

Esokke…
Nalika bel mulih sekolah muni, Fuad ngenteni Desti ing parkiran. Ujug-ujug ana wong ngebel dheweke. Jebule iku edo karo Desti. Dheweke banjur lunga menyang kelase desti lan nyelehna kembang mawar putih kuwi ing dhuwur kursine desti karo nangis. Fuad banjur medhun lan lunga menyang lapangan basket dhewekan. Desti eling yen buku tugase keri ing laci meja. Edo banjur putar balik menyang sekolahan. Desti banjur mlayu menyang kelase, nanging dheweke weruh yen ana fuad ing lapangan basket. Desti banjur mlebu ing lapangan.

“Mas?” Jare Desti.
“Desti? kowe mau Koyok wis mulih ta?” Pitakonne fuad.
“Buku tugasku keri ing laci meja. Lha kowe lapo kok ana ing kene, mas?” Pitakonne Desti balik.
“Aku pengin ngucapake salam perpisahan karo bocah sing tak sayangi. Tapi dheweke wis mulih karo wong sing dheweke sayangi. Dadi aku menyang panggonan iki amarga wong sing tak sayangi tau bengak-bengok ing kene nalika aku tukaran.” Jawabe Fuad.

Desti mok meneng wae. Dheweke ngira yen sing dimaksud Fuad iku ora dheweke.

“desti? Ayo!!” Bengo’e Edo.
Desti banjur lunga ninggalake Fuad lan lunga menyang kelase.
“Desti, good bye my love!!!” Jare Fuad karo bengok nalika desti lan Edo wis adoh.
Nalika desti tekan bangkune, dheweke ndelok kembang mawar putih ing kursine lan dheweke maca surat sing ditaleni ing kembang kuwi sing isine:

Desti…
SakJane aku iki seneng marang awakmu…
Aku pengin nyatakake perasaanku iki langsung, nalikA aku arep nyatakake perasaanku, Edo teka menyang ngarep kelasmu lan nyatakake perasaane luwih ndhisek…

Desti…
Aku weruh yen kowe ora seneng marang awakku…
Tapi aku pengin nyatakake perasaanku iki sakdurunge aku lunga menyang AMerika…

Desti…
Aku mung bisa ndonga…
Muga-muga kowe bahagia karo Edo….

Wis cekap semene wae, des..…
Yen kowe ora seneng kembang iki, buwak wae ora apa-apa…

GOOD BYE MY LOVEE…
Sirojul Fuad

Desti banjur nangis lan mlayu menyang lapangan basket. Nanging, Fuad wis ora ana ing kono.
“des? Nyapo kowe nangis?” Pitakonne Edo nalika papasan karo desti.
Desti ora njawab dheweke langsung mlayu menyang parkiran lan ndelok yen fuad wis mulih. Dheweke banjur mlayu karo bengok-bengok jenenge Fuad. Tekan ngarep gerbang, dheweke lungguh lan nangis. Ujug-ujug ana wong sing Nyelok jenenge.

“desti…”
Desti noleh menyang asale suara kuwi. Jebule sing ngundang dheweke kuwi Edo.
“Desti, ayo mulih!!”
Desti banjur ngadhek.

“Mulai saiki aja ganggu aku maneh! Aja ngeterno aku mangkat lan mulih sekolah! Pokoke mulai detik iki, aja ganggu aku!” Jare Desti.
“Desti, kowe Nyapo?” Pitakonne Edo.
“Kancamu uga seneng karo aku, nanging dheweke ngalah demi kowe! Saiki dheweke wis lunga…” Jawabe desti.
“Kancaku? Sapa?” Pitakonne edo maneh.

Desti menehno kertas sing ditulis Fuad menyang Edo.

“Fuad??” Jare edo ngamuk karo arep nyuwek kertas kuwi.
“Aja suwek kertas iku! Dheweke ngorbanake cintane demi kesenenganmu, bayangno yen kowe ana ing posisine, apa kowe bakal ngelakoni apa sing dilakoni Mas fuad? Ora, toh?” Jare desti.
Desti banjur njipuk kertas sing ditulis Fuad saka tangane Edo.

“Ko.. ko..we uga seneng… Fuad?” Pitakonne Edo.
“Iya. Kaet awal mlebu SMA iki aku wis seneng karo dheweke.” Jare desti.
Desti banjur mulih karo mlaku lan nangis. Nalika tekan omah, desti langsung lunga menyang taman ing sanding omahe lan nandur kembang mawar putih sing diwenehi Fuad karo nangis lan berharap waktu iso dibaleni maneh. Dheweke lagek sadar yen asline fuad kuwi demen karo dek e, nanging yo piye enh wektu ga iso dibaleni enh, banjur dhweke balek nek omahe karo nangis …

KENA TILANG

Jeneng : Violin Farinda Shofa
Urut kaping : 32
Tataran : XII IPA 4
Pawiyatan : SMAN 1 DURENAN
Esuk iki wayah bocah sekolah. Ana bocah sing jenenge Dista Wijaya. Dista iku bocah’e putih lan jarene kanca-kancane Dista iku wong wadon sing manis lan mungil. Dista nduweni bapak sing kerjo dadi Polhut(Polisi Hutan) lan ibuk dadi ibu rumah tangga biasa. Dista uga nduweni mbak kandung kang ndue jeneng Ajeng Wijaya sing wis nduweni keluarga dewe. Seka iki aku oleh crita.
Ing wayah esuk, kebiasaanku budal sekolah kro kancane yaiku Dilla Putri Kusuma sing biasa diceluk Dilla. Dilla iki bocahe manis, duwur lan untune gingsul. Yen aku jejer bareng karo Dilla akeh kanca sing nyebut yen aku iku adek kakakan. Dilla iku salah sawijing bocah sing tergolong nduweni keluarga sing mampu. Bapak e kerjo ning pelabuhan lan ibuk e ibu rumah tangga biasa.
Dina iki aku tangi turu lungguh karo nggoleki hp,. Aku ndilok ing jam dinding yen wis jam 7, aku ngeWA Dilla.
“Dil, sidane budal jam piro?” pitakonku ning Dilla seko WA
“Jam 9nan ae Dis, rodok awan wae andar jamkos.” Balesane Dilla ing Wa
“OKE.” Balesan ku.
Pancen bener lek omong Dilla, yen dina iki mesti jamkos amarga bibar libur suwi lan iseh akeh cah SMP sing daftar ing sekolahku yaiku “SMAN 1 DURENAN”. Oh iya aku iki karo Dilla konco sak sekolahan dadi ya mestine sekolahe pada. Aku karo Dilla wis kelas 12 ananging bedo kelas, aku kelas XII IPA 4, Dilla kelas XII IPA 1. Aku karo Dilla ngekos ing mburi took Ringan Durenan, dadi aku karo Dilla kui budal lan mulih sekolah mesti bareng-bareng, tapi pas libur sui aku karo Dilla nduduk lan masuk seminggu pisan yaiku dina rabu.
Jam wis nunjukake 08;30 esuk, aku marani Dilla ning omahe Dill, omah’e Tawang lek omahku Prigi. Sakkita wektu 10 menit aku wis teka ing omahe Dilla.
“Assalamualaikum … Assalamualaikum Dilla… Dilla…. Dilla…” nyelukku ing ngarep omahe Dilla
“Waalaikumsalam Dis, mlebuo sik, aku sek arep klamben iki.” Saurane Dilla seko njero omah
“Oalah iyo, tak enteni ndek kene wae sisan nggolek wifi.” Sauranku menyang Dilla
Pas aku ngenteni Dilla ing njobo, ibuke Dilla metu karo nyemantani aku.
“Weh Dis, kok ndek kene nggak mlebu?” pitakone ibuke Dilla
“Oalah enggh buk, mriki mawon kaliyan wifian.” Sauranku karo guyu mesem.
“Mlebuo Dis, Dilla ndek kamar kae siap-siap tak kon adus panggah angel ae kae mau.” Ibuke Dilla
“Enggeh buk, wonten mriki mawon.” Sauranku
“Yowes lekno aku at neng pasar disek Dis.”
“Inggih buk, ati-ati” sauranku karo mesem
Bar aku kjagongan karo ibukke Dilla, Dilla wis metu seko kamar karo nggawe sepatu. Aku sing kaget langsung wae nekoni Dilla.
“Uwis ta?.” Pitakonku ning Dilla
“Uwis, Ayo budal!” ajakane Dilla
“Ayo gandengen aku, kontakke mancep ndek sepeda.” Omongku tak samba nyawang hp.
Aku lan Dilla ora lali nggawe helm . Aku karo Dilla teko sekolahan sekitaran jam 09:15 , aku ndilok ing njero sekolahan kok wis ana bocah nuntun sepeda motor parane metu seko sekolahan.
“Dil, ngetno kae kok bocah wis enek sing muleh?” pitakonku ing Dilla sinambi nyuding bocah sing nyurung sepeda motor
“Hooh, piye kae kok muleh?” saurane Dilla
“Apa sepedahe digethakne ndek sandeng sekolahan wae?”takonku ning Dilla
“Sanukke mengko yen didekekne ndek njobo sekolahan dipadoni ta Dis.” Saurajne Dilla sak wise mikir radi suwi
“Ora-ora. Njo gethakne kene wae mengko menakne adewe mulih andaran.” Ajakanku nyakinne Dilla
Aku karo Dilla amrkirne pedah sisane nyepot helm. Aku karo Dilla mlebu ing sekolahan lan langsung mlebu ing kelas dewe-dewe. Let suwi Dilla marani aku ing kelasku lan pas kui ora ana guru sing ngajar lan iseh wakeh bocah sing guyona lan guder ing njaba kelas. Dilla ngejak aku ning kantin tumbas bakso karo minuman. Sakwise bubar mangan, aku ngejak Dilla ning kelasku amarga aku arep pamitan karo bocah-bocah kelas yen aku arep mulih dipek.
“Cah aku muleh sek yo.” Muniku ing kanca-kanca sekelas
“Owalah iyo, ati-ati lo.” Saurane kancaku sing nduwe jeneng Shela
Sakwise pamitan, aku nyusul Dilla sing wis disik maeng, tibakno Dilla negnteni aku ndek gerbang.
“suwi oh ngenteni aku?” pitakonku menyang Dilla
“Ora i biasa aee.” Saurane Dilla
“Yowis no, ayo agi-agi budhal.” Ngejakku ning Dilla
“Dis, mosok awake muleh ing Prigi, andak isek jam yah mene wae kok kesusu timen.” Pitakone Dilla bebarengan karo aku numpak sepeda motor
“Gek nyandi arepan?” Pitakonku menyang Dilla
“Ning Tulungagung wae yo, Sasa karo Putri diajak wae,sisan bareng-bareng ben tambah rame.” Ajakkane Dilla.
“Iyo wae lekno.’ Sauranku
Sasa iku kancaku sekelas, bocahe duwur lan jail banget karo kanca-kancane, terus nek Putri iku koncoku bocahe duwur, manis lan nglucukne. Aku langsung ngabari Sasa lan Putri yen aku arep ning Tulungagung karo Dilla. Sasa karo Putri ngeiyani dolan bareng iki. Aku lan Dilla ngenteni Sasa lan Putri teko.
“Suwi men o Sasa karo Putri ki.” Pitakonku ing Dilla
“Iseh ning perjalanan jare tak sms mau.” Saurane Dilla
Let 10 menit Sasa lan Putri teka. Aku lan bocah 3 iku banjuur agi-agi budhal ing Tulungagung. Tujuan pertamane yaiku panggon sing nyediakne alat-alat macak, jenenge tokone yaiku”POETRI KOSMETIK” took ing cedake stasiun Tulungagung. Ing perjalanan aku, Dilla, Putri lan Sasa panggah guyon wae ing lampu merah. Ra kroso perjalanan iki wis teka tujuan. Aku ora melu mlebu ing tokone amarga njaga sepeda supaya ora gadak mbayar parker nanging Dilla, Sasa lan Putri mlebu tokone kui maeng.
Aku ngenteni sakkitar 15 menit lagek bocah 3 iku metu seko too. Putri nggawa kresek plastic sing isine pitek kuku lan wedak.
“Pak mbayar parker napa mboten?” pitakonku menyang bapak tukang parker
“Ora usah nduk, awakmu iku seko sekolahan ngendi yah mene kok wis dolan-dolan nggak sekolah to apa mbolos?” pitakone Pak tukang parkir sing wis rada tuwa menyang awake
“Saking SMAN 1 DURENAN pak, kepasan niki wangsul e radi enjing.” Sauranku ing pakpak e
Aku lan Dilla siyap-siyap budal muleh, Putri lan Sasa uga ngono.
“Monggo pak” bebarengan aku lan bocah
“Oh inggih, ati-ati nduk.” Saurane pak tukang parker
Aku Dilla, Sasa llan Putri nerusake perjalanan arep mampir tumbas maem pisan tapi pas arep liwta pos polisi kok enek polisi ning ngarep lan nyegati wong-wong sing liwat lan pas kuwi Sasa karo Putri ora dijegat tapi wayah giliranku polisine langsung ndek ngarepku lan ngakon aku karo Dilla ,inggir ning siseh kiwa.
“Wayahe maeng awake ora usah liwat ngarepe;” pitakone Dilla karo ndredek
“Wisto tenang wae, sakdurunge aku yo tau ketilang.” Sauranku entheng
“Sugeng awan, pekerjaan wong tuwa ne sampeyan nopo?” pitakone pak polisi
“Karyawan pelabuhan pak.” Saurane Dilla
“Menawi Bapak kulo polhut pak.” Sauranku
“STNK Lan SIM Wonten.?” Pitakone Pak Polisi
“Menawi STNK wonten pak, SIM e mboten wonten dereng ndamel.” Sauranku
Polisine bar kuwi mlebu pos njupuk lembaran lan banjure nyeluk aku.
“Atas nama Dista mreneo.” Pak Polisi banjur aku langsung moro ning pos
“Kene tanda tangan, melu siding wae dina Rabu nggih.” Pak polisi
“Inggih pak.” Sauranku banjur pak polisine mbalekne KTP ku.
Sakwise kejadian iku aku langsung budal muleh, ing perjalanan Dilla nekoni aku mengkene.
“Awakmu piye Dis, mengko dipadoni teka omah.” Pitakone Dilla
“Dipadoni yo mesti, kaya ra ngerti-ngerrti wong omahku awakmu ki.” Sauranku karo guyonan
Ing dalan aku telpun wong omah.
“Halo Assalamualaikumbuk, aku ketilang bning Tulungagung.” Telpun ku menyang ibukku
“Pamitmu maeng sekolah kok iso jok Tulungagung I nyapo.” Pitakone ibukku ning telpun
“Dolan buk.” Sauranku
“Ndang mulih, titenono lek panggh ngluyur.” Dukane ibuk ing tlpun
“Inggir perjalalanan niki.” Sauranku banjur mateni telpun.
Dilla nyusul Sasa lan Putri ning Indomaret, teka Indomaret putri takon “Awakmu sui men.”
“Kenek tilang.” Saurane Dilla
“Weh aku maul ah gene ora ketilang to.” Takone Sasa karo wajah kaget
“La iyo piye kae maeng.” Sauranku
“Lah piye awakmu engko Dis,?” pitakone Sasa
Aku nyauri “halah selow” padahal seka atiku ya wedi gek ya ndredek. Sakbanjure aku ngejak bpcah-bocah muleh. “Hee ayo muleh ae.” Putri lan Sasa mik manthuk-manthuk wae.
Perjalanan mulih atiku ketar-ketir wedi campur ndredek. Teka dalan Sumber aku lan Putri mencar, Putri ngeterne Dilla mulih. Ing perjalanan mulih aku kayak ra pengen mulih nangging isih pengen mlipir sek tapi ibukku telpun.
“Halo ning ngendi?” pitakone ibukku ning telpun.
“ning dalan buk.” Sauranku
Telpun langsung diateni sakpihak bibar aku nyauri pitakone.
Pas teka omah tak sawang ning teras wis ditunggu ibuku.
“Assalamualaikum.” Salamku menyang wong omah.
“Waalaikumsalam,pamitmu mau isuk nandi?” pitakone ibukku pacak weruh aku.
“Sekolah.” Sauranku karo ing njero mati rodok wedi nyaliku.
“Sekolahmu apa Tulungagung kok jok kono.” Pitakone Ibuku
Aku mek meneng wae karo madep ngisor. Sak wise ibukku mun I lan menehi pitutur aku njaluk sepuro lan ora arep mbaleni meneh.
Sekian cerita saka aku Suwon…

Rancang situs seperti ini dengan WordPress.com
Mulai