PENAK KANCA

Jeneng : Nofi Fatmawati
Kelas. : 12 A 4
No. : 20

Kukuruyuk – kukuruyuk, swarane jago kang podho sesautan pertandha yen wis wayah isuk. Adheme hawa tansah ilang kegeser karo cahyane srengenge sing sumringah ing langit etan. Tansah katon endah lan ngeyemake ati, kaya eseme gadis desa ing Desa Soko Etan. Gadis Desa Soko Etan mau duweni asma Zulfana Indah. Biasane diceluk Indah saka wong tuane lan kanca – kancane.
Indah gadis kang dadi primadona para jaka – jaka ana ing Desa Soko Etan. Akeh para jaka kang kesemsem karo Indah amarga duweni sifat kang apik marang liyane. Indah uga gadis kang penyabar, akrab marang wong liya lan jelase duweni praupan kang ayu rupane. Indah lahir saka kaluarga kang pas – pasan. Indah sak iki iseh sekolah kelas rolas SMA. Indah duweni kepinginan mulyaake keluargane. Indah anak kang nomer siji saka loro bersaudara. Adike Indah duweni jeneng Rajak Muliawan, sabendinane diceluk Rajak. Rajak adine Indah sak iki wis sekolah kelas enem SD taun ngarep dheweke wis nginjak SMP. Mula saka kuwi gawe bantu – bantu keluargane Indah dodolan jajanan pasar uga sego ing kantin sekolahe klawan dititipake marang ibuk kantin.
Sadurunge budal sekolah, saben subuh aku mbantu Mbokku dodolan menyang pasar. Si Mbokku dodolan maneka warna jajanan nagasari. Akeh wong kang podho seneng karo jajan sing didol Simbokku, mula kuwi sakdurunge jam lima dodolane laris dirubung uwong. Muleh saka pasar banjur aku siap – siap budal sekolah. Indah sekolah ana ing SMA Negeri 1 Mulyasari aku sekolah menyang kunu amarga aku oleh biaya siswa saka pemerintah. Awet SMP aku sering melu olimpiade – olimpiade lan ngasilake prestasi sing ora nguciwakne. Jarak omahku menyang sekolahan lumayan cedek kurang lluwih 2 km. Saben dina aku budhal sekolah numpak sepedah onthel, aku ora isin karo kanca –kancaku sing padha numpak montor menyang sekolahan. Malah saka iki gawe semangat sinauku tansaya bekobar uga aku duwe tekat kudu dadi siswa kang berprestasi lan berguna kanggo sekabehane.
Indah ing SMAN 1 Mulyasari ketrima ing jurusan IPA. Sakiki aku uwis kelas rolas IPA papat, awit kelas sewelas aku duwe kanca cedek sing jenenge Retno Ningsih deweke sering tak celuk Retno. Bocahe gedi, duwur, ayu, menengan, duweni unggah – ungguh lan seneng mbantu marang sesama. Saben Indah metu mesti ning kunu uga ana Retno nganti bocah – bocah sak kelas apal. Retno wis dianggep dulur dewe menyang Indah, sahingga lek enek masalah sing diadepi mesthi pada crita lan pada – pada ngewenehi solusi. Indah uga duwe kanca lanang kang bagus rupane, pawakane gedi, duwur, putih lan duwe unggah – ungguh serta sering mbantu. Dheweke duweni jeneng Jibran Maulana sering tak celuk Jibran.
Ing sawijining dina wektu budal sekolah Retno cetukan Indah ing dalan.
“ Ndah –Ndah kok mlaku wae awamu? “ takone Retno mandek nyedeki aku.
“ Iyo Ret, ban sepedahku bocor ” jawabku.
“ Oalah, ayo tak berengi Ndah ” ajak Retno.
“ Ora usah Ret, ndak usah repot – repot. Aku tak mlaku wae karodene gawananku abot lan akeh” jawabku karo gowo tas akeh.
“ Makane kuwi ayo tak barengi gen gelis teko sekolahan, iki sek adoh yoan saka sekolahan gek wis meh jam pitu” pekso Retno.
“ Tapi Ret…” jawabku rung mari nanging awakku digeret Retno numpak montore. Akhire aku nuruti ajakane Retno lan budal bareng menyang sekolahan.
Ing dalan Retno crita – crita akeh salah sijine ngenani yen deweke demen karo bocah, nanging Retno ora dudoi sopo bocah sing diidamake kuwi mau neng aku.
“ Ndah – Ndah seumpomo awamu demeni bocah piye Ndah?” pitakonane Retno.
“ Piye lo Ret piye kok ndak mudeng karo maksudmu aku “ jawabku bingung.
“ Awamu demen kambi bocah Ret ? “ lanjutku ngomong.
“ Sapa Ret ? cah ngendi ? ciyee Retno” takonanku nyrocos marang Retno karu guya – guyu.
Retno sing ditakoni Indah nyrocos kuwi amung mesem – mesem dewe.
“ Weh ditakoni malah guyu – guyu dewe Retnoki. Sopo lo Ret sopo sing kok demeni ki ?” pitakonanku sing kepingin eruh.
“ Nyapo lo Ndah atek kepoi “ jawabe Retno ndak gelem dudoi karo guya – guyu.
“ Entoh sing kasmaran hawane beda” jawabku ngece Retno.
“ Iyo – iyo tak dudoi, bocahe sak sekolahan karo awake, wis marem awmu? “ jawab Retno gen Indah ndak nyrocos wae.
“ Pah kelas piro Ret? “ pitakonanku.
“ Udung wayae awamu eruh” Retno ngomong karo guya – guyu ngece aku.
“ Hemmm…. Iyo Ret iyo aku ngerti yen atimu berbunga – bunga sakiki “ sauranku karo guyu. Retno sing krungu yo mung guyu wae ning dalan.
Ralet suwi aku karo Retna teka sekolahan, awake teka sekolahan jam pitu kurang rong menit. Gerbange ning Pak Handoyo satpam ing sekolahanku meh ditutup. Banjur aku karo Retno cepet – cepet melbu sekolahan kanthi montor dituntun tekan perkiran.
“ Looo, kan Ndah pomo maeng mlaku awamu kasep. Ora iso mlebu sekolah “ pituture Retno.
“ Hooh Ret, matur suwun banget wis barengi aku “ jawabku.
“ Halah Ndah – Ndah koyo kambi sapa wae, adheweki kanca kudu saling tulung tinulung “ jawabe Retno.
“ Hahahaa iya Ret pokok e matur suwun banget uwes barengi mau. Yo uwis Ret aku tak ning kantin dipek “ jawabku karo guyu.
“ Iyo Ndah aku yo tak langsung ning kelas wae “ jawabe Retno. Banjur Indah ninggalke Retno lan mlaku menyang kantin. Indah menyang kantin nitipake jajan – jajan sing digawa saka ngomah gawe diadol maneh. Sakwuse nitipane jajan aku banjur mlaku menyang kelas rolas IPA papat.
Ing njaba kelas padha wus ora ana bocah, amarga bocah – bocah wis padha ing njero kelas literasi maca Al – Qur’an. Banjur Indah melbu wae menyang kelas lan melu – melu literasi maca Al – Qur’an. Ora let suwi bel ganti jam pelajaran kapisan muni. Bocah – bocah padha nglereni lek literasi lan ngumpulake buku literasi menyang meja guru supaya ditandatangani guru kang melbu ing kelas kuwi. Pelajaran kapisan yaiku biologi, Bu Wulan guru biologi ing kelasku uga wis melbu. Pelajaran biologi dadi demenane bocah – bocah kelasku amarga guru sing nerangake kuwi sabar lan yen nerangake mesti paham uga penak dingerteni.
“ Assalamu’alaikum Wr. Wb. “ salame Bu Wulan.
“ Wa’alaikumsalam Wr. Wb. “ jawabe bocah – bocah kompak.
“ Ayo ndunga dipek bocah – bocah “ utuse Bu Wulan.
Banjur Jibran si ketua kelas banjur nyiapake nduga lan nyanyi Indonesia Raya. Sawise nyanyi Bu Wulan banjur nerangake pelajaran. Ing tengah pembelajaran Bu Wulan ngewenehi tugas yen sak bangku ngumpulake tugas siji lan dikumpulne ning ketua kelas. Aku sak bangku karo Retno dadi aku karo Retno ngerjakne tugas kuwi bareng.
“ Ret – Ret ayo tugase digarap, tugase dibagi ya aku garap nomer siji teka lima awamu nomer enem teka sepuluh “ omonganku mbagi tugas menyang Retno, nanging ora disauri. Masan disawang tibake Retno mesem – mesem dhewe.
“ Weh Ret ayo digarap kok malah mesem – mesem dheweki nyapo ? “ pitakonanku menyang Retno.
“ Hehh nyapo Ndah? “ jawabe Retno kaget lan ora ngerti apa –apa karo sing tak diomongne.
“ Ikilo ayo tugase digarap, ojo lek nglamun karo mesem – mesem dhewe maleh wedi ngeneki aku “ jawabku.
“ Hehehe,, sepurane Ndah ndak krungu mau. Aku garap sing endi Ndah ? “ saurane Retno karo guya – guyu.
“ Nyawang apa jane awamuki kok nganti guyu – guyu dheweki ? “ pitakonanku.
“ Katek kepoki nyapo Ndah, wis – wis ayo digarap tugase kebagian endi aku mau? “ pengajak e Retno nyang aku.
“ Iki nomer enem teka sepuluh “. Banjur tugas kuwi dikerjakne lan dikumpulake menyang Jibran. Wektu tugase cukup bel ganti pelajaran muni.
Sakiki wayae pelajaran kepindo yaiku pelajaran Basa Jawa, Pak Yudha kuwi asmane guru Basa Jawa ing kelasku. Pak Yudha melbu kelasku sak wise bel ganti jam muni.
“ Sugeng injing bocah – bocah “ dhawuhe Pak Yudha.
“ Sugeng injing pak “ jawab bebarengane bocah – bocah.
“ Tak absen sek ya, sapa sing ndak melbu dina iki mau? “ pitakonane Pak Yudha.
“ Melbet sedanten pak “ jawabe bocah – bocah bareng.
Sawuse ngabsen Pak Yudha banjur nerangake bab sing ana ing buku pendamping. Bocah – bocah kanthi tenanan ngrungokake sing dijelaske Pak Yudha mau. Ora ana sing umek dhewe uga ora ana sing dolanan Hp dhewe. Sawise nerangne Pak Yudha bagi kelompok lan menehi tugas.
“ Ning kelas iki apa wis tak bentuk kelompoke ? “ pitakonane Pak Yudha.
“ Dereng pak “ salah sijine bocah nyauri.
“ Yo uwis yen mengkono tak bagi wae kelompoke”.
“ Muga – muga aku sak kelompok karo awamu ya Ndah” omonge Retno lirih, batine Retno yo pengen sak kelompok karo Jibran.
“ Iyo Ret” jawabku.
Pak Yudha macakake kelompok –kelompoke lan aku sak kelompok karo Retno, Jibran, Galih lan Sari.
“ Yeeey, akhire awake sak kelompok Ndah “ Retno marem yen aku, dheweke lan Jibran dadi sak kelompok.
“ Nah kelompoke wis tak bagi , terus tugase halaman pat belas dikerjakne lan dikumpulake minggu ngarep” pituture Pak Yudha.
Banjur bocah – bocah ngumpul karo kelompoke dhewe – dhewe. Ing wayah kelompokan Indah selaku ketua kelompok mbagi tugase anggotane. Sakwise dibagi tugase banjur dikerjakne, nanging Si Retno panggah nyawangi Jibran karo mesem – mesem dhewe. Aku ndak ngerti menyang apa Retno kerep mesem – mesem dhewe nyawangi Jibran.
Kriiingg….. bel istirahat muni pelajaran uga diuwisi lan Pak Yudha metu saka kelas. Indah ngomongi yen kelompokane dilanjutne ning omahe Sari dina minggu isuk. Banjur bocah – bocah padha istirahat menyang kantin lan ana sing mangan ning jero kelas. Ujuk – ujuk Jibran nyedek ning bangkuku ngejak aku menyang kantin bareng. Ning kantin Jbran takok – takok ngenani tugas sing diwenehi Pak Yudha mau lan banjur mangan. Sawuse mangan aku karo Jibran mbalek menyang kelas. Pas teka kelas bell melbu kelas muni nanging guru sing wayae ngulang ora melbu kelas tekan wayah muleh.
Ing dalan aku cetukan Jibran.
“ Ndah kok mlaku wae ayo tak berengi” semantane Jibran.
“ Iyo Bran wis tak mlaku wae aku “ jawabku.
“ Wisto ayo tak barengi “ pekso Jibran.
“ Yo uwis lekno ayo Bran “.
Banjur aku numpak ninng montore Jibran lan diterake tekan ngomah. Ing dalan Jibran ya omong yen sesuk pas kelompokan ning mae Sari arep diparani ning omah.
Ing dina minggu isuk ujuk – ujuk Jibran uwis ana ning ngarep omahku jagongan kambi bapakku.
“ Loh Bran kok neng kene ? “ takonku kaget.
“ Iya Ndah kan dekingi aku ngomong lek arep tak parani awamu “ jawabe Jibran karo guya – guyu.
“ Yo uwis lekno Bran ayo budal “ jawabku.
Banjur aku karo Jibran pamitan karo wong tuwaku lan budal ning omahe Sari. Taka omahe Sari wis padha akeh bocah ning kana. Ning kana uga ana Retno, dheweke eruh yen aku karo Jibran budal bareng gandengan. Sawuse kuwi Retno nyawangi aku karo sawangan sinis dheweke bedha lan ora nakoni aku kawet garap tugas tekan muleh. Saurunge muleh, Retno ngejak Jibran metu ning jobo omong – omongan. Retno ngejak Jibran ketemu ning Cafe Glod Jibrane gelem nanging dheweke ngeterke Indah mulih dipek banjur ketemuan.
Limalas menit anggone Retno ngenteni, akhiresing dienten – enteni teka.
“ Ret wis suwi ning kene ? “ pitakoni Jibran.
“ Ora kok e aku sik tas teka yoan “ jawab Retno ngapusi.
“ Owalah, wis pesen mangan awamu Ret ? “.
“ Durung Bran, yo wis pesen mangan dipek lekno. Awamu pesen apa ?“ takone Retno.
“ Podo awamu wae aku “ jawabe Jibran.
Banjur Retno nyeluk pelayan lan mesen panganan, ora nganti suwi panganane teka lan dipangan. Ing tengah – tengah pas mangan Jibran takon marang Retno ngawali omongan.
“ Ana apa Ret awamu kok ngejak aku mrene ? “ takone Jibran.
“ Ngene Bran, sak tenane aku arep ngomong sesuatu karo awamu. Nanging aku sungkan karo awamu” jawabe Retno ndak wani nyawang Jibran.
“ Ana apa Ret, wista ndak usah sungkan – sungkan omongo wae ana apa “ Jibran kepingin eruh apa sebenere.
“ Anu Bran aku kuwi demen kambi awamu awit kelas sewelas, saben ning kelas awamu tak sawangi terus. Awamu ora ngaleh – ngeleh saka pandanganku. Jane aku ngomong ngene iki sungkan Bran tapi iki saktenane sing tak rasakke marang awamu” jawab Retno ngungkapne rasane.
“ Apa Ret ” Jibran kaget banjur neruske omongane.
“ Sepurane Ret sakdurunge, ora kok aku piye ngunu nanging aku wis enek bocah liya sing tak demeni” jawab Jibran nolak Retno alus.
Retno sing ngrungokne omongane Jibran langsung meneng wae ora obah blas, namung nyawang Jibran karo mripat sing berkaca – kaca arep nangis.
“ Apa aku ora iso nggenteni bocah sing kok demeni kuwi Bran ? aku kurang apa Bran gen awamu demen karo aku ? “ Retno ora trimo karo apa sing siktas dirungokne.
“ Odak Ret awamu odak kurang apa –apa nanging sepurane Ret aku uwis demen karo bocah liya. Karo dhene awak e luwih apik kekancan wae ” Jibran omong kanthi ngati – ngati supaya ora nyidrani Retno.
Retno ora ngomong apa – apa sawuse Jibran ngomong yen dheweke kekancan wae, ora sengaja eluh sing ditahan – tahan Retno metu dhewe ora kena dibendung. Jibran sing eruh kuwi ngomong ngene .
“ Wisto Ret ndak usah nangis akeh bocah liya sing luweh saka aku “ omonge Jibran ngeneng – ngeneng Retno.
Retno amung bales omongane Jibran karo mesem kecut. Sakwuse mangan Jibran ngeterne Retno mulih tekan ngomah. Teka ngomah Retno langsung melbu wae menyang kamar ora nanggepi apa – apa sing diomongne ibuke. Dheweke ning kamar amung nangis tekan isuk ora meneng – meneng.
Ing sekolahan Retno melbu kelas kanthi mripat pendhul lan kusem, ora nanggepi apa – apa pas ditakoni bocah pandhangane amung lurus ning ngarep.
“ Ret – Ret ana apa Ret. Awamu biasane pas teka ceria la sakiki kok meneng wae? “ pitakonanku kawatir.
Retno sing ditakoni ora langsung jawab nanging malah nangis. Indah bingung iki ana apa banjur Retno ngomong.
“ Ndah bocah sing tak critakake ning awamu kae demeni bocah liya Ndah “ Retno nangis, meneh banjur Indah ngeneng – ngeneng Retno kanthi ngomong.
“ Uwisto Ret yen bocah kuwi jodomu awamu bakal iso bareng – bareng karo bocah kuwi. Iling Ret sak iki awake yo wis kelas rolas, awake diluk engkas ngadhepi ujian – ujian “
“ Iyo Ndah “ jawabe Retno lirih.
Sakwuse kuwi guru sing ngulang pelajaran ora melbu lan jam kosong tekan wektu mulih. Pas wayah mulih Jibran marani aku, dheweke ngejak mulih bareng – bareng. Pirang –pirang dina sateruse aku sering diparani lan dibarengi Jibran, mula saka kuwi aku karo Jibran maleh cedek lan saya akrab siji karo sijine. Awake malih kerep ngerjakne tugas bareng lan saling mbantu yen salah sijine ana sing kesusahan.
“ Ciee Indah mesem – mesem dhewe, ajake kok marem temen “ jarake Retno menyang aku.
“ Apasih Ret, ngenek – ngeneke awamuki “ jawabku karo guya – guyu.
“ Lo kan tenan, Indah kasmaran iki cieeee “ tuduh Retno.
“ Ora Ret ora, yakin ora “ penolakku mareng Retno.
“ Halah “ Retno panggah ndak percaya.
“ Wis – uwis ayo siap –siap mulih dilut nkas wayae mulih iki “ pengajakku supaya ora diece Retno meneh.
Ora let suwi bell mulih sekolah muni banjur bocah – bocah metu saka kelas.
“ Ret aku dipek ya “ omongku marang Retno ninggalke kelas.
Pas metu saka kelas wis ana Jibran sing ngenteni aku. Banjur aku karo Jibran mulih bareng, nanging dina iki mau Jibran ora langsung ngeterne aku mulih. Dheweke ngejak aku mampir ning alon –alon . Ing kana Jibran crita – crita akeh lan padha guyu – guyu bareng. Pas arep muleh Jibran ujuk – ujuk nyekel tanganku lan nggeret supaya aja ndang mulih.
“ Eh Bran “ aku kaget amarga Jibran ujuk – ujuk nyekel tanganku lan aku bingung ana apa.
“ Ndah aku arep ngomong sesuatu karo awamu. Ndah saktenane aku tresna karo awamu aku sayang Ndah karo awamu. Awamu gelem dadi pacarku? ” ungkape Jibran tulus.
“ Hah apa Bran ? “ Indah kaget karo omongane Jibran.
“ Aku tenanan Ndah aku tresna karo awamu ” balene Jibran.
“ Hah piye yo Bran, aku nganggep awamuki wis kaya masku dhewe. Aku ndak duwe rasa luwih kambi awamu. Awake cukup kancanan wae kaya sakiki Bran ndak perlu pacar – pacaran . Sepurane Bran “ Panolakku kanthi alus.
“ Yo uwis yen kuwi kepinginanmu tak trima, nanging awake tetep kaya iki ya aja beda sakwise aku ngomong tresna marang awamu” penjulakkane Jibran.
“ Iya Bran, kanca wae luwih penak “ jawabku.
Sakwise ngomong kuwi banjur aku diterne mulih ning Jibran. Pas ning dalan ndak sengaja cetukan Sari. Bocahe eruh yen aku karo Jibran mulih bareng.
Isuke pas ning sekolahan Sari crita – crita ning bocah – bocah yen dekingi aku karo Jibran mulih bareng. Crita iki krungu ning kupinge Retno. Dheweke langsung mrengut lan kudu nesu. Pas aku karo Jibran melbu kelas bocah – bocah nyoraki cie – cie. Bocah ngirone yen aku karo Jibran kuwi pacaran, nanging saktenane ora. Aku amung sawang – sawangan karo Jibran ndak ngerti apa – apa.
“ Ret ana apa iki bocah – bocah kok padha nyoraki ki ? “ pitakonanku marang Retno.
“ Boh pikiren dhewe ra ngerti aku “ saurane Retno judes.
“ Ret awamu kok beda, ana apa Ret ? aku duwe salah karo awamu ye? “ aku bingung nyapo Retno malih beda.
Nanging pas aku ngomong ning Retno ora disauri malah ditinggal ngalih karo wajah sing ora trima.
Pas istirahat aku karo Jibran nyang kanti bareng, aku crita yen Retno konco sebangkuku malih beda ora gelem nyauri yen tak takoni sakiki malah sakiki mben cetuk an aku wonge ngalih. Retno eruh aku karo Jibran ning kantin bareng banjur marani.
“ Ooooooo, iki sing jeneng e kanca ? “ ujuk –ujuk Retno teka karo ngomong banter.
“ Apasih Ret maksudmu ? “ takonanku bingung.
“ Dasar kanca musiman, senengane ngrebuti teke wong kancane “ omonge Retno kasar.
“ Apa lo Ret apa aku ndak mudeng karo maksudmu “ aku tetep ora paham karo maksud e Retno.
“ Kelo jal takonono pacarmuke ana apa gen dijelasne cae “ Retno karo nunjuk Jibran banjur ngaleh sawise ngelek –ngelek aku.
Kantin sing awale rame maleh sepi ndak enek swarane padha nyawangi kedadean kuwi. Banjur aku takok sing sak tenane marang Jibra sing meneng wae kawet mau.
“ Ana apa iki Bran, ana apa iki sak tenane?” pitakonanku butuh kejelasan.
“ Ngene Ndah, sak durunge aku ngomongke rasaku menyang awamu. Si Retno luweh dipek ngungkapne rosone menyang aku lan tak tolak merga aku uwis dipek treso karo awamu ” penjelasane Jibran.
Aku sing ngrungokne penjelasane Jibran amung nangis lan ndak nyongko yen bocah sing idemeni konkoku kuwi Si Jibran kanca cedek lan uwis tak anggep mas dhewe.
“ Ret sepurane Ret aku ndak ngerti yen bocah sing kok maksud kuwi Jibran “ aku jaluk sepura marang Retno. Nanging ning Retno ora digape lan ora dirungoke malah ditinggal ngaleh.
Saka kedadean kuwi Retno ora takon –takon meneh lan ngenengi aku kurang luweh seminggunan. Sakiki panggone cae pindh karo bocah liyane malih ora karo aku meneh. Yen aku arep nglurusne kedadean iki mesti ora digape. Aku wis ndak betah karo kahanan iki sing meneng – menengan macak ora kenal siji marang sijine. Banjur aku ngejak Jibran lan Retno omong – omongan bareng gawe ngejelane sing sak tenane.
“ Ret reneo dilut aku arep ngomong sesuatu karo awamu “ pengajakku lan Jibran.
“ iya ana apa? “ saurane Retno sinis.
“ Ngene Ret iki ora sing kaya kok bayangne, aku karo Jibran iki ora eneng apa – apa. Jibran kuwi wis tak anggep kaya masku dhewe dadi ndak mungkin aku pacaran karo cae “ penjelasanku.
“Iyo Ret bener sing diomongne Indah aku ndak enek apa – apa karo cae, awake mung kancanan wae “ saute Jibran.
“ Aku ndak ngerti Ret yen bocah sing kok demeni kui Jibran. Yen awamu ngomong aku ya jaga jarak karo cae. Aku luwih mentingne kancaku timbang kekancanane awake bubrah kaya ngene iki Ret “ omongku karo mbrebes.
“ Ret sepurane Ret aku ngerti aku kliru “ saya deres eluhku.
“ Aku ya semunu Ret aku ya sepurane wis nolak awamu “ ungkape Jibran.
Retno sing ngrungokne kuwi ndak sengaja eluhe metu lan ngomong.
“ Saktenane aku ya ndak pingin awake meneng – menengan kaya ngene Ndah. Aku ngrasa enek sing kurang yen awake meneng – mengan ngene “ Retno meneng sedilut.
“ Aku meneng ora merga aku pegel karo awamu kabeh, nanging aku kaget karo sing tak sawang. Amarga ora nyangka bocah sing didemeni Jibran kuwi awamu Ndah “ lanjute Retno.
“ Sepurane Ret aku ndak ngerti” aku jaluk sepura kanthi tenanan.
“ Iya Ndah sepenuhe iki udu salahmu. Aku iki sing egois lan ndak iso nrima kenyataan. Aku ya jaluk sepurane cah gawe awamu kabeh “ Retno nyesel lan jaluk sepura.
“ Iya Ret padha – padha, muga –muga awake sak teruse ora ana masalah salah paham kaya iki meneh“ banjur aku Retno ngrangku siji lan sijine.
“ Wis – uwis aja nangis wae ayo padha guyu elek disawang yen padha nangis wae “ panghibure Jibran.
Akhire aku, Retno karo Jibran kekancan selawase tekan metu sekolah. Kabeh padha sibuk karo urusane dhewe – dhewe nanging komunikasi sesama ora tau putus lan saya akrab uga tansaya cedek siji karo sijine.

RAMPUNG

TUMUJU KEAPIKAN

Cahyaning rembulan ing wengi iku nyeritakke sawijining bocah kang urip ing deso kamulan. Jenenge Fatih urip saka keluarga tani, mula saka iku fatih niat kepengen sukses.Ing wengi iku fatih turu ing salah sijine pos ronda karo ngangen- ngangen apa sing diimpeni.
“Lek aku dadi wong sukses mungkin uripku kepenak”, karo nyawang langit-langit lan sui-sui fatih banjur turu.
Isuk-isuk Fatih tangi lan budal sekolah. Fatih sekolah ing SMAN 1 DURENAN seng sedelo maneh lulus, ing sekolahane fatih klebu bocah sregep lan pinter ing kelase, meskio ngono fatih iku bocah sing apik karo kancane. Ing kelase ono salah sijine bocah sing menehi fatih brosur beasiswa full ing ITS.
“He teh,,, iki aku ndue brosur menowo bermanfaat” Riko karo menehne brosur,
“Brosur opo iki ko, kok tulisane beasiswa neng ITS”
“Iku brosur beasiswa teh,menowo awakmu pingin nerusne neng its”
“Oh iyo”.
Sak bare iku fatih banjur mlaku-mlaku neng taman ing sekolahane disambi moco brosur, lan moro-moro
“BRU……KKKK”
“Eh ngapunten mbak mboten sengojo..”
“Nggeh mas mboten nopo-nopo” dewi mesem
“Eh mas niku nopo brosur beasiswa ing ITS”
“Nggeh mbak,sampeyan kok ngertos mbak”fatih matur
” hooh mas aku ngertii soal e aku yo ape njumuk iku”dewi matur
“oooo…….ngoten to mbak,berarti adewe setujuan”
“eh iya,ojo nyeluk aku mbak to mas,adewe lo sepelantaran, kenaln jeneng ku dewi aku kellas xii ips 4”
“oh nggih dew, kenanal no aku fatih saka kellas xii ips 5”

Sakwise iku fatih lan dewi ijol-ijolan nomer wa ne,mulai soko iku bocah loro iku chat an mbahas beasiswa ing ITS,chat e ndak enek putuse sampek beribu-ribu chat wa ne. Soyo suwi fatih lan dewi soyo cedek, saben mulih sekolah fatih lan dewi kerep ngerjakna tugas bareng, uga pas jamkos fatih lan dewi kerep neng perpus jagongan lan moco-moco buku disambi karo mbahas beasiswa sing ono ing ITS.

Ra krasa sui suwi uwis nyedeki wayahe UN, fatih lan dewi terus sinau bareng, lan akir e fatih lan dewi lulus kanti nilai kang apik. Sakwise pengumuman kelulusan fatih lan dewi budal ing surabaya kanggo nekani tes beasiswa ITS iku, Sak banjure iku fatih tas nyadar yen dewek e demen karo dewi. Ing sore iku fatih ngajak dewi jalan-jalan ing taman universitas. Wayah fatih jalan-jalan karo dewi cetukan karo bocah lanang lan selanjute dewi ngenalne ing fatih yen cah lanang iku pacare,Ora berpikir dowo fatih langsung ngalih tanpo noleh. Dewi bingung tapine dewi bingung ora iso ninggalne pacare. Pacare dewi nyekel tangane kanti caket. Sesuk e fatih gak tau manen chat karo dewi saben cetukan fatih cuek lan soyo ngadoh karo dewi. Ing atine fatih deweke abot ngadohi dewi senajan to ngono fatih kudu ngadoh karo dewi. Fatih ngerti yen deweke muk di golek i pas dewi butuh, Fatih milih mundur alon-alon fatih sadar yen deweke duk sapa-sapane lan lan dewi demene ora karo fatih nanging menyang bocah kae. Sorene dewi nemoni fatih sing lungguh ono ing taman karo moco buku

“Hee… Nyapo kok dek wingi sore moro-moro ngalih” dewi omong menyang fatih
“Ndak nyapo-nyapo” fatih langsung ngalih tanpo basa basi.

Saya suwi fatih saya bingung marang perasaan e. Fatih mikir dawa sampek akir e fateh manekne diri neng dewi tentang rasa neng dewi. Bengi iku fatih manekne chat dewi,fatih ngajak dewi ketemuah pas mulih kuliyah. Sesuk e sak wise mulih kuliah fatih ngajak dewi menyang taman ing sacedeke univ iku. Fatih gugup lan bingung mikir sido opo ora dewek e ngungkapke rasa ne iku.

“Dew.. adewe wis sui konconan, saman opo ora ngroso yen aku iki demen karo sman dew” fatih omong karo nguasne wajahe dewi
“Hmmm….. Jane aku krasa lo teh,tapine adewe sik kuliyah, oh iyo jane sing tak omongne neng sman sing pacarku ke jane ke ki masku”
Dewi omong menyang fatih karo setengah ngguyu
“Healah ternyata kae ki masmu ta” Fatih omong karo mesem
“Eh iyo teh adewe saiki trus pie” dewi muni
“Ngene ya aku lan awmu biasa ae, tapi adewe mikir kedepan gae masa depan e adewe tanpo pacaran,aku bakalan njumuk jalan sing apik kanggo sampeyan”
Fatih omong karo nyekel tangane dewi Saka iku fatih lan dewi apik maneh, fatih lan dewi cedek lan saya berpikir dewasa. Saka cerito iku iso disimpulne yen adewe iku kudu berfikir positif menyang kabeh uwong, lan ojo terlalu berfikir negatif marang pasangan, kanca ,keluarga lan dulur.

Menawi wonten kesalahan penukisan lan isi kang mulek kula nyuwun aggunging pangatsomo

TUMUJU KEAPIKAN
Penulis : ARYA ARDHIANZA YUNATO (05)
XII IPA 4
SMAN 1 DURENAN

Rancang situs seperti ini dengan WordPress.com
Mulai